You are on page 1of 4

SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN

Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake
wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,,
kabeh dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.

Rege
: Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra
Suleman
: (etok-etok ra krungu)
Rege
: wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu
iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman
: appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege
: asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren
Jutex men karo aku. .
Suleman
: arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro
kono!
Asri
: wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko kerenagn wae. Nak
eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Vega
: ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo
Rege ngono.
Rege
: (nyelehke sapune) owwraa !soppo seng kondo. Awake
dewe apek-apek ae to Man.
Suleman
: Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis
do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Asri
:Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega
: (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki
wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege
: Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono.
Jebolno wonge sombong banget.
Vega
: ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.
(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.

.....
Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng.

Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh


liyane. Terus, sak wijine esok

Asri
: Sul, kowe ngerti ra
Sule
: oppo !
Asri
: Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet pencet
layare lho, kowe Ra nduwe to. .
Sule
: eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri
: iki Hp **** **** Regane murahh. . mur Rp. 6.789.000,-.
Smart phone lho iki.
Narator : padahal kuwi mur seng nyileh. .!
Sule
: Halah. Mur semono to regane . kecil no. Bapakku kan
bozzz . .
Asri
: (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng
luwih apek soko iki.
Sule
: (Dg Pdne sule ngomong. . . . .)
iyyo. .gampang . . bisa diatur . .
Asri
: hallah . .!
Wektu mUleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .
Sule
Bpke
Sule
Bpke
nggo oppo.
Sule
layare. .
Bpke
ibuke. . )

: Pak, pak e tukok ne Hp! !


: heh! Oppo! Nyerako rene!
: pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .
: oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok
: iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet
: ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk

Buk . . .! buke. . . .
Mboke
: yo. . kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk
: (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke
: lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule
: enek oppo to Buk?!
Mboke
: piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang.
.siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore, eneng klienne
bapakmu seng wis marai rugi perusahaan. .
Sule
: maksude . .
Mbkke
: yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo
awake dewe kudu hemat , ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu

ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki.
Di dol.
Sule
: OppO . . .!! OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude
bangrut.
(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke
: ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti
keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule
: neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke
: ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule
: asem!(lungo neng kamare)
Bpk
: we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang ajar banget cah kuwi . .!
Bpk
: salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . .
.
..
.....
Bpke
: mboke, piye nek saiki ngejak sule neng ngenndi ngono?
Mbok: Lha neng ngendi. .?
Bpke
: wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem
kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke
: yoo
Mboke
Sule
Mboke

........
: Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
: yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
: yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
.......

Suleman karo Bapke numpak mobil neng ngendi ngono. Terus , Sule mikir. .
Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule
: (miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku
Hp to.?
Narator: mesti do penasaran to iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak kandani.
Asinooo. . iki neng perkampungan pemulung)
Bpke
: cobo deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja keras
gor dinggo Madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben
dino. Kowe kudune ngerti , uwong uwong iki ora saben dino iso mangan, sok2
mangan mor nganggo sego aking. Tak kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng
nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake
dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule
: . . . . . ngrtos pak. .
Bpke
: ngerti tenan rak?!!

Dadi sido tuku Hp ra?!!


Sule
: mboten mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh pak.
Kulo pun sadar. .
Bpk
: lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren
kowe nganggo boso kromo karo bpk he le??!
Sule mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule
: Rege, !
Rege
: ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Sule
: s sopo seng kondo??
Rege
: yo wis arep ngomong opo?!
Sule
: ngene. . anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo ngejak
salaman)
Rege
: Ra! Ra nduwe ngapuro!
Sule
: Ha!
Rege
: Ora-ora, mur gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem
tangane Sule)
Vega
: Lha mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep
mungsuhan. . ho oh ra Sri . .
Asri
: yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra?
Sule
: Ora kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku
lagi krisis. .
Asri
: Oowwww
Rege
: Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek jalan
keluare pokoke gawe kepenak ae. .
Sule
: Bener kondomu Ge. .
Teett. . .Teett. . bel mlebu
SEKIAN. MATURNUWUN.

You might also like