Ananging ibuku iku guruku sing nomer siji Ora kakean ngendika Ananging kagungan makna sing jeru Ora nyalahne rikala aku salah Nanging, tansah nuduhake kabeneran Ibuku dadi guruku Nanging, ora ngguroni aku Tansah nyimpen keluh lan susah Tansah ngedum guyu lan guyon Senajan anggamu ora ana Sembur suwukmu tetep dakgawa Amarga aku percaya tresnamu isih ana Ana selawase kanggoku