You are on page 1of 2

Becak

Cerita Cekak - Posted by admin on August 16, 2013

OLEHE midak pedhal becak krasa tenanan,


kaya-kaya minangka tenaga paling pungkasan. Kedadeyan iku persis nalika becak
mrambat munggah kreteg pinggir sawah sing kawentar singup. Ora prekara merga
Kardiman ke-rep njegrag githoke, nanging luwih saka karepe olehe kudu nuruti penumpang.
Bola-bali penumpange pesen: Yen tekan kreteg rada cepet nggih Pak, ngono pesene
pelanggan sing kebeneran kecathet minangka wakil rakyat mau. Ora kawentar jenenge
pancen, merga piyam-bake mung tilas bidhuwan dhangdhut sing ora kepetung vokal
ana fraksine. Sa-ora-orane miturut komentare juru warta ing panggonan kono.
Nggih Bu, semaure Kardiman sopan. Batine pancen kudu manut. Piye ora ma-nut?
Wong saben ngeterake menyang omahe Kardiman entuk opah sepuluh ewu rupiyah.
Genep sesasi disuda dina Minggu, paling ora seprapat yuta bisa mlebu kampekan.
Bubar ngedhunake penumpang, Kar-diman kudu bali maneh menyang prapat-an
panggonan mangkal. Dheweke apal isih ana kurang luwih papat apa lima bis sing bakal
ngedhunake penumpang. Sapa ngerti isih entuk tambahan penumpang loro. Tambahan
sepuluh ewu lak ya cukup kanggo nempur beras, mangkono batine Kardiman nalika
pikirane temlawung ke-lingan Suminah sisihane.
Playune wayah bengi sajak krasa ce-pet. Siji loro tukang becak sing wis entuk dhuwit
luwih seket ewu padha pilih mulih. Mung kari Markijo lan Darmuji sing du-rung mulih.
Dadi isih ana wektu kanggo jagongan, ora ketang intine rembug nga-lor-ngidul.
Kang, kowe ora mulih? Apa arep ngi-nep prapatan kene? pitakone Markijo se-tengah
nggodha. Kardiman klecam-kle-cem. Nyawang kancane rembugan. Sak-jurus bacute
terus ndudut andhuk. Nge-lapi kringet sing terus mili merga hawane sumuk.
Awake dieman-eman Kang, timbang masuk angin maneh, ngelingi balung tuwa,
Darmuji urun rembug.
Wis ana seket ta Kang? Markijo nggenepi pituture kancane.

Pak, becake dhewe ilang, ora mbok rante apa

Mbuh seket, mbuh satus, sing pen-ting kari nari awak. Wong sing umure se-widak wae
isih padha nyalon Pilkada, mo-sok awake dhewe arep nggantung be-cak? retorikane
menehi pratandha yen Kardiman rada melek politik. Ora muspra anggone ngecer koran
rega sewunan sa-ben esuk. Ya, saben dheweke kasil narik penumpang pisanan.
Ora let suwe ana bis teka. Penumpang telu butuh becak kabeh. Kardiman pilih ngladeni
penumpang buthak sing sajak nggawa dhuwit akeh. Disawang saka carane ndhekep
tas katon olehe tenanan. Pedhal becak digenjot banter tumuju sta-siun. Tujune ora pas
rob, dadi ngglin-dhinge rodha bisa lancar.
Bubar ngeterake menyang stasiun banjur ana kreteging ati ngajak mulih. Kardiman
kepengin mangerteni karepe Mulyanto sing ngedrel arep sekolah ana SMK Jurusan
Otomotif. Edan tenan anak-ku mbarep iki. Wetone apa ya, yen nduwe karep ora kena
dipenggak. Yen aku dadi juragan, sak kabehe karep bakal tak turuti. Nanging gandheng
panggaotane mung tukang genjot becak bisane mung nundha karep. Ngono batine
Kardiman.
Rodhane becak mlipir pinggir kutha. Suwarane isih icik-icik. Kahanane rada pe-teng.
Rong kilo maneh.

You might also like