You are on page 1of 10

Naskah Drama Ande-Ande Lumut dalam Bahasa Jawa

1.

Tema

: Golek Garwa

2.

Cerita apa

: Ande-ande Lumut

3.

Ceritane kaya piye

Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan garwa
sisihaning gesang. Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan,
lajeng dipek anak lan dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa
kanggo Ande-nde Lumut kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani Sinden Idol.
Sing melu saembara yaiku Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning.
Sanajan Klenting abang, klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu
kangkang. Lha bedo karo klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho
klenting, ambune ora enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe.
Akhire Klenting kuning sing dipilih Ande-ande lumut dadi garwane.
4.

Tokoh

a.

Pangeran (ande-ande lumut)

b.

Bejo

c.

Mbok Rondho Dhadhapan

d.

Mbok Rondho Klenting

e.

Klenting abang

: wicaksana, sae penggalihipun lan satriya.


: manut marang junjungane lan lucu.
: kasih marang putra.
: pilih kasih, angkuh lan seneng nyiksa.
: edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.

f.
Klenting ijo
nyiksa.

: manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng

g.

Klenting biru

: edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.

h.

Klenting kuning

i.

Widodari

j.
5.

: sabar, lan sae penggalihipun.


: welas asih.

Yuyu kangkang
Alur

Konflik

: gelem nulung yen ana imbalane (pamrih).


: Maju

a. Mbok rondho klenting >< klenting kuning


kuning.
b.

Konflik batine klenting kuning

c. Klenting kuning >< yuyu kangkang


kuning.

Mbok rondho klenting nyiksa klenting

Rumangsa digawe susah utawa diseksa.


Yuyu kangkang ngenyek rupane klenting

d.

Mbok rondho dhadhapan >< klenting kuning

Mbok rondho dhadhapan ora setuju yen ande-ande lumut mlih klenting kuning.
e. Klenting-klenting >< klenting kuning
Klenting-klenting ngremehake klenting
kuning.
6.

Setting/latar

a. Panggonan
omahe mbok rondho

: Ing alas Ing omahe mbok rondho klenting Ing kali Ing

dhadhapan
b.

Wekdal

: Esuk, awan, sore

c.

Swasana

: Bingung Susah Gething Seneng Ande-ande Lumut

PROLOG :
KADADOSAN ING NEGARI INGKANG GEMAH RIMPAH LOH JINAWI, TATA TENTREM KERTA
RAHARJA. WONTEN SALAH SAWIJINING PANGERAN INGKANG GESANGIPUN SARWA
KACEKAPAN. PANGERAN MENIKA PUTRA MAHKOTA INGKANG BADHE NGLAJENGAKE TAHTA
KERAJAAN. ANANGING PANGERAN KALAWAU MBOTEN MAREM KALIH GESANGIPUN INGKANG
KACEKAPAN. PANGERAN KEPINGIN LELONO. NGLAMAHI WONO.
PANGERAN KEPINGIN MADOSI JATI DIRINE UGI PENGALAMAN GESANG.
SAKING MRIKU KAWIWITAN LELAMPAHAN GESANGIPUN PANGERAN INGKANG MANGGIHAKE
SISIHAN GESANGIPUN INGGIH MENIKA LARE WADON INGKANG SAE MANAHIPUN LAN AYU
PASURYANE.

BABAK 1 :
( ING ALAS ) KALIH TIYANG KANEMAN MLAMPAH NGLEWATI WANA INGKANG
RIMBUN. NINGALI KIWO TENGENE MBOTEN WONTEN KEWAN UTAWA PEKSI INGKANG SAGET
DIPUNBURU. KANEMAN BAGUS KALIHAN PANDHEREKE WAU SAKYEKTOSIPUN INGGIH MENIKA
PANGERAN INGKANG LELONO KANGGE PADOS JATI DIRINIPUN. (KALIH TIYANG MLAHPAH
KANTHI WASADAPA NGINGETI ANA NGISOR LAN NDHUWURE NGGOLEKI KEWAN KANG ISO
DIBURU).
PANGERAN : Jo Bejo kowe neng endi? Jo. Bejo.
BEJO

: Pangeran. Pangeran.Panjenengan wonten pundi pangeran?

(MLAMPAH MUNDUR, LAJENG TABRAKAN NGANTI GELIMPUNGAN)


PANGERAN : Aduh kowe kuwi ati-ati ta.
BEJO
: Hehehengapunten pangeran kula mboten ngertos pangeran wonten
wingking kula.
PANGERAN : Rene Jo rene!!!. Aku arep cerita.

BEJO : Wonten napa pangeran?


(KALIH TIYANG LENGGAH BARENG LAN PADHA CRITA)
PANGERAN : Kok ra ana kewan dina iki ya Jo?
BEJO : Injih pangeran sepi sanget!
(PANGERAN LAN PANDHEREKE NGADEK, KAGET WEROH WONG ING NGAREPE)
PANGERAN : Sapa kuwi Jo?
BEJO : Kula mboten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?
PANGERAN : Ngapunten mbok, kula badhe tanglet?
(INGKANG DITAKONI MENENG, ORA NJAWAB, REPOT KARO KAYUNE)
PANGERAN : Kulanuwun mbok.
(PANGERAN NYEDAK MARANG MBOK RONDHO, MBOK RONDHO KAGET WEROH PANGERAN)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Walahdalah. mangga. Sapa kowe?
PANGERAN : Kula pengembara mbok ngapunten niki dusun napa?
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Iki dusun dhadhapan le kowe arep ngapa neng kene?
PANGERAN : Kula badhe mangembara mbok ananging kula nyasar mboten ngertos
dalane.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Wah ya wis kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne
anak angkatku yen kowe gelem.
PANGERAN : Wah injih mbok kula purun.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke andeande lumut ya le? PANGERAN : Inggih mbok.

BABAK 2 :
(ING OMAHE KLENTING-KLENTING)
WONTEN ENJING INGKANG TERANG MBOK RONDHO KLENTING NYAWIJI KALIHAN
PUTRI-PUTRINIPUN. PUTRI-PUTRI MBOK RONDHO KLENTING SANGET AYU PASURYANE.
PIYAMBAKE INGGIH MENIKA KLENTING ABANG, KLENTING IJO, KLENTING BIRU LAN SALAH
SATUNGGALING PUTRI TIRINIPUN INGKANG NAMA KLENTING KUNING. MBOK RONDHO
KLENTING SANGET REMEN LAN TRESNA KALIYAN PUTRI-PUTRINIPUN, ANANGING BENTEN
KALIYAN KLENTING KUNING INGKANG DADOS PUTRI TIRI, PIYAMBAKE SANGET DIBENTENAKE
KATRESNANIPUN. KLENTING KUNING DIDHAWUHI NYAPU, NGRESIKI GRIYA LAN UGI NYAMBUT
DAMEL ING SAWAH. SANGET MRIHATINAKE.

(KLENTING KUNING TEKO NGGAWA SAPU, NYAPU LAN NGEPEL JOGAN. LINGEH MOJOK ANA
RUANGAN. ORA SUWE MBOK RONDHO TEKO NGAWASI KLENTING KUNING. NYUSUL
SEDULURE KLENTING ABANG, KLENTING IJO LAN KLENTING BIRU)
MBOK RONDHO KLENTING : Anak-anakku sing ayu-ayurene ndug!
KLENTING-KLENTING : Injih mbok, wonten napa? MBOK RONDHO
KLENTING : Ngene ndug, ana warta sing penting banget.
KLENTING ABANG : Warta apa ta mbok? (dewasa)
KLENTING IJO : Inggih mbok enten napa ta? (manja, nyedak karo nyekel tangane mbok
rondho klenting)
KLENTING BIRU : Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?
MBOK RONDHO KLENTING : Kowe ngerti ta mbok rondho dhadhapan sing duwe anak
bagus banget, jenenge ande-ande lumut?
KLENTING-KLENTING : Owhande-ande lumutbagus!!! Wah gelem no.
MBOK RONDHO KLENTING : Iya mbok rondho dhadhapan gawe saembara Sinden Idol
kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa pendamping.
KLENTING-KLENTING : Wah purun sanget mbok.
MBOK RONDHO KLENTING : Iya mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi
putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut.
KLENTING-KLENTING : Iya mbok.. purun.
KLENTING ABANG : Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu
KLENTING IJO : Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.
KLENTING BIRU Ora iso mbakyu, mesti aku taaku kan luwih cilik, kudune mbakyu-mbakyu
ngalah karo aku!
KLENTING ABANG : Heh!! Aku kan luwih tua saka kowekudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu!
MBOK RONDHO KLENTING : Wes-wes ta!! Rasah paduanak-anake mbok kan ayu-ayu,
rasah do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!
KLENTING-KLENTING : Injih mbok
(KLENTING ABANG, IJO, LAN BIRI NINGGAL MBOK RONDHO LAN MLEBU OMAH)
KLENTING KUNING KAWIT WAU MIRENGAKE PIREMBUGANE SIMBOK LAN SEDHEREKIPUN.
KLENTING KUNING MARANI MBOK RONDHO LAN NGOMONG MARANG MBOK RONDHO.
KLENTING KUNING : Mbok kula badhe matur.

MBOK RONDHO KLENTING : Matur apa.? Apa kowe wes rampung nyapune?
KLENTING KUNING : Sampun mbok, ngeten mbok kula inggih kepingin ndherek saembara
Sinden Idol supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting. M
BOK RONDHO KLENTING : Owh ya wisrene tak dandani kowe.
(MBOK RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG KLENTING
KUNING)
MBOK RONDHO KLENTING : Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo
gone mbok neng kali kono.
(MBOK RONDHO NYURUNG KLENGTING KUNING KANTHI KASAR BANGET)
KLENTING KUNING : Injih mbok
(KLENTING KUNING NINGGALNO MBOK RONDHO LAN MLAKU MARAK PAWON)
MBOK RONDHO KLENTING : Hahaha muga-muga sing ditrima dadi garwane ande-ane
lumut yaiku salah sijine anak-anakku, dudu klenting kuning.
KLENTING KUNING NAMPI MENAPA INGKANG DIPUNUTUS DENING MBOK RONDHO
LAN DILAMPAHI KANTHI SABAR. (ING OMAHE KLENTING-KLENTING)

BABAK : 3
(PERJALANAN MARAK ING KALI) KLENTING KUNING SABEN DINTEN NYAMBUT DAMEL
NGRESIKI GRIYA, UGI NYAMBUT DAMEL WONTEN LADING.
MBOTEN KRAOS SAYAH LAN KELUH KESAH. SINAOS PIYAMBAKE DIPUNDAMEL
MBOTEN SAE KALIYAN MBOK RONDHO KLENTING LAN PARA SEDULURE. NAMING PIYAMBAKE
UGI GUSTI ALLAH INGKANG NGERTOS SENGKOWO PIYAMBAKE. PIYMBAKE NGAJENGAKEN
GUSTI ALLAH BADHE MARINGI GANJARAN INGKANG SAE KANGGE PIYAMBAKIPUN.
KLENTING KUNING : Duh Gusti ngeten niki gesangipun kulamugi-mugi kula saget nampi
kanti lemah manah. WIDODARI : (WONG KANG ORA DISANGKA MARA) Hei cah ayu.
KLENTING KUNING : Sapa kuwi?
WIDODARI : Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!
KLENTING KUNING : Ameh ngapa kowe?
WIDODARI : Aku arep menehi kowe pusaka tampanen mugo-mugo pusaka iki keguna
kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.
KLENTING KUNING : Injih matur nuwun.
WIDODARI : Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!
KLENTING KUNING : Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.

(KLENTING KUNING NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING DIWENEHKE WIDODARI)

BABAK : 4
ING SALAH SAWIJINING LEPEN INGKANG TOYONIPUN SANTER BANGET, WONTEN MRIKU YUYU
KANGKANG GESANG. PIYAMBAKE INGKANG NGUASANI LEPEN MENIKA. PIYAMBAKE SI YUYU
KANGKANG INGKANG JULIK. (YUYU KANGKANG SING NJAGA LEEN LAGI MONDAR-MANDIR
NGWASI MENAWA ANA WONG TEKO)
YUYU KANGKANG : Hohohoho.Godong waru kok bolong-bolong bocah ayu kok moblongmoblong.Sapa kae sing teko? (
LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING PINGGIR KALI)
KLENTING ABANG : Wah kaline banjir.
KLENTING IJO : Iya mbakyu piye carane awake dewe nyebrang??
KLENTING BIRU
: Iya mbakyu piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu
saembarane mbok rondho dhadhapan?!
KLENTING ABANG : Kosek-kosekkae ana yuyu kangkang ta?
KLENTING IJO LAN BIRU : Wahiyaayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.
KLENTING ABANG : Iya Yuyu kangkang yuyu kangkang
YUYU KANGKANG : Hahaha ana apa cah ayu-ayu?
KLENTING ABANG : Yuyu kangkang aku njaluk tulung kowe.tulung sebrangke aku lan
adhik-adikku lewat kali iki
YUYU KANGKANG : Wahabot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu.enek
imbalane.
KLENTING ABANG : Imbalane apa takon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata
duwitan! KLENTING IJO : Ya wes lah yen duwit gampang.mengko tak bayar..
KLENTING BIRU : Ya piro jalukmu mengko tak bayar!!
YUYU KANGKANG : Dudu duwitaku rak doyan. Hahaha
KLENTING-KLENTING : Prett
YUYU KANGKANG : Imbalane yaiku nganggo tangamu..
KLENTING ABANG : Apa tanganku???ameh bok kapakne??
YUYU KANGKANG : Ora tak kapak-kapaknemung tak ambung sitik
KLENTING BIRU : He!!! Apa?
KLENTING IJO : Iihhhhh,,,emohh ahh.gilani

KLENTING ABANG : Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii
YUYU KANGKANG : Ya wis yen wegahyen suwe-suwe mengko imbalane nambah
(KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU PADHA REMBUGAN)
KLENTING ABANG : ya wis,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok.
(YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN)
YUYU KANGKANG : Wahseneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
(KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)
YUYU KANGKANG : Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
KLENTING KUNING : Wah kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek
yuyu kangkang. Yuyu kangkangyuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali
iki.
YUYU KANGKANG : Hahaha apa sebrangke?aku wegah.
KLENTING KUNING : Mengko tak wenehi duwit
YUYU KANGKANG : Aku wegah wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong wadon
elek. KLENTING KUNING : Alahkowe kok jahat ta Yuyu kangkang
(KLENTING KUNING NGETOKNO PUSAKANE)
KLENTING KUNING : Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
YUYU KANGKANG : Hahaha apa ya iso?
DUMADAN LEPEN MENIKA ASAT, YUYU KANGKANG KACILAKAN LAJENG KESAH
TEBIH LAN MATI. SAK LAJENGIPUN KLENTING KUNING SAGET LUMPRAH NYEBRANG LEPEN
MENUJU GRIYA MBOK RONDHO DHADHAPAN, GRIYANIPUN SI ANDE-ANDE LUMUT. BABAK 5 :
(ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN) SALAH SAWIJINING DUSUN INGKANG NAMA
DHADHAPAN, MBOK RONDHO NEMBE NYAPU GRIYA, WONTEN NDALEM MRIKU WAU SI ANDEANDE LUMUT NEMBE NGAJI WONTEN SALAH SWIJINING SURAU.
NGENTOSI GEGANTILANING MANAH INGKANG DIPUNJANJIAKEN GUSTI ALLAH KANGGE
PIYAMBAKE. (MBOK RONDHO LAGI NYAPU ING OMAHE, UJUK-UJUK TEKO ROMBONGANE
WONG WADON AYU-AYU YAIKU KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU).
KLENTING-KLENTING : Assalamualaikum
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Waalaikumsalamsapa ya?
KLENTING ABANG : Kula mbok klenting abang.
KLENTING IJO : Kula klenting ijo mbok..

KLENTING BIRU : Lan kula klenting biru mbok.


MBOK RONDHO DHADHAPAN : Wah.. cah wadon ayu-ayuarep ngapa iki?
KLENTING-KLENTING : Badhe melu saembara sinden idol supaya bisa dadi garwane andeande lumut mbok
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Owalah arep melu saembara ta Ayo nyanyi siji-siji?!
KLENTING-KLENTING : inggih mbok..
(KLENTING-KLENTING GANTIAN NUNJUKNO KAPINTERANE NYANYI)
KLENTING ABANG : (NYANYI NYIDAM SARI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Lumayan-lumayan. Next.
KLENTING IJO : (NYANYI LUNGITING ASMARA)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Padha wae lumayan. Next
KLENTING BIRU : (NYANYI TANJUNG MAS NINGGAL JANJI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut .
mlebu siji-siji ya!
KLENTING-KLENTING : Oke siaaaaaaappp!
(KLENTING ABANG MLEBU PISANAN, BANJU MBOK RONDHO NYANYI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang
unggah-unggahi putrine ngger sing ayu rupane Klenting abang iku kang dadi asmane.
ANDE-ANDE LUMUT : Duh ibukula mboten purun.. duh ibu kula mboten meduun.. najan
ayu sisane si yuyu kangkang.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Wah ora gelem ki nduk!
KLENTING ABANG : Wah kurang ajar kuwe kuwi aku ayune ngene diarani sisane yuyu
kangkang.
(KLENTING ABANG METU BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU)
KLENTING IJO : Cobi kula mbok
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Putraku si ande-ande lumuttemuruna ana putrid kang
unggah-unggahi putrine ngger sing ayu rupane.. klenting ijo iku kang dadi asmane.
ANDE-ANDE LUMUT : Duh ibu kula mboten purun.. duh ibu kula mboten medun najan
ayu sisane si yuyu kangkang.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Wah ya padha ora gelem ki nduk.
KLENTING BIRU : Mbok,,,cobi kula.

MBOK RONDHO DHADHAPAN : Putraku si ande-ande lumuttemuruna ana utri kang


unggah-unggahiputrine ngger sing ayu rupaneklenting biru iku kang dadi asmane.
ANDE-ANDE LUMUT : Duh ibukula mboten purun duh ibu kula mboten medun najan
ayu sisane si yuyu kangkang.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae
(KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN)
KLENTING KUNING : Assalamualaikum
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Waalaikumsalam sapa ya kuwi?
KLENTING KUNING : Kula klenting kuning mbokbadhe melu saembara sinden idol
supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta
kuwe iki?
KLENTING ABANG : Lha iya rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok
apa mneh kuwe?
KLENTING KUNING : Dicoba ndhisik mbok
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Ya wis kono ndang nyanyi.
KLENTING KUNING : (NYANYI CIDRO)
(KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Putraku si ande-ande lumuttemuruna ana putrid kang
unggah-unggahiputrine kang ala rupane klenting kuning iku kang dadi asmane.
ANDE-ANDE LUMUT : Duh ibukula inggih purundalem putra inggih badhe medunnajan
ala menika kang putra suwun.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Lhoapa ra salah kowe le tole?
ANDE-ANDE LUMUT : Mboten mbokniki sampun dadi pilihane kula.
(KLENTING-KLENTING KUSAK-KUSUK)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Owh yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.
ANDE-ANDE LUMUT : Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.
MBOK RONDHO DHADHAPAN : Apa kuwi ngger?
ANDE-ANDE LUMUT : Mbok, kula menika sakjane pangeran ingakang mangembara golek
pengalaman urip lan sisihing urip.
KLENTING-KLENTING : haaa!!!...??? pangeran??

KLENTING-KLENTING SEMAPUT) PUNGKASANE KLENTING KUNING DADOS


SISIHANIPUN ANDE-ANDE LUMUT, PASURYANIPUN INGKANG AWON UGI MAMBET
DUMADEKAKE DADOS PUTRI INGKANG AYU. SEJATOSIUN KLENTING KUNING MENIKA PUTRI
SEKARTAJI LAN ANDE-ANDHE LUMUT MENIKA RAJA NGETOSI RAMANIPUN. PENGERAN UGI
KLENTING KUNING, GESANG SLARAS SAKLAWASE.

You might also like