You are on page 1of 1

SYIIRAN TANPO WATON

Ngawiti ingsun nglalar Syiiran Kelawan muji marang Pangeran Kang paring Rohmat lan Kenikmatan ( Rino wengine tanpo Pitungan ) 2X Duh poro konco priyo wanito Ojo mung ngaji syariat bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco ( Tembe mburine bakal sengsoro ) 2X Akeh kang apal Quran Hadise Seneng ngafirke marang liyane Kafire dhewe gak digatekke ( Yen isih kator ati akale ) 2X Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepahese gebyare donya Iri lan meri sugihe tonggo ( Mulo atine peteng lan nistho ) 2X Ayo sedulur jo nglalekke Wajibe ngaji sak pranatane Tur ngandelake Iman Taukhite ( Baguse sangu mulyo matine ) 2X Kang aran Sholeh bagus atine Karono mapan sari ngilmune Laku Thoriqot lan Makrifate ( Ugo Haqiqot manjing rosone ) 2X Al Quran Qodim Wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan Guru Waskito ( Den tancepake ing jero dhodho ) 2X Kumanthil ati lan pikiran Mrasuk ing badan lan ing jerohan Hadise Rosul dadi pedhoman ( Minongko dalan manjinge iman ) 2X Kelawan Allah kang Moho Suci Dadi rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyazhohi ( Dzikir lan suluk jo nganti lali ) 2X Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondho yen iman Sabar narimo najan pas-pasan ( Kabeh tinakdir saking Pangeran ) 2X Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podho rukun ojo daksiyo Iku sunahe Rosul kang mulyo ( Nabi Muhammad panutan kito ) 2X Ayo nglakoni sakabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto lahire ( Ananging Mulyo makom drajate ) 2X Luhur palastro ing pungkasane Ora kesasar Roh lan Sukmane Den gadhang Allah Swargo Panggone ( Utuh Mayite ugo ulese ) 2x

You might also like