You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun Bapak ............ ingkang piniji anembani


wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu
................ ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging
pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula sepuh raka
mas ........................ sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen
hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking
panjenenganipun Bapak ......................... lumantar panjenenganipun Bapak
................
Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun
kasembadaning karya, satemah saget nglarapaken sekar cepaka mulya sasele,
inggig putra calon temanten kakungipun Bagus............kanthi wilujeng nir baya
nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah salam taklim saking panjenenganipun
Bapak/Ibu ......... ingkang salajengipun badhe kula aturaken wonten ngarsanipun
raka mas ................ sarimbit, mugi-mugi awit pangestunipun, sageta andayani
anggenipun mengku karya, hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cempaka
mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Semanten ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra
calon temanten kakung katampi kanthi suka renaming penggalih. Suka bingahing
manah saking panjenenganipun raka mas .......... sarimbit, menawi kenging
kawedhar ing akathah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajrugukan wukir
sari kabelebenging samodra madu. Ing salajengipun, menawi sampun dumugi
titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken Bagus ............... kaliyan
nak ayu .............. atmaja putrid raka mas ..............
Dhumateng panjenenganipun Bapak ............. dalah pangaraking putra calon
penganten kakung, sasampunipun mangke putra calon temanten kapanggehaken,
kula suwun pinarak lelenggahan kanti mardhu mardikaning penggalih, ngantos
dumugi paripurnaning pawiwahan, saperlu hangestreni tuwin paring berkah panestu
dhumateng temanthen sarimbit, mugi-mugi anggenipun badhe lelumban wonten
madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu
ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi miwah tansah gagah ingkang jinangkah.
Mingaka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula
hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi
pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen
kawula matur wonten kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata karma,
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like