You are on page 1of 3

PARIKAN

Kala wingi simbah tindak pasar Tindak pasar kaliyan pak parno Dadi wong iku kudu sabar Yen kepingin urip mulyo Ana blarak di anyam dadi klasa Dadi anak kudu hormat marang wong tuwo Sasi pasa sasine panen mentimun Yen paceklik anane amung kecipir Daripada urip digae ngelamun Luwih becik di gae dzikir Tuku dompyong ing pasar Menowo ngomong ojo kasar Binti tuku sepuluh bibit segawe Banjur ditandur ing sawah Urip ora ana artine Menawa ora pada ibadah Ana pitik netes sepuluh Mati siji dadi sanga Yen anan musibah ati kudu luluh Supaya bisa mbuka pintu suwarga Lugguh lungguh neng pinggir kali Unggah ungguh jo pada lali Kewan lawa ora ana gunane Doa ne wong tuwa akeh dikabulake Godong koro kembang kemangi Awak loro ora bisa tangi Neng ngarep omah jumeneng mangan arem arem Yen ati seneng urip bakal seneng Omah mewah neng pinggir dalan Ojo susah, urip mung sepisan Kacan kici kacang kenari Bocah siji mangkele ati Ngombe jamu marai awak kuru Nyawang esem mu marai aku ora bisa turu Maca buku karo turu Turu neng kamar sampek wengi Luwih becik lara untu Timbang ngrasakne lara ati Tuku wedang di adai angkir Isine teh campur kopi Urip iku ibarate muk mapir Mula kudu pada ngabekti Mlaku mlaku nganggo clana Tuku babat cacahe lima Tindakna sholat saben dina Amaraga sholat tiang agama Tuku blangkon neng kutha Ngawi Yen wis kelakon ora kena lali Bunder bunder kacang ijo Dibubur enak rasane Ayo konco aja podo nglokro Kareben ndang bar pakaryane Dauping temanten nganggo boga jenar Yen lamaran ana pangkas rikma Yen ora pengen uripe kesasar Aja ninggalne printahe agama Nata buku sing metiti Luwih becik sing ati ati Mlaku mlaku karo gowo buku Bukune warnane ungu Mbayangne anggonmu guyu Marai kangen atiku Brambang abang brambang putih Mbiyen sayang saiki wis malih

Gedang kayu dipangan Ana Ibuku ayu sak Indonesia

Mangan putu ngombe wedang jahe Bocah ayu wangi ambune Ana pelem ana besusu Nek maem aja kesusu Mi bihun gurih rasane Sambel bawang pedes rasane Kudu rukun karo kacane Kudu sayanag karo pacare Liburan yo liburan Budale numpak bis patas Pacaran yo pacaran Nanging kudu ngerti batas Bocah cilik dolanan gong Bar ditabuh suarane maleh Ojo sok rerasan wong Jebul salahe dewe luwih akeh Ning meja ana panganan Panganane jenenge jenang Yen sinau tenanan Ana ulangan mesti tenang Tuku tape ning Bondowoso Tuku iwak ning Surabaya Wong urip kudu rekasa Rekasa disik bar kuwi mulyo Mlaku mlaku nen pasar baru Dadi bocah ayu ojo sok kemayu Wit klapa disigar pak Seni Karo konco jo seneng ngapusi

Ana tikus cemplung selokan Bocah bagus gaene ngentutan Uyah kuwi rasane asin Asine kaya segara kene Senajan ra nduwe isin Ilang o kabeh iman taqwane Malaku mlaku neng Surabaya Numpak dokar karo ibuku Dadi o wong sing legawa Insya allah rejekine mlaku Iwak pitik dipangan kucing Bocah cilik gawene maling Ana nyamuk kecantol kawat Wis kecantol sikile loro Urip sugih utawa mlarat Wis digarisne sing kuasa Mlaku mlaku neng pasar Ngawi Ketemu kanca jenenge Ani Senajan pejabate kakehan korupsi Rakyate mlarat ora di urusi Dina minggu dina ahad Bapak lunga neng cibubur Yen kangen kirimo surat Aja nangis neng nduwur kasur Wit gedhang neng samping langgar Yen utang kudu dibayar

Kembang koro dipangan karo sukun Ayo konco podo guyub rukun Udan udan tuku kawat Ana adzan ayo ndang sholat Iwak peyek dele ireng Mbiyen ngenyek saiki seneng Iwak bawal ana ing kali Bocah nakal megelne ati

Kembang mawar kembang kenanga Pacar anyar lali kanca Bocah ayu Anake pak mantri Jo sok ngguya ngguyu Gawe gela ning ati

Godhong garing ana ulere Suara nyengkring ora ana wujude Kembang mawar julukane Sumrebak arum gandane Bocah iku ayu rupane Tur becik kelakuane Gula, manis rasane Kuciwa angel tambane

Bocah ayu bocahe sumeh Mlaku mlaku neng prapataan abang klambine Petuk konco aja sok dumeh Supayaa raket tali silaturahmine Tuku saputangan Neng pasar Grobokan Nadyan duit utangan Penting so mangan

Ana kuthuk dimangsa ula Kuthuk dicaplok kanthi kaku Sanajan to mung mampir sedela Ayem lan tentren ing atiku Mlaku-mlaku menyang pasar Tuku puro ora kebagian Nduwe ati ingkang jembar Mulyo urip ing bebrayan Ana boneka sing katon lucune Yen dipencet meong-meong kuwi suarane Ilmu iku ora ana gunane Menawa ora diajarne marang liyane Omah gedhe ora ana cagake Katon pintere, nanging ala ungah-ungguhe Ora ana lintang ing wengi iku Kajaba anamung krasa ademe Ayo para kanca gek sregep ngaji Kanggo sangu sira ing akherate

Delok wayang dalange pak Anom Sing delok tibake antri dawa Ayo ngaji mumpun isih enom Mengko nek nelangsa yen wis tuwa Kembang gedhang enak dipangan Mangane karo nonton wayang Timbang goncengan neng sarangan Mending kanca pada sembahyang Lemah iku padaa teles Ananging ora ana udane Para pemuda sing males males Ugi sengsara ing mburine

You might also like