You are on page 1of 3

Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para wali.

Mula
ne isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tebang macapat akeh kang isine
budi luhur, akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe ana sawelas. I
ng tembang macapat, ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru g
atra yoiku cacahing baris ana ing sa pada (bait), guru wilangan yoiku cacahing s
uku kata ana ing saben gatra (baris), lan guru lagu yoiku tibaning swara (vokal)
ana ing pungkasaning gara/baris.
1. Maskumambang
Guru Gatra (baris) : 4 Gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku : 12i, 6a, 8i,
8a
contoh:
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kacemplung warih (8i)
Gulagapen wus meh pejah (8a)
Maskumambang nggambarake manungs isi ana ing alam ruh lan durung lahir, terus ru
h dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul,
terapung-apung. Nggambarake menunggo anan ing jero rahim. Watak tembang iki umu
me isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara
2. Mijil
Mijil kuwi artine lahir utawa mbrojol
contoh:
Mijil ing dunya siniwi ratri (10i)
Kabeh durung katon (6o)
Amung anjali sova ing tembe (10e)
Lelaku alon siniji-siji (10i)
Nunggu mring wartaning (6i)
Sesotya satuhu (6u)
3. Sinom
Gambaran manungsa duwe sifat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ng
erti ndonya. Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yoiku:
Nuladha laku utama (8a)
Tumrape wong tanah jawi (8i)
Wong agung ing ngeksiganda (8a)
Panembahan senopati (7i)
Kepati amarsudi (7i)
Sudane hawa lan nepsu (8u)
Pinesu tapa brata (7a)
Tanapi ing siyang ratri (8i)
Anemangun karyenak tyasing sesama (12a)
4. Kinanthi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggi nggabarake rasa sene
ng, katresan, lan kewicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan
bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanthi saka ukara kanthi utawa tuntun kan
g maknane awake dhewe tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lan panga
rp-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.
Kinanthi nduweni 6 gatra
Padha gulangening kalbu (8u)
Ing sasmita amrih lantip (8i)
Aja pijer mangan nendra (8a)
Kaprawiran den kaesthi (8i)
Pasunen sarira nira (8a)
Cegahen dhahar lan guling (8i)

5. Asmarandana
Tembang asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, A
smarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni.
Mula saka kuwi, asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tres
na.
Asmarandana nduweni gatra (larik) ana ing saben pada (bait):
Duh garawaku banowati (8i)
Sirya kariya raharja (8a)
Ingsun anemahi layon (8o)
Mring becik pamomong iro (8a)
Mring para putra nira (7a)
Duh nyawa atmaja ingsung (8u)
Dadya kariya raharja (8a)
6. Gambuh
Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh/sawiji, dadi siji sing artine komitmen nyawi
jikake tresno ana ing kalawarga.
Gambuh iki salah sawijining tembang macapt sing paling akeh kanca-kancaku bisa.
isih eling karo tembang :
Sekar gambung ping catur (7u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10u)
Tanpa tutur katula-tula katali (8u)
Kadalwarsa katutur (8u)
Katutuh pan dadi awon (8o)
Tembang gambuh mbok menawa pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manun
gsa supaya eling marang tumindak-tumindake. Manungsa di elingake yenta kabeh ti
ngkah pola manungsa iku ana akibate. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakake
urip manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku.
7. Dhandanggula
Gambaran urip kand wis mapan, manis, lan mulya Cukup sandang, papan lan pangan.
Dhandanggula isisne pangarepen utawa pangajap kang becik. Dhandang iku pengareparep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Tuladha tembang macapat iki kang c
inpta dening Sunan Kali Jaga
Ana kidung rumeksa ing wengi (10i)
Teguh hayu laputa ing lara (10a)
Luputa bilahi kabeh (8e)
Jim setan datan purun (7u)
Paneluhan tan ana wani (9i)
Gunaning wong luput (6u)
Geni atemahan tirta (8a)
Maling adoh tan ana ngarah ing mami (12i)
Guna duduk pan sirna (7a)
8. Durma
Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan ojo lali nindakae D
arma (Durma asale saka darma / sadhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 ga
tra (larik)
Dipun sami ambanting sarira nira (12a)
Cegah dhahar lan guling (7i)
Darapon suda (6a)
Nepsu kang ambra ambara (8i)
Lerema ing tyas sireki (8i)
Dadi sabaranang (5a)
Karsa nira lestari (7i)

9. Pangkur
Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa.
Jinejer neng wedhatama (8a)
Mrih tan kemba kemebengaing pambudi (11i)
Mangka nadyan tuwa pikun (8u)
Yen tan mikani rasa (7a)
Yekti sepi asepalir sepah samun (12u)
Semangsane pasamuwan (8a)
Gonyak-gonyak nglelingsemi (8i)
Tembang pangkur rinakti pitung gatra (larik) saben pada (bait)
10. Megatruh
Saka tembung megat :pisah, ruh: nyawa/roh. Nggambarake manugsa kang lagi sakarat
ul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasane cerita ma
nungsa mesthi mati. Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi gur
u wilangan lan guru lagu :
Sigra milir sang gethek sinangga bajul (12u)
Kawan dasa kang njageni (8i)
Ing ngarsa samiwah ing pungkur (8u)
Tanapi ing kanan kering (8i)
Kang gethek lampahnya alon (8o)
Tembang iki mendayu-ndayu
11. Pocung
Tembang iki nggambarake sak uwise manungsa mati banjur di pocong (pocung: pocong
dikafani). "Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna" Sejatine kowe kabeh bakal mat
i lan wong liyane maati uga. Ana uga tembang pocung kang isine pitedah becik, co
ntohnne:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budaya pangekesing dur angkara (12a)

You might also like