You are on page 1of 2

MADYA RATRI

Sidhem pranaweng ndalu tan wonten janma lumaku, ingkang kawuryan muhung sasangka sumewa ginarebeg ing raranggana. Tanggap sang buron ratri panjrahing kartika, sanalika samya sumebar liru memangsan sinartan muni gilir gumanti. Manjing tengahing dalu, lamun kadulu hamung sumunu prabane lintang luku. Mabukuh kang lintang wuluh dadya pituduh gumantining pranata mangsa. Kidul prenahe Lanjar ngirim gubug penceng hangawe-awe. Lamun cinandra prenahing sudama, yayah remaja kang lagya karonsih. Hing tengah katingal ngaglah kadya sang Bima kang lagya kurda nuweg tutuking naga, anenggih punika sekaring pepasren ing madya ratri, awasta lintang Bimasekti. Nalika semana hanyarengi mangsa ketiga. Tis-tis sundha gagak baka, kekes kaworan atis labet kaprebawan dening Hywang Bayu ingkang lumaksana nyrambahi isining bawana. Dupi sasangka mangransang manguk imbanging hardi, bang wetan ingkang nelahi, sung sasmita lamun wancine wus gagat enjang. Gentya lintang panjer rina sumewa, dadya
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

dutaning Arka kang arsa siniwaka. Risaksana Hywang Candra manjing ancala, lawa kalong wangsul mring pandhelikanira, rame kapyarsi jago kluruk gilir gumanti. Desa-desa banjar dawa wus katingal ngegla, dadya gumyak peksi manyura samya mataya. Anglur selur para warga kang arsa makarti, sayuk rukun ingkang den esthi, punika dadya palupi lamun luhuring budi muhung hanganthi lumadining tatakrami. Wauta, anyarkara nyarengi pletheking surya, katingal ki Lurah Petruk asung pasemon, lumantar sendhon sindhen klayan lelagon hangesthi tata tentrem kerta raharja bisa kelakon. Mangkana Kyai Lurah Petruk thethenguk, nglungguhi tikar sarwi nyekar dhandhanggula.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like