You are on page 1of 20

1 TEMBANG DANDANG GULA

1. Ana kidung rumeksa ing wengi teguh aju luputa ing lara Luputa bilai kabeh Djin setan datan purun, peneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong ala, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna, 2. Sakehing lara pan samja bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing bradja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak luput, kaju aeng lemah sangar, songing landak guwane wong lemah miring, mjang pakiponing merak, 3. Pagupakaning warak sakalir, nadyan artja mjang sagara asat, temahan rahaju kabeh, apan sarira aju, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam untekku Bagenda Esis pangutjapku ja Musa, 4. Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Jakup pamijarsa ningwang Jusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, nDjeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim njawa, Edris ing rambutku, Bagenda-Li kulit-ingwang, getih daging Abu-Bakar Ngumar singgih, balung bagenda ngusman, 5. Sungsum-ingsun Patimah linuwih, Siti Aminah banjuning angga, Ajub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing djedjantung, Nabi Junus ing otot mami, Netraku ja Mochammad, pamuluku Rasul, pinajungan adam sarak, sampun pepak saakatahig para Nabi, dadya sarira tunggal, 6. Widji sawidji mulane dadi, apan pentjar saisining djagad, kasamadan dening Date, kang matja kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ajuning badan, kinarja sesembur, jen winatjakna ing toja, kinarja dus rara tuwa gelis kaki, wong edan nuli waras, 7. Lamun ana wong kadenda kaki wong kabanda wong kabotan utang, jogja watjanen den-age, nalika tengah dalu, ping sawelas watjanen singgih, luar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Sukma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras,

2
lamun dipun apalena kidung iku den-tutug pada sawengi, adoh pangawe ala, 12. Lawan rineksa dening Hyang Widi, sakarsane tinekan dening Hyang, rineksa ing djanma kabeh, kang matja kang angrungu, kang anurat myang kang nimpeni, jen ora bisa matja, simpenana iku, temah aju kang sarira, jen linakon dinulur sasedyaneki lan rineksa dening Hyang, 13. Kang sinedya tinekan Hyang Widi, kang kinarsan dumadakan kena, tur sinijan ing Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun nedya mudja semedi, sasadji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal djati swara awor ing Artati, aran Sekar-djempina, 14. Somahira ingaran Pendjari, mila urip lawan mila pedjah, tan pisah ing saparane, pari purna satuhu, anir mala waluja djati, kena ing kena kana, ing wasananipun, adjudjuluk Adi-Suksma, tjaja ening djumeneng aneng Atarti, anom tan kena tuwa, 15. Panunggale kawula lan Gusti, Nila ening arane duk gesang, duk mati nila arane, lan Suksma-ngumbareku,

8. Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sadina sawengi, iderana galengane, watjanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, wateken ing sekul, antuka limang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahaju ing pajudan, 9. Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insa Allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rakjatira, saking sawabing ngelmu pangiketmami, duk eneng Kali-Djaga, 10. Ana kidung reke angartati, sapa weruh reke aran-ingwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk eneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping tiga, Arta daja tengsun, aran ingsun duk djadjaka, Ki Artati mangke aran ingsun ngalih sapa weruh aran ingwang 11. Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke arta daja, tunggal pantjer sauripe, sapa weruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sadjagad, kang ngidung iku,

3
ing asmara Mong-raga Jekti, 19. Ana kaju apurwa sawidji, durung darbe paparap, wit bawana epang keblat papat, duk rarene iku, agodong mega rumembe awajah bisa dodolanan, apradapa kukuwung, aran Sang Hyang Djan ta Sang Artati, kembang lintang salaga langit, jeku Sang Arta-daja, sami andaru kilat, woh surja lan tengsu, 16. Dadya wisa mangkja amartani, asirat bun lawan udan, lamun marta atemahan wisa, apuputjak akasa bungkah pratiwi, marta Arta-daja rane, ojode baju badjra, duk lagya aneng gunung, ngalih aran Asmara-Djati, 20. Wiwitane duk anemu tjandi, wajah tumekang tuwa, gegodongan miwah wewerangkan, emut ibunipun, sihing Hyang kabesmi kabeh, ni Pandjari lunga ngetan, tan ana djanma kang wruh, ki Artati nurut gigiring Merapi, jen weruha purwane dadi, amulja mring Sundara, tjandi sagara wetan, ingobar karuhun, 17. Ana pandita akarja wangsit, kajangane Sang Hyang tunggal, minda kembang angadjab ing tawang, sapa reke kang djumeneng mung susuh angin ngendi nggone, Artati, lawan galihing kangkung, katon tengahing tawang, wekasane langit djaladri, sining wuluh wungwang, 21. Gunung Agung sagara Serandil, lan gigiring punglu, langit ingkang amengku buwana, tapaking kontul anglajang, kawruh ana ing artine, manuk miber uluke ngungkuli langit, gunung sagara umung, kusuma ndjrahing tawang. guntur sirna amengku bumi, ruk kang langit buwana, 18. Ngambil banju apikulan warih, dadya weruh iku, amet geni sarwi adadamar, mudya madyaning ngawijat, kodok ngemuli elenge, mangasrama ing gunung agung miwah kang banju dikum, sabumi, myang dahana murup kabesmi, tjandi-tjandi sagara, bumi pinetak ingkang, pawono kedjub, 22. Gunung luhure kagiri-giri, tanggal pisan kapurnaman, sagara agung datnpa sama, jen anenun sentek pisan anigasi, pan sampun kawruhan reke, kudo ngarah ing pandengan, Arta-daja puniku, datan kena tjinakreng budi, anging kang sampun prapta,

4
ing kuwasanipun, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandap mjang nginggil, kapurba kawisesa, 23. Bumi sagara gunung mjang kali, sagung ingkang senining bawana, kasor ing Arta-dajane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Arta-daja, dadya teguh timbul, lan dadi palijasing prang, jen lulungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah, 24. Djim peri prajangan pada wedi, mendak asih sakehing dubriksa, rumeksa sijang dalune, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan rahardja, kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya betjik basuki, kang sinedya waluja, 25. Siang dalu rineksa ing wengi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidep ing djanma kabeh, aran wikuning wiku wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, paparab Hyang Tega-lana, kang asimpen jen tuwadjuh djroning ati, kalising pantja baja, 26. Jen kinarja atunggu wong sakit, edjim setan datan wani ngumbah, rineksa mala-ekate, nabi wali angepung, sakeh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara-mara mati, tumpes tapis sadaja, 27. Ana kidung angidung ing wengi, babaratan duk amrem winatja, Syang Hyang Guru pangadeke, lumaku Sang Hyang Aju, alembahan Asmara-ening, ngadek pangawak tedja, kang angidung iku, jen kinarja angawula, mjang lulungan gusti geting dadi asih, sato setan sumimpang, 28. Sakatahe upas tawa sami, lara roga waluja nirmala, tulak tunggul kang menggawe, duduk samya kawangsul, akawurjan sagunging pikir, ngadam makdum sadaja, datan padja ngrungu, pangutjap lawan pangrasa, mjang tumingal kang sedya tumekang napi, pangreksaning mala-ekat, 29. Djabarail ingkang animbangi, milanira katetepan iman, pan dadya kandel ngatine, Ngijraile puniku, kan grumeksa ing ati suktji, Israpil dadi damar, madangi djrokalbu,

5
Mingkail kang asung sandang, lawan pangan tinekan ingkang kinapti, sabar lawan narima, 30. Ja hundaknjeng pamudjining wengi, bale aras sesakane mulja, Kirun saka tengen nggone, Wanak run kang tunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawe ala, satru lawan mungsuh, panggeret tengadjul ridjal, ander ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga, 31. Dudur molo tengajatul kursi, lungguh neng atine surat amngam, pangleburan lara kabeh, usuk-usuk ing luhur, ingkang aran wesi ngalarik, neggih Nabi Mochammad, kang wekasan iku, atunggu ratri lan sijang, kinedepan ing tumuwuh pada asih, tunduk mendak maring wang, 32. Satru munggsuh mundur pada wedi, pemindangan ing betal mukadas, tulak balik pangreksane, pan Nabi patang puluh, paring wahju mring awak-mami, apan Nabi wekasan, sabda Nabi Dawud, apatek Bagenda Ambyah, kinawedon Belis lanat lawan Edjim, tan ana wani perak, 33. Pepajone godong dukut langit, tali barat kumendung ing tawang, tinunda tan katon mangke, aradjeg gunung sewu, djala sutra ing luhur mami, kabeh pada rumeksa, angadangi mungsuh, anulak panggawe ala, lara roga sumingkir kalangkung tebih, luput kang wisa guna, 34. Gunung sewu dadya pager-mami, katon murub kang samya tumingal, sakeh lara sirna kabeh, luput ing tudju teluh, taraknjana tenung djalenggi, bubar ambjur suminggah, Sri Sedana lulut, punika sih rahmatullah, rahmat djati djumeneng wali djasmani, ija Sang Djati-mulja, 35. Ingaranan Rara Subaning-sih, kang tumingal samya sih sadaja, kedep sapari polaha, keh lara sirna larut, tan tumama ing awak mami, kang sangar dadi tawa, kang geting sih lulut, saking dawuh Sipat Rahman, ija rahmat rahaju pangreksaneki, sarana nganggo metak, 36. Jen lumampah kang mulat awingwrin, singa-barong kang pada rumeksa, gadjah meta neng wurine, matjan gembong ing ngajun, naga radja ing kanan-kering, singa mulat djrih tresna, marang awak-ingsun, djim setan lawan manungsa, pada kedep teluh lawan antu bumi, adjrih lumaju ngintar,

6
37. Jen sinimpen tawa barang kalir upas bruwang radjun bandjar sirna, temah kalis sabarang reh, djemparing towok putung, pan anglejang tumibeng siti, miwah saliring bradja, tan tumama mring sun, tjentak tjupet dawa tuna, miwah sambang setan tenung pada bali, kedep wedi maring wang, 38. Ana paksi mangu bumi langit, manuk iku endah warnanira, Sagara eroh wastane, uripe manuk iku, amimbuhi ing djagad iki, warnanipun sakawan, sikile wowolu, kulite iku sarengat, getihipun tarekat ingkang sedjati, ototipun kakekat, 39. Dagingipun makripat sadjati, tjutjukipun sadjatining sadad, eledan tokit wastane, ana dene kang manuk, pupusuhe supijah neggih, amperune amarah, mutmainah djantung, luwamah waduke ika, manuk iku anjawa papat winilis, nenggih manuk punika, 40. Uninipun Djabarail singgih, sotjanipun punika kumala, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun Tursina nenggih, angaub soring aras, karna kalihipun, ing gunung Arpat punika, uluwijah ing lohkalani wastaneki, ing gunung Manik-maja, 41. Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken satjiptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adi ari ari ika, kang majungi ing laku kawasaneki, nekaken pangarah, 42. Punang getih ing raina wengi, ngrerewangi Allah kang kuwasa, andadekaken karsane, puser kawasanipun, nguju-uju sabawa mami, nuruti ing paneda, kawasanireku, djangkep kadang ingsun papat, kalimane pantjer wus dadi sawidji, tunggal sawudjud ingwang, 43. Jeku kadang-ingsun kang umidjil, saking marga-ina sareng samya, sadina awor enggone, sakawan kadang-ingsun, ingkang nora umidjil saking, marga-ina punika, kumpule lan ingsun, dadya makdum sarpin sira, wawajangan ing Dat samya dadya kanti, saparan datan pisah, 44. Jen angidung poma den mametri, mumuleja sego golong lima, takir pontang wawadahe,

7
ulam-ulamanipun, ulam tasik rawa lan kali, ping pat iwak bangawan, mawa gantal iku, rongsupit winungkus samya apan dadya sawungkus arta saduwit, sawungkuse punika, 45. Tumpangena neng pontangnja sami, dadya limang wungkus pontang lima, sinung sekar tjempakane, loro sapontanganipun, kembang boreh dupa jwa lali, memetri udiubira, donganira Mahmut, poma dipun-lakonana, saben dina nudju kalahiraneki, agung sawabe ika, 46. Balik lamun ora den lakoni, kadangira pan pada ngretjana, temah udarasa tjiptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kirang temenira, madep laku iku den-awas den-eling, tamat ingkang kidungan, TEMBANG SINOM 1. Apurnen sun angetang, lelembut ing tanah Djawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dedemit, agung sawabe ugi, jen apal sadajanipun, kena ginawe tulak, kinarja tunggu wong sakit, kaju aeng lemah sangar dadi tawa,

2. Kang karijin ing mbang wetan, Durganeluh Maospait, lawan radja Baureksa, iku ratuning dedemit, Belambangan winarni, awasta sang Balabatu, kang rumeksa Blambangan, Buta Lotjaja Kediri, Prabu Jeksa kang rumeksa Giripura, 3. Sidakare ing Patjitan, Keduwung si Klentingmungil, Hendrajeksa ing Magetan, Djenggala si Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Panggung si Abur-abur, Sapudjagad ing Djipang, Madijun sang Kala-jekti, pan si koreg lelembut ing Panaraga, 4. Singabarong Djagaraga, Madjenang Trenggiling wesi, Matjan-guguh ing Grobogan, Kaladjohar Singasari, Srengat si Barukuping, Balitar si Balukatung, Buta Kroda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Tjarup-awor kang rumeksa ing Lamongan, 5. Gurnita ing Puspalaja, si Lengkur ing Tilamputih, si Lantjuk aneng Blora, Gambiran sang Kaladurgi, Kedunggede Ni Djenggi, Ing Batang si Klewer iku, Nglasem Kalaprahara, Sidaju si Dandangmurti, Widalangkah ing Tjandi kajanganira,

8
Buta Tukang ingkang aneng Pelajangan, 10. Rasa Amis aneng Tawang, ing Tidar si Kalasekti, Madaretna ing Sundara, Djalela ing ardi Sumbing, Ngungrungan Sidamurti, Terapa ardi Merbabu, Lirbangsan ardi Kombang, Prabu Djaka ardi Kelir, Adji Dipa ardi Kendeng kang denreksa, 11. Ing Pasisir Buta Kala, Telatjap Ki Kala-sekti, Kala Nadah ing Tojamas, Segaluh aran si Rendil, Bandjaran ki Wesasi, si Korok aneng Lowanu, gunung Duk Genijara, Bok Bareng Parang-taritis, Drembomoa ingkang aneng Purbolinggo, 12. Si Kreta Karangbolongan, Kedung Winong Andongsari, ing Djenu si Karungkala, ing Pengging Bandjaransari, Pagelen kang winarni, aran Kiyai Tjandralatu, Ardi Kendali sada, Ketek putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Ngajah kajanganira, 13. Rara Denok aneng Demak, si Batitit aneng Tubin, Djual-patjal ing Talsinga, ing Tremas Kujang nenggani, Trenggalek Ni Daruni, si Kuntjung Tjemarasewu,

6. Semarang Baratkatiga, Pekalongan Gunturgeni, Pemalang Ki Sembungjuda, Suwarda ing Sukowati, ing Tandes njai Ragil, Djajalelana ing Suruh, Buta Trenggiling Tanggal, ing Kendal si Gunting-geni, Kaliwungu Gutuk-api kang rumeksa, 7. Magelang Si Samaita, Dadung awuk Brebes nenggih, ing Padjang Buta Salewah, Manda-manda ing Matawis, Paleret Radjeg-wesi, Kutagede Njai Panggung, Pragota Kartasura, Tjarebon Setan Kaberi, Djurutaman ingkang aneng Tegallajang, 8. Genawati ing Siluman, Kemandang Waringin-putih, si Kareteg Padjadjaran, Sapuregol ing Batawi, Waru suli Warigin, ingkang aneng Gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang aneng ing Tandjungbang, 9. Setan Kareteg ing sendang, Pamasuan Sapu-Angin, Kresnapada ing Rangkutan, Wandansari ing Tarisig, kang aneng Wanapeti, Malangkarsa namanipun, Sawahan Ki Sandungan, Pelabuhan Dukuhwarih,

9
Kala dadung Bentongan, si Asmara aneng Tadji, Bagus-anom ing Kudus kajanganira, 14. Magiri si Manglar Munga, ing Gading si Puspa-kati, Tjutjuk-kandang ing Kartika, Kula-warga Tasikwedi, kali Opak winarni, Sangga-buwana ranipun. Pak Ketjek Padjarakan, Tjing-tjing goling Kalibening, ing Dahrama Karawelang kang rumeksa, 15. Kang aneng waru landejan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasu-djajan Udan-riris, Widanangah Dalepin, si Gadung Kedung Garunggung, kang aneng Kabarejan, Tjitranaja kang nenggani, Genaputra ingkang aneng Madjaraga, 16. Logedjang aneng Djuwana, ing Rembang si Badjulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta-Garigis, kang aneng ing Matesih, Djaranpanolih ranipun, si Gober Petjangakan Danapi ing Djatisari, Abar-abir ingkang aneng Djatimalang, 17. Arja Tiron ing Lodaja, Sarpabangsa aneng Pening, Perangtandang ing Kesanga, ing Kuwu si Ondar-andir, Setan Telaga-pasir, ingkang aran si Djalilung, Kala-Ngandang ing Tuntang, Bantjuri Kala Bantjuring, kang angreksa sukuning ardi Baita, 18. Rara Dungik Randu Lawang, ing Sendang Retna Pangasih, Buta Kepala Prambanan, Bok Sampur neng Ardi Wilis, Raden Galanggang-djati, aneng ardi Gadjah-mungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel Rahaden Pandji, Pager-wadja Rahaden Kusumajuda, 19. Si Pentul aneng Katjangan, Petjabakan Dodol Kawit, kalangkung kasektenira, titihane djaran putih, klatjakra pajung neki, larwadja kekemulipun, pan samya rinadjegan, respati radjege wesi, tjametine pat-upate ula lanang. 20. Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mangetan, mangidul panjabet-neki, na lara teka bali, tinulak bali mangidul, ngulon panjabetnira, ana lara teka bali, pan tinulak mangandap bali kang lara, 21. Mangalor panjabetnira, ana lara teka bali, tinulak ngalor parannja, manginggil panjabet-neki, na lara teka bali, tinulak bali manduwur, mangisor panjabetnja,

10
ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara, 22. Demit kang aneng Djepara, kalawan kang aneng Pati, kalangkung kasektenira, keringan samaning demit, ing Ngrema Tambaksuli, Juda peksa ing Delanggu, si Kluntung ing Djepara, Gambir-anom aneng pati, si Ketjubung Kadilangu kang denreksa, 23. Rara Duleg ing Mantjingan, Guwa Langse Radja Putri, Kang rumeksa Parang-welang, Raden Arja Djajengwesti, kabeh urut pasisir, kulo warga Njai Kidul, sampun pepak sadaja, para pramungkaning demit, nungsa Djawa paugeran kang rumeksa, 24. Gantya ingkang winursita, danjang kang ngreksa nagari, djroning pradja Surakarta, ingkang pinurwa ing kawi, andana pangreksaning, kang ngripta wilapa kidung, Kjai Rangga-Sutrasna, ngemban timbalan Sang Adji, kang djumeneng Paku Buwana ping gangsal, den-dohna tulak sarike, ngetang sangune lelembat, kang kareh Goplem ika, demit lit-alit sandarum, pan dede demit pra radja, 2. Setan brekasakan sami, si Goplem ditya kebajan, demit djro karaton kabeh, sawabe kinarja tengga, wong sakit budur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas, 3. Gedong-upas kang neggani, Kala-djanggol-singkirannja, kang ngreksa Ringin kembare, Kala Sogoksilit ika, si Biti ing Pandejan, lawan si Gutul-pinanggul, si Angklung aneng gapura, 4. Si Lengur Waringin kalih, Badjang Klewer ngreksa Gladak, Djim putih ing Mesdjid Gede, Kjai Gotil Padjeksan, Plentung Mangku-Bumenan, Djungkit Patihan nggenipun, Kjai Modin Bumi-Natan, 5. Tambur Panggonannggoneki, Badjang-angkrik Tepasanan, Bagus Bengkak rumeksane, ing paseban Prang Wadanan, Gutik ing Pamurakan, si Bodong Lodji nggenipun, Bagus Keret ing Plenggahan, 6. Ing Kareteg Were-gerit, Gandor Lodji tjilik nggennja, Bangkrah aneng dadalane,

TEMBANG ASMARA-DANA 1. Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila,

11
Pak Tekik aneng Patjinan, Angkrik ing Pasar-Besar, kang rumeksa aneng Punggung, Djebres wasta ki Balentang, 7. Gus Lampor Djagalan menggih, Ki Busik ing Wana-redja, Ki Londet ing Krapyak nggone, Balatdir ing Kentingan, Lengkrah Putjangsawitan, Ketek-ketek aneng Djurug, ing Beton si Kalanadah, 8. Lodji kebon Uwil-uwil, Tengklik Tjotjor-Keter rannja, Mele Paketjohan nggone, Busikmelik Kaluraman, si Djrangkong ing Pendjalan, Kotes Sawahan nggenipun, Buta Piti aneng Sangkrah, 9. Ing Ganggang Bletutur nenggih, Patunggon si Basah lungkrah, Sanasewu dadanjange, Bok Suwenggi wastanira, Kopral djulik Sampangan, wus tamat sasaneng tembung, pamanguning padanjangan, 10. Gantya kang punuweng kawi, kalamun darbe atmadja, djalu estri datan pae, nggenira amrih kamuljan, ajwaona kang pepeka, lela-lelanen ing kidung, kinanti kalis ing sawan, TEMBANG KINANTI 1. Jen anangis lare iku, lela-lelanen lan dikir, supaja doh ka lalara, sarap sawane tan wani, saking rahmating Hyang Suksma, lan supangate Djeng Nabi, 2. Winatjaha pudji iku, setane lumaju nggendring, sarap sawane sumimpang, kala-kalane sumingkir, tjatjing ratjak pada mendak, kremi kruma pada mati, 3. Pitik tulak pitik tukung, tutulaking djabang baji, ngedohaken tjatjing ratjak, sarap sawane sumingkir, situkung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi, 4. Si djabang baji puniku, kekasihira Hyang Widi, rineksa ing Malaekat, den-emong ing Widadari, pinajungan ing Hyang Suksma, kinebutan para Nabi, 5. Sakatahe wali kutub, ngulama lan para mukmin, samya angreksa ki djabang, mila tebih ing sasakit, sirna larane ki djabang, walagang slamet ki baji, 6. Ana kindjeng nangis mabur, mentjok aneng sela ardi, myarsa tangise ki djabang, gya prapta amerepeki,

12
arsa njuwuk kang lalara, ngalingi sarwi djampeni. 7. Punapa ta djampinipun, godong asrah ing Hyang Widi, berambang lembabing manah, temu temahing ati, adas ujah siring nala, mung salawat pudji dikir, 8. Tegese dikir puniku, manut marang kandjeng Nabi, Mochammad Dinil Mustapa, kalawan maknane dikir, eling mring Pangeranira, kang Agung kang Maha Suktji, 9. Mangkana ta donganipun, alahuma adam sarpin, kaheru huwal kamolah, wadjibuhu ngalaihi, warabbuhu kajat tullah, tjep maneng adja anangis, 10. Sapa manglong-manglong iku, aneng wetan tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu adjag, tandesna marang djaladri, 11. Jen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, jen asu adjag wus mati, balija maling aguna, reksanen si djabang baji, 12. Sapa manglong-manglong iku, aneng kidul tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu adjag, tandesna marang djaladri, 13. Jen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, jen asu adjag wus mati, balija maling aguna, reksanen si djabang baji, 14. Sapa manglong-manglong iku, aneng kulon tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu adjag, tandesna marang djaladri, 15. Jen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, jen asu adjag wus mati, balija maling aguna, reksanen si djabang baji, 16. Sapa manglong-manglong iku, aneng elor tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu adjag, tandesna marang djaladri, 17. Jen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, jen asu adjag wus mati, balija maling aguna, reksanen si djabang baji, 18. Sapa ana lungguh iku, aneng kiwa-ningsun guling,

13
apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang djaladri, 19. Sapa ana lungguh iku, aneng tengen-ingsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang djaladri, 20. Sapa ana lungguh iku, aneng dagan-ingsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang djaladri, 21. Sapa ana lungguh iku, Ulon-ulon-ingsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang djaladri, 22. Sapa kowe mungak-minguk, apa si Badjing-akikik, kinongkon Adji-plampang, arsa mrawaseng adjurit, pajo-burunen-den aglis, 23. Tundungen dimene mumbul, sumengka ing awijati, jen wis adoh tan katingal, sigra balija den aglis, miluwa maling aguna, angreksa si djabang baji, 24. Apa swarane gumludug, kadya lindu gondjang-gandjing, lajak si Bledug-kasanga, pada atanding kuwanin, kalawan sapi gumarang, pajo buraken den aglis, 25. Jen wis sumengka manduwur, sira balija tumuli, ngumpula si Adji plampang, atunggu si djabang baji, ingsun matak adji dipa, ingsun tuduh anggoleki, 26. Burunen tjeleng Demalung, tudungen dimen manginggil, jen wus ora katingal, sira balija den-aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun djabang baji, 27. Dadya tutulak tanggul, adja na kang wani-wani, tjatjing ratjak sarap sawan, sumingkira ingkang tebih, karija guna juwana, utama bekti besuki, 28. Widada dawa kang umur, katjukupan sandang bukti, ntuk wahju begdja daulat, dradjad nugrahaning Widi, tjepak djatu kramanira, ojod arondon lestari, 29. Sawengi adja ana turu, adohna sakeh bilahi, singkirna sakeh ing lara, tulak sarik samya kandih, balija nudju wetonnja, si djabang amales betjik,

14
30. Gantya mangke kang winuwus, nunggal angile wong luwih, ngukarani pupudjian, tutulaking djabang baji, sinawung juda-kenaka, mamrih rahajuning urip, amulja mring tawang towang pradjamu, eblise jwa kari karang, kulhu balik bolak balik, 5. Ana kanung lor sangkanja, Nunggang gadjah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan berkasakan, amulja mring tawang towang pradjamu, eblise jwa kari karang, kulhu balik bolak balik, 6. Ambalik marang awaknja, mbalik marang djasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap punika gentya winuwus, arane saran den-utjap, sagung kama salah sami, 7. Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon plajune demit, jwa wuruk sudi maring sun, jwa marang kaki djabang, sarap wangke sarap sedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal-neki, 8. Samya geger setan wetan, anrus djagad kulon plajune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, eblis setan berkasakan adjur luluh, ki djabang baji wus mulja, liwat siratal-mustakim, 9. Geger setan kidul samya, anrus djagad elor plajune demit,

TEMBANG PANGKUR 1. Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku singa asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntut, pada sira suminggaha, mulja mring asal-mulja, 2. Ana kanung saka wetan, nunggang gadjah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan berkasakan, amulja mring tawang towang pradjamu, eblise jwa kari karang, kulhu balik bolak balik, 3. Na kanung kidul sangkanja, Nunggang gadjah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan berkasakan, amulja mring tawang towang pradjamu, eblise jwa kari karang, kulhu balik bolak balik, 4. Na kanung kulon sangkanja, Nunggang gadjah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan berkasakan,

15
kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, eblis setan berkasakan adjur luluh, ki djabang baji wus mulja, liwat siratal-mustakim, 10. Adjiku gadjah pamudya, kebo dungkul brama rep-sirep sami, sirepa lalara iku, asuwung tjantung djagad, tuting mata-mata liring manik-ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi, 11. Tibakna mring djanma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikn, sun angadeg satengahing sagara gung, palinggihku lintang djohar, ingkang ingsun sedya dadi, 12. Tan pegat pamudji mantra, pun Djaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Muchammad rasulullah, salalahu ngalahi wa-salamu, wa ngalaekum wa salam, gantya manising pudji, langgeng tur murba misesa, Maha Sutji anggandjar paring redjeki, aniksa angapura, 2. Kaping kalih wa mala-ekati, tegesipun patjaja malaekat, anapun ika tegese, ingutus ing Hyang Agung, pakarjane anunulisi, marang kawulanira, kang dosa lit agung, kang karja purba wisesa, neka-neka gawene sawidji-sawidji, sakahe malaekat, 3. Kaping tigane wakutubihi, tegesipun prajaja ing kitab, kan tinurunaken kabeh, kitab Adam sepuluh, Nabi Esis seket winilis, anenggih ponang kitab, Idris telung puluh, Ibrahim sapuluh kitab, Toret Musa Dawud Djabur Ngisa Indjil, kitab Kuran Mochammad, 4. Jogja sira kawruhana saim, muga-muga antuka supangat, ija iku andikane, Gusti ndjeng Nabi Rasul, Sinung rahmat dening Hyang Widi, sing sapa ngapalena, den padakken asidekah, saben warsa sami lan wong munggah kadji, sapisan marang Mekah, 5. Lan den-dohken sakehing bilahi, sinung rahmat donja ing aherat, sarta linebur ing dosane,

TEMBANG DANDANG GULA 1. Sipat iman wa mantu bilahi, tegesipun pratjaja ing Allah, ing Pangeran sadjatine, ja Pangeran kang Agung, kang akarja bumi lan langit, angganjar lawan niksa, mring manungsa sagung,

16
lan malih sawabipun, lamun ana djanma kang sakit, la sira watjakna, ngulon-ulonipun, ngalamat ingkang alara, oleh tamba saking sabdaning Hyang Widi, lan berkahing panutan, 6. Kawruhana kehing para Nabi, Nabi Adam Kang mangka wiwitan, Nabijullah wekasane, katahe jen pinetung, kawa ndasa langkung kakalih, lan sigra estokena, sadaja den-emut, lewih agung kang supangat, lemih sangar kaju aeng lebur sami, tan ana kara-kara, 7. Gantya malih murwani amudji, tajirtane neggih wringin sungsang, punika agung sawabe, ananging ta kalamun, winatja sru pareng nudjoni, ana winudja wawrat, iku tan pakantuk, manawa dadya djalaran, anggogroken wetengane kang nggarbani, dadya wasaneng durma, asri jen siang, angker kalane wengi, 2. Duk samama akempel kumpuling rasa, netraku dadi dingin, netraningsun emas, puputihe mutyara, ireng-ireng wesi manik, tjeploking netra, waliker uda ratih, 3. Idep-ingsun kekentjang bang reruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa tengen pisan, tjupakku surja kembar, kedepku pan kilat tatit, kang munggeng sirah, wesi kekenten adi, 4. Rambut kawat sinomku pamor anglajap, batuk sela tjendani, kupingku salaka, pilingan-ingsun gangsa, irungku wesi duadji, pasu kulewang, pipiku wesi kuning, 5. Watu item lungguhe ing djanggutingwang, untuku radjeg wesi, lidah wesi abang, aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambeku ija, sela matangkep kali, 6. Gulu-ningsun paron wesi giliran, djadja wesi sadatjin,

TEMBANG DURMA 1. Wringin sungsang wajahipun tumaruna, ngaubi awak mami, tur tinuting bala, pinatjak sudji kembar, pipitu djadjar maripit,

17
pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi walulin, bauku denda, sikutku pukul wesi, 7. Asta tjriga epek-epek ingsung tjakra, tjakar wok djempol kalih, panuduh trisula, panunggulku musala, mamanisku supit wesi, djentikku ija, ingaranan pasopati, 8. Bebokongku sela ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebol-ingsun karah, luput denda kang tindja, balubukan entut mami, ujuhku wedang, dakarku purasani, 9. Djembut kawat gantanganku wesi mentah, walakang wesi gapit, pupu kalataka, sungsum-ingsun gagala, ototku gungane wesi, ing dalamakan, ing ngaran kaos wesi, 10. Sampu pepak sarira-ningsun sadaja, samya pengawak wesi, pan ratuning bradja, mandjing aneng sarira, tan ana bradja ndatengi, dadya wijana, aju sarira-mami. 11. Ana kidung sun-angidung bale anjar, tanpa galar asepi, ninis samun samar, patining wuluh kembang, siwur burut tanpa kantjing, kaju trisula, gagarannja tjalimprit, 12. Sumur bandung sisirah talaga muntjar, tibeng djadja adjail, dinding endas parah, ulur-ulur liweran, tatambang djaringing maling, dadal dadanja, gugulung ing gagapit, 13. Naga radja pangawasan manik kembang, kembang subel abadji, tadjem neng kandutan, udune sarwi nungsang, kurangsangan angutipil, angadjak-adjak, djudjul-djudjul adjungkir, 14. Prapteng ngandap tjinandak inguluk salam, ingaweran tumuli, ana kenja prapta, sadjodo ngaku kondang, endi djambe roro ndjandji, roro binuwang, adja na wani-wani, 15. Rara wudu apepajung kala tjakra, titihane naga dji, sabet ula lanang, sinabetaken ngetan, larut lara pan kabalik, katulak ngetan, sinabetaken malih,

18
16. Lara saking kidul sinabet katulak, bali mangidul malih, teka kulon prapta, anulya sinabetaken, pan kabalik ngulon malih, teka lor prapta, sinabetan wus bali, 17. Lara saking nginggil sinabet katulak, bali manginggil malih, lara saking ngandap, sinabet bali mandap, pantja-baja mungsuh kampit, kanan kang prapta, saking wetan aputih, 18. Kutanipun salaka ki taratula, nggawa bala saketi, aju pangreksanja, teguh luputing lara, sanak-ingsun kidul prapti, ki Manguntara, abang kutanira brit, 19. ngGawa bala pitung ewu, nulak sagung penjakit, sirna sunja bala, sanak-sun kulon prapta, ki Manguntara akuning, kutanja emas, balane pitung keti, TAMAT 21. Araketa Malaekat kawan nambang, sadaja rupa peksi, anutjuki lara, utawa impen ala, upamane sadajeki, tjinutjuk sirna, rampas papas wus titi.

20. Pangreksanja aju luputing rentjana, eh alahuma seksi, bumi seneksenan, ing langit keblat papat, Malaekat angideri, Nabi saleksa, rumeksa siang ratri,

19

SERAT
KIDUNGAN

DJANGKEP

Kidungan punika serat kina pralambangipun ngelmu Islam ingkang sedjati, tuwin minangka wawarah pamudjining kawula dateng Gusti, iketanipun KANDJENG SUSUHUNAN KALIDJAGA Walijullah; Kesambetan iketanipun Kijai RANGGA SUTRASNA Pudjangga.

20

You might also like