You are on page 1of 1

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran Tanah Jawa kalungan wesi Prahu mlaku ing dhuwur

awang-awang Kali ilang kedhunge Pasar ilang kumandhang Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak Bumi saya suwe saya mengkeret Sekilan bumi dipajeki Jaran doyan mangan sambel Wong wadon nganggo pakeyan lanang Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman Akeh janji ora ditetepi keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe Manungsa padha seneng nyalah Ora ngendahake hukum Hyang Widhi Barang jahat diangkat-angkat. Barang suci dibenci. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit. Lali kamanungsan. Lali kabecikan. Lali sanak lali kadang. Akeh bapa lali anak. Akeh anak wani nglawan ibu. Nantang bapa. Sedulur padha cidra. Kulawarga padha curiga . Kanca dadi mungsuh . Akeh manungsa lali asale . Ukuman Ratu ora adil Akeh pangkat sing jahat lan ganjil Akeh kelakuan sing ganjil Wong apik-apik padha kapencil Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin . Luwih utama ngapusi . Wegah nyambut gawe . Kepingin urip mewah . Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka . Wong bener thenger-thenger Wong salah bungah Wong apik ditampik-tampik Wong jahat munggah pangkat Wong agung kasinggung Wong ala kapuja Wong wadon ilang kawirangane Wong lanang ilang kaprawirane Akeh wong lanang ora duwe bojo Akeh wong wadon ora setya marang bojone Akeh ibu padha ngedol anake Akeh wong wadon ngedol awake Akeh wong ijol bebojo Wong wadon nunggang jaran

You might also like