You are on page 1of 2

Tanggap wacana Dinten Guru

Diserat kaliyan Farryntya Noor Sabrina (IX-C/17)

Sugeng enjing
Dhumateng Bapak Ufar Ismail
Para Bapak Ibu Guru saha staff TU ingkang kinabekten
lan kanca kanca ingkang kula tresnani
Kaping satunggal mangga sedaya kita sesarengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur
dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Agung ingkang sampung paring taufik, hidayah, saha
inayah, katitik kula panjenengan sedaya sami saged makempal dhateng acara punika. Shalawat
kaliyah salam mugi mugi tansah diaturaken kagem Nabi Muhammad SAW, keluarganipun,
kancanipun, kaliyan panumutipun. Mugi mugi kita sedaya diparingi seger waluyo, amiin...
Dhateng mriki kula minangka wakil saking OSIS ngaturaken sugeng Dinten Guru surya 25
November 2015 saha kula badhe ngaturaken tanggap wacana kagem mingeti Dinten Guru.
Saderengipun kula badhe matur sembah nuwun sanget kaliyan Bapak saha Ibu Guru ingkang
sampun katos mulang kula saking kula mboten ngertos kathah pelajaran ngantos kula angsal kathah
ilmu ingkang kathah manfaatipun kagem kula kaliyan kanca kanca.
Kanca kanca sedaya. Guru punika pahlawan tanpa tanda jasa. Amarga, guru sampun
mulang siswa siswi penerus bangsa punika. Presiden, Pejabat Pemerintahan, Pejabat Daerah,
sedaya punika tuladha ulanganipun guru. Tanpa guru, kita mboten sinten sinten dhateng dunyo
punika. Guru punika mulya sanget. Guru sapunika sampun ninggalaken putra putrinipun kagem
kita, ananging kita mboten yoga kandungipun. Guru kathah ngeluangaken waktu kagem kita.
Ingkang biasanipun luwih dangu, dibandingaken kaliyan putra putrinipun.
Samangke siswa siswinipun musti badhe ngesupenaken piyampakipun. Ananging, guru
mboten kersa mandek ngulang murid muridipun. Piyambakipun mboten sayah ngabdi ngantos
sepuh saha mriksani muridipun dados tiyang utawi sukses sedaya. Kanca kanca sedaya. Kita
pinter, punika kagem kita piyambak, mboten kagem Bapak saha Ibu Guru. Dados, menawi kita
didukani guru, ampun nesu kaliyan Bapak Ibu Guru. Amarga punika kagem kita supados kita dados
tiyang ingkang sae. Menawi kita sae, kita gadhah kathah kanca kaliyan gampil pados penggawean.
Kanca kanca sedaya. Dados, kita sedaya kedah ngurmati Bapak saha Ibu Guru kita. Kita
inggih kedah tumindhakaken sedaya pitedhahipun saha kedah andhap asor kaliyan Bapak Ibu Guru.
Amarga menawi mboten wonten Guru, kita mboten saged sukses ngantos sapunika. Dados, ampun
ngantos kesupen kaliyan jasa Bapak saha Ibu Guru, amarga sejatosipun guru punika tiyang sepuh
kita dhateng sekolah.
Mugi mugi punapa ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Kaliyan mugi mugi
kagem lajengipun, kita saged luwih ngurmati guru guru kita. Sukses salajengipun kagem kita
sedaya.
Kanca kanca sedaya. Namung punika ingkang saged kula aturaken, mboh bilih anggen
kula matur wonten klenta klentuning saha kirang mrahani ing penggalih panjenengan sedaya, kula
nyuwun
agunging
TTD Guru
Nilai
TTD Orangtua
sih
samodra

pangaksami. Nuwun.

You might also like