You are on page 1of 23

I.

TATA KRAMA ING PASRAWUNGAN

A. Salin Jaman Salin Tatanan


Ing pundi papan, wekdal, jaman rumiyin, samenika dumugi wekdal benjing sedaya
tiyang temtu badhe nindakaken tata krama.
Namung kemawon kedah emut bab
empan papan, awit papan setunggal lan papan sanes nggadhahi paugeran ingkang
beda-beda. Trep kaliyan unen-unen desa mawa cara negara mawa tata.
Ngecakaken tata krama ing madyaning pasrawungan wonten kalih perkawis ingkang
kedah kagatosaken inggih menika bab pocapan kaliyan solah bawa. Perkawis pocapan
gegayutan kaliyan kadus pundi basa kula lan panjenengan dipunginakaken dhateng
tiyang sanes. Wonten unen-unen ajining dhiri gumantung ing lathi, ajining awak
gumantung saka tumindak, ajining sarira gumantung saka busana, pramila
menawi ngendikan kedah ngatos-atos ampun ngantos damel pinggeting manah tiyang
sanes. Semanten ugi bab solah bawa. Pocapan ingkang kawedhar dening lisan temtu
badhe dipunsarengi solah bawa ingkang trep. Angenipun ngecakaken tata krama
menika ampun dipungebyah uyah. Kedah dipunjumbuhaken kaliyan papan, wekdal,
kawontenan, saged dipunwastani salin jaman salin tatanan. Bab-bab ingkang kedah
dipungatosaken rikala guneman kaliyan tiyang sanes :
1. Sinten ingkang dipunajak gunemen. Tiyang ingkang dipunajak guneman badhe
nemtokaken pamilihing undha-usuking basa utawu tingkat tutur bahasa Jawa ( ngoko
lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus)
2. Kapan wekdalipun. Ing kawontenan resmi utawi boten.
3.
Ing pundi papanipun. Wonten ing sekolah, masyarakat, kulawarga
badhe
nemtokaken ugi ragam basa ingkang dipunginakaken.
4. Basa ingkang dipunginakaken. Gegayutan kaliyan sekawan tingkat tutur basa Jawa
kasebat.
5. Menapa ingkang dipunrembag. Wosing pirembagan badhe nemtokaken tingkat tutur
basa Jawa ingkang dipunginakaken, perkawis ingkang mirunggan ing pawiwahan
utawi ing pasrawungan saben dinten.
6. Kados pundi kawontenananipun
ingkang dipunajak
guneman. Kawontenan
gegayutan kaliyan bab pangkat utawi drajat satunggaling tiyang ingkang dipunajak
guneman.
Tuladhanipun : Kala rumiyin tiyang dhahar
sinambi ngendikan utawi
mlampah/jumeneng menika boten sae. Jaman samenika limrah kemawon kawontenan
kasebat, kados dene menawi tiyang jagong manten/ syukuran. Limrahipun ing gedhung
tamu boten dipuncawisaken lenggahan kathah, pramila lajeng wonten ingkang dhahar
kaliyan jumeneng sinambi ngendikan. Kala rumiyin lare sekolah menika kedah lenggah
anteng asta sedheku, samenika boten mekaten ingkang wigati nggatosaken lan tertib.
Temtu kemawon wonten bab sanes ingkang rumiyin awon samenika ugi
awon.Umpaminipun bab colong jupuk, goroh, ulangan ngepek. Mekaten ugi rimiyin sae
samenika ugi tetep sae, umpami: remen tetulung, mangabekti dhateng tiyang sepuh,
jujur, sregep ngibadah, lsp.
Nindakaken tata krama menika sami kaliyan nindakaken pangatos-atos, deduga, lan
prayoga. Sedaya tumindak tiyang gesang menika sae menawi tansah ngangge :
deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka.
Cekakipun sedaya tumindak tiyang gesang ing alam donya kedah ngagem tata
krama, deduga utawi pangatos-atos. Ingkang kersa nindakaken tata krama gesangipun
badhe tentrem, begja, tansah manggih keslametan ing sadhengah papan. Sinten

ingkang saged migunakaken tata krama kanthi sae badhe mindhak ajining dhirinipun,
dipunkurmati , dipunaosi lan dados tuladha gesang ingkang utama.
Tata : aturan/paugeran
Tata krama
Krama : sopan santun, basa ingkang taklim, solah bawa.
Tata krama inggih menika paugeran ing pangucap lan tindak tanduk.

B. Pacelathon
Kagatosna tuladha pacelathon ing ngandhap menika!

Tuladha 1 :
Dinten Senin menika, dinten ingkang wigati, tumrap para siswa SMA Ngastina Praja.
Sabibaripun upacara pembukaan Masa Pengenalan Sekolah (MPS) wonten sawetawis
wekdal kangge ngaso . Sinambi nengga kegiatan salajengipun, wonten saperangan
siswa ingkang mlampah-mlampah kaliyan kanca ingkang sampun sami tepang, wonten
ingkang namung lenggahan .
Harjuna namung piyambakan ing SMA Ngastina Praja, boten wonten kanca ingkang
sami saking SMP-nipun. Harjuna lajeng nyelaki siswa ingkang wonten ing sisihipun,
kaliyan ngulungaken tangan, tembungipun alon, polatanipun grapyak lan sumanak.
Harjuna
: Kenalke, aku Harjuna saka kelas X C, yen kowe?
Basukarna : Basukarna, yen aku kelas X A. Sajake aku kaya wis tau
weruh kowe sadurunge , nanging ana ngendi ya, kok aku
Harjuna
lali.
: Lha neng ngendi? Apa nalika ndaftar kae, apa ana ngendi
Basukarna
coba eling-elingen!
: O. iya kowe rak melu seleksi OSN SMP ing Kabupaten kae
Harjuna
ta?
Basukarna : Iya, nanging aku gur entuk nomer 4, yen kowe?
: Ora pa-pa, aku nomer 2. Sing penting awake dhewe wis
duwe pengalaman, sesuk dikembangke ana SMA kene lan
Harjuna
bisa sinau bebarengan.
: Bener, nanging aku durung ngerti omahmu, alamatmu
Basukarna
ngendi ta?
Harjuna
: Desa Ngawangga cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe?
: Yen omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Madukara
Basukarna
no 25, kurang luwih 12 kilo saka kene.
: Wah yen ngono budhalmu luwih esuk tinimbang aku ya, lha
aku yen sekolah mung mlaku sebab omahku gur kulon
sekolahan iki. Yen
kowe ana wektu mampir menyang
Harjuna
omahku ya.
: Ya kena wae, kae wis bel, ayo enggal menyang aula, mesthi
Basukarna
kegiyatan bakal dibacutke.
: Ya ayo

Salajengipun Harjuna lan Basukarna enggal-enggal mlampah dhateng aula amargi


sampun bel, minangka pratandha bilih kegiyatan MPS salajengipun badhe kawiwitan.

Tuladha 2:
Dinten menika siswa enggal sami daftar ulang. Ing Gerbang SMA Budi Luhur, Rina
ketingal bingung, amargi dereng mangertos papan ingkang badhe dipuntuju. Piyambake
lajeng nyelaki lare sapantaranipun, nyuwun pirsa aula papan daftar ulang. Kanthi sopan
Rina ngaruh-aruhi lare kasebat.
Rina
: Nuwun sewu Mbak, aulanipun pundi nggih?
Ega
: Badhe daftar ulang Mbak?
Rina
: Inggih!
Ega
: Sami, sareng kemawon, kula nggih dereng ngertos.
Rina
:
Nepangaken,
nama
kula
Rina,
menawi
asma
Ega
panjengengan?
Rina
: Nama kula Ega, saking SMP pundi?
Ega
: SMP kalih, menawi Mbak?
Rina
: SMP sekawan
Ega
: Hebat, NEM-ipun pinten?
Rina
: Tiga lima, menawi njenengan pinten?
Ega
: Begja mawon ketampi, namung tiga satu.
Rina
: Ampun kuwatir, sing penting masuk.
Ega
: O, menika aulanipun.
: Inggih, mangga.
Lampahipun lare kekalih sampun celak aula. Rina sampun boten bingung malih,
piyambake ketingal semangat, menapa malih sareng angsal kanca semanak kados Ega.
Sareng Rina rampung daftar ulang lajeng ngundang Ega.
Rina
: Mbak kula sampun rampung, Njenengan sampun dereng?
Ega
: Dereng, nengga panggilan, beres Mbak?
Rina
: Beres, yen ngaten ngrumiyini nggih, sampun ditengga.
Ega
: Ajrih menawi ical nggih?
Rina
: Ampun ngaten, pun nggih.
Rina nilar Ega ingkang taksih nengga giliran kanthi raos gumbira. Piyambake
tumuju parkiran. Sopiripun enggal-enggal mbikak pintu mobil. Dina sepisanan kang
sukses grenengipun Rina.
Saking tuladha pacelathon ing nginggil saged dipunpendhet dudutan/kesimpulan :
isi pitepangan lan samubarang ingkang kedah dipungatosaken rikala badhe
pitepangan
1. Uluk salam
2. Ngginakaken tembung-tembung saking basa krama inggil kangge tiyang sanes,
nanging boten kenging kangge awakipun piyambak
3. Ngginakaken basa krama kangge paring pakurmatan dhumateng tiyang sanes.
Limrahipun kangge tiyang ingkang langkung sepuh, langkung inggil pangkatipun,
menapa dene tiyang ingkang dereng tepang.
4. Nepangaken nama, alamat, asal sekolah, padamelan, lsp.
5. Nyebataken kaperluan.
6. Ngecakaken sopan santun arupi patrap lan pangucap.

A.

TEMBANG MACAPAT
Metrum/aturan ingkang wonten ing tembang macapat
Tembang macapat anggadhahi metrum/aturan-aturan/pathokan inggih menika :
1. Guru lagu : tibaning suwara (a, I, u, e, o) ing pungkasaning tembung/kata saben
gatra/setiap baris.
2. Guru wilangan : cacahing/jumlah wanda/suku kata saben sagatra.
3. Guru gatra : cacahing gatra/baris saben sapada/bait. Tuladhanipun metrum tembang
Dandhanggula ing ngandhap menika.

Jinising tembang macapat saha metrumipun


Guru Gatra, Guru wilangan, Guru lagu

N
o

Jinising Tembang

Mijil

10i

6o

3
10
e

10i

6i

6u

8a

8i

8u

7a

8i

12a

8a

12i

Kinanthi

8u

8i

8a

8i

Maskumambang

12i

6a

8i

8a

Sinom

8a

8i

8a

8i

7i

Gambuh

7u

10u

12i

8u

8o

Asmaradana

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

Dhandhanggula

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

Pangkur

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

10

7a

Megatruh

12u

8i

8u

8i

8o

10

Durma

12a

7i

6a

7a

8i

11

Pocung

12u

6a

8i

12a

5a

7i

1. Maskumambang: nalangsa, prihatin banget


2. Pocung: sembrana parikena
3. Gambuh: nggenah-nggenahake
4. Megatruh: nglangut, getun banget, prihatin
5. Mijil: prihatin
6. Kinanthi: seneng asih
7. Durma: galak
8. Pangkur: sereng
9. Asmarandana: sengsem, sedhih
10.Sinom: renyah, grapyak
11.Dhandhanggula: ngresepake
GEGURITAN
A. Pangertosan
Geguritan mujudaken salah satunggaling asiling kasusastran Jawa gagrag enggal
ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Geguritan kalebet jinising puisi, inggih menika
puisi modern. Kasebat puisi modern awit boten mawi paugeran ingkang gumathok
(bebas). Lajeng ingkang kawastanan puisi tradhisional inggih menika tembang.
Tembang kasebat puisi tradhisional amargi mawi paugeran ingkang gumathok, metrum
inggih menika kaiket dening guru lagu : tibaning swara/vokal ing pungkasaning
gatra/baris/larik, guru wilangan : cacahing wanda/ suku kata saben sagatra, guru gatra :
cacahing larik saben sapada/bait.
Paugeran sawetawis minangka pandom nganggit geguritan inggih menika :
1. Geguritan kalebet puisi Jawa bebas
2. Tetembunganipun boten kedah mawi Jawa Kuna/ basa kawi
3. Pamilihing tembung ingkang mentes
4. Wujudipun kedah larik
5. Saben setunggal irah-irahan saged dumados saking setunggal pada utawi langkung
ingkang baku maknanipun manunggal
6. Amrih endah saged dipunwuwuhi purwakanthi, parikan, lsp
4 W nalika maos geguritan :
1. Wicara : pocapan kedah cetha, boten groyok, blero, utawi mangu-mangu. Kedah
saged ngucapaken aksara kanthi leres.
2. Wirama : iramanipun tiyang maos geguritan saged minangka pandudut/ daya tarik
ingkang mirengaken. Sora botenipun irama kalarasaken kaliyan wosing geguritan.
3. Wiraga : ebahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, luwes jumbuh kaliyan
wos geguritan, boten dipundamel-damel.
4. Wirasa : Wirasa/penjiwaan dipunjumbuhaken kaliyan wosing geguritan.

B. Tuladha Geguritan
Aja Kuwatir Pahlawanku
dening : R. Bambang Nursinggih
Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat lon-lonan tumuju ing girilaya
Kairing swasana tintrim lan wingit nganyut jiwa
Swarane sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa kang lagi mondhong layon
Ora perdhuli apa kang mentas kelakon
Panggah tetep siyaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebate kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktine ing Ngarsa Dalem Allah Taalla
Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
Aja kuwatir pahlawanku arep dakterusake gegayuhanmu
Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.

C. Kawruh Basa
Negesi Tembung :
1. dhandhang
2. manitir
3. layon
4. girilaya
5. tintrim
6. wingit
7. bandhosa
8. panggah
9. wigati
10. kusumayuda
11. sasanalaya
12. ngekuwung
13. sadana
14. sungkawa

15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26
27.
28.
29.
30.

sumitra
santi puja
lelabuhan
pupus
puspa
kapagut
rananggana
ngglewang
gegayuhan
mberat
reretu
ngaru biru
lampus
wadal
sliramu
ngayun
V.

A.

CARIYOS PENGALAMAN

Cariyos ing ngandhap menika kawaosa kanthi sora saha lagu ingkang leres,
kados tiyang dongeng.

Arep Tuku Dikira Ngemis


Tanggaku aran Yanto dodol ana ing pasar Kertosono. Dodolane sepatu, sandhal,
lan tas sekolah. Ramene ora jamak, jalaran stand ing kono paling pepak lan regane
rada miring tinimbang stand-stand liyane.
Ing sawijining dina, ana wong wadon sing sajake ora duwe. Saka panganggone
ketara banget yen uripe rada ngrekasa. Praenane memelas sajak sayah banget. Sapa
bae kang ndeleng ngira yen wong wadon kuwi arep pepriman utawa ngemis. Wong
wadon iku melu uyel-uyelan ing dhasarane Yanto karo wong-wong liyane, milih-milih
barang lan takon pira regane. Wong wadon mau sajake nduwe pangrasa yen mengko
wis rada sepi dheweke lagi arep milih lan takon regane. Nanging, suwe Yanto
nggatekake pawongan mau kok mung meneng wae wiwit teka nganti meh tutup. Yanto
banjur marani wong tuwa mau karo menehi duwit limangatus rupiyah. Karepe Yanto
wong mau supaya enggal lunga.
Meruhi yen diulungi dhuwit wong wadon mau rada kaget lan semu isin, banjur
takon :
Lho niki arta napa, Mas? Kula ngriki nggih badhe tumbas, kok diparingi arta?
Mak dheg. Atine Yanto sajak kisinan. Yanto ora ngira babar pisan yen wong
wadon mau uga arep tuku. Mula Yanto enggal njaluk pangapura lan langsung ngladeni
apa kang dibutuhake.
Oalah. Sinaosa kula tiyang boten gadhah nanging kula nggih kepingin
nyambung katresnan marang putu. Awrate kados napa mawon nggih kula lampahi
nanging kula sanes tiyang ngemis mangkono panguwuhe pawongan iku karo nampani
blanjane. Sepisan maneh Yanto njaluk ngapura nanging pawongan iku sajak abot atine
nginggihi panjaluke Yanto. Sawuse menehake dhuwit wong wadon mau age-age
ninggalake papan kono tanpa noleh babar pisan. Yanto katon isin lan getun banget
ngelingi lelakon mau.

B.

Cobi cariyos ing nginggil kacariyosna kanthi ringkes ngangge basanipun para siswa
piyambak.

C.

Kacariyosna pengalamanipun para siswa ngengingi lelampahanipun ingkang lucu,


ngremenaken, utawi damel sedhih/lingsem!

V. JINISING SERATAN

A. Jenis saha titikanipun seratan :

Deskripsi

Narasi

Eksposisi

- maparaken/ngandharaken satunggaling ancas/tujuan


- panyerat mbudidaya miyaraken seserepan pamaos lumantar
seratanipun
- sasaran : pamaos kagungan kawruh/seserepan wiyar
- boten gadhah ancas suka pangaribawa/pengaruh

Argumentasi

- gagasan kanthi bukti


- panyerat mbudidaya suka pangaribawa
supados pamaos
nglampahi menapa ingkang dipunkajengaken panyerat
- sasaran : suka pangaribawa dhateng pamaos

Persuasi

- ajakan
- panyerat mbudidaya supados pamaos tuwuh keyakinanipun
satemah sarujuk lan nyengkuyung gagasan panyerat
- sasaran : pamaos ndherek ajakanipun panyerat

- nggambaraken
- ancas/tujuan : panyerat mindhah kesan dhateng pamaos
- sasaran : damel daya khayal dhateng pamaos, satemah pamaos
mriksani piyambak objek/gambaran kados ingkang dipunalami
panyerat.
- pengisahan/ mratelakaken/mahyakaken.
- ancas : nyariosaken satunggaling kedadosan/kawontenan
dhateng pamaos (mahyakaken seserepan/pengalaman)
- unsur wekdal nonjol sanget
- kedah wonten diskripsi
- sasaran : pamaos kagungan pengalaman kados dene panyerat

B. Bedanipun Eksposisi & Argumentasi

No.

Keterangan

Ancas

Keputusan

Konsekwensi

Gaya

Basa

Cara
Ngginakaken
Fakta

Eksposisi

Argumentasi

Mbudidaya
njelasaken
&
mratelakaken satunggaling
underaning perkawis
Panyerat
masrahaken
keputusanipun
dhateng
pamaos, pamaos nampik
ingkang
dipunandharaken
boten dados soal, panyerat
sampun
mongkog
bilih
menapa
ingkang
dipunpenggalih
sampun
dipunsaluraken
Raos
frustasi/kuciwa
panyerat
boten
wonten
utawi paling boten boten
ketingal boten gadhah
ancas ngundhang reaksi,
boten
suka
pangaribawa
solah bawa & pamanggih
pamaos
Langkung
remen
ngginakaken gaya ingkang
informatif,
ingkang
mbudidaya
kagem
mratelakaken sagamblanggamblangipun
objek
satemah
pamaos
saged
nangkep menapa ingkang
dipun maksud

Mbudidaya
mbuktekaken
kanthi leres satunggaling
underaning perkawis.
Panyerat pengin ngewahi
pamanggih
pamaos,
mbudidaya
supados
pamaos pitados dhateng
andharanipun
lan
nilar
pamanggih
kuno
nampi
pamanggih enggal

Kanthi basa pawartos tanpa


raos subyektif & emosional

panyerat
boten
mbudidaya mancing emosi
pamaos
Fakta
dipunginakaken
minangka alat konkritisasi
damel rumusan & kaidah
ingkang
dipunandharaken
menika langkung konkrit

Basanipun asifat rasional &


obyektif

Panyerat tansah ngajengajeng


kanthi
pesthi
pamaos/tiyang
sanes
dhumateng
pamanggih
satemah
badhe
gampil
muncul reaksi

Mbudidaya supados pamaos


pitados
kaleresanipun
andharan
pramila
gaya
seratanipun
kedah
ngyakinaken. (fakta)

Fakta minangka evidensi


minangka
bahan
pembuktian

C. Tuladha Seratan diskripsi


Sendhang Polaman
Sendhang Polaman menika sendhang ingkang wujudipun blumbangan tiga,
toyanipun bening ngantos ketingal dhasaripun. Blumbang ingkang nginggil dipuntembok

sarta dipuntutup semen, blumbang menika ingkang dados sumber toya omben ing Lawang.
Sacelaking sendhang wonten wit preh ageng ingkang sampun tuwa. Wit kala wau dados
kratoning kethek.
Sendhang wau kathah ulamipun, ageng alit maewu-ewu cacahipun. Menawi
sendhang dipununcali sekul utawi roti, lajeng byuk ulam-ulam sami mlempak rebatan
tedha. Ing kawontenan ingkang mekaten menika, menawi wonten ingkang nyawuk toya
mawi siwur ing sendhang wau, sacawukan kemawon saged angsal ulam pinten-pinten dasa.
Emanipun, boten wonten tiyang ingkang wantun nyawuk saha mendhet ulam ing Sendhang
Polaman awit ajrih ila-ila.
D. Tuladha seratan narasi
ULEMAN
Saben tanggal 17 warga kampung Modinan ngawontenaken pepanggihan RT.
Kampung Modinan menika mapan ing Kalurahan Kauman, Kecamatan Tirtadinatan.
Masyarakat ing kampung ngriku katingal guyup rukun, saiyek saeka kapti. Menawi wonten
paridamel sadaya warga sami nyengkuyung, nyambut damel kanthi gotong royong. Boten
wonten warga ingkang kantun, kerig rampit anandangi.
Keleres dinten Rebo tanggal 13, Partana ngideraken uleman. Isining uleman para
warga kasuwun rawuh wonten rapat RT ing dinten Minggu tanggal 17. Partana ndhodhog
kori satunggaling griya. Kori kabikak.
II.
DUMADOSIPUN AKSARA JAWA
Gancaring cariyos, Ajisaka mengsah/ perang kaliyan Prabu Dewata Cengkar ingkang
awatak angkara murka. Sabibaripun
saged ngawonaken Prabu Dewata Cengkar, Ajisaka
jumeneng nata ing Medhangkamulan jejuluk Prabu Widayaka.
Sabibaripun purna yuda kaliyan Prabu Dewata Cengkar, Ajisaka kemutan kaliyan
abdinipun ingkang kasuwun njagi pusaka ing Pulo Majethi jejuluk Sembada. Prabu Ajisaka
utusan dhateng Dora supados mendhet pusaka lan ngajak wangsul Sembada.
Dora dumugi ing Majethi badhe nyendikani dhawuhipun Prabu Ajisaka, ananging
Sembada boten purun maringke kerisipun dhateng Dora awit kala rumiyin nate dipunpesen
dening Prabu Ajisaka bilih boten pareng maringke kerisipun dhateng sinten kemawon kejawi
Prabu Ajisaka piyambak ingkang nyuwun.
Sembada kukuh kaliyan piwelingipun Prabu Ajisaka, semanten ugi Dora, kedah saged
nyembadani dhawuhipun Prabu Ajisaka. Lajeng antawisipun Dora lan Sembada tuwuh
pradondi awit badhe ngestokaken dhawuhing bendara. Kanthi pradondi boten saged
ngrampitaken perkawis lajeng sami tandhing yuda antawisipun Dora lan Sembada. Abdi
kekalih kala wau pranyata sami-sami sektinipun, wekasanipun sami sampyuh, seda
sesarengan.
Prabu Ajisaka ngentosi duginipun abdi kekalih ngantos dangu, pramila ngajak abdi
sanesipun, Duduga lan Prayoga madosi ing Pulo Majethi. Dumugi ing ngrika Prabu Ajisaka
pinanggih kaliyan Dora lan Sembada sampun seda .
Ajisaka rumaos keduwung. Kangge pangemut-emut lan minangka tandha tresnanipun
dhateng abdi kekalih kala wau lajeng Ajisaka ngripta Aksara Jawa, mekaten :

ha

na

ca

ra

ka

: ana utusan

da

ta

sa

wa

la

: ora suwala/ manut dhawuh

pa

dha

ja

ya

nya

: padha sektine

ma

ga

ba

tha

nga

: dadi bathang/ mati

Aksara Jawa
Aksara urip (caraka)

Aksara mati (pasangan)

BHARATAYUDA
Silsilah Nata Ngastina
D. Gangga + Pr.Sentanu + D. Durgandhini + Pr. Palasara

Bhisma

1. Citragangga

Ambika +

Abiyasa + Ambalika

2. Ciitrawirya
Gendari + Dhestarata

Sata Kurawa
1. Duryudana
100. Dursilawati

Kunthi + Pandhu + Madrim

1. Puntadewa
4. Nakula
2. Werkudara
5. Sadewa
3. Janaka + Wara Sembadra

Siti Sundari+ Abimanyu + Utari

Parikesit

Putra
1.
2.
3.
4.

Pandhawa nate mbedhah Ngastina :


Gathotkaca
Antareja
Antasena
Wisanggeni

BALE SIGALA-GALA
Kacariyos Prabu anom Duryudana sampun utusan nimbali kadang Pandhawa,mila
mboten dangu kadang Pandhawa lajeng sowan, Sareng sampun satata lenggah lajeng
dipun ngendikani,menawi saking kersaning ingkang Rama Prabu Dhestarata,,Kadang
Pandhawa sami kaparingan lenggah wonten ing tlatah Waranata.Kaprenah sakidulipun
nagari,ingkang padamelan saha sedyanipun badhe kadamelaken dening para kadang
Kurawa.Kadang Pandhawa matur nuwun sanget nedya ngestokaken dhawuh,lajeng nyuwun
pamit,kaliyan nunten bidhal.
Wonten ing salebetipun para kadang Pandhawa kesah,Prabu Anom Duryudana tuwin
Patih Sengkuni saha para kadang Kurawa nunten sami ngrembag anggenipun nedya
tumpes para Pandhawa. Sarana ndamelaken griya ingkang sae.Nanging sampun kareka ing
salebetipun dipun iseni damar ingkang gampil kabesmen.Samangke menawi kadang
Pandhawa pinuju sare kepati wonten ing salebetipun griya menika.Konten-konten dipun
kunci saking njawi lajeng griyanipun dipun besmi.Sadaya kadang Kurawa sami ngestokake
dhawuh, lajeng bibaran pasewaken gapuran.
Wonten ing salebetipun gupit mandrakini praja Ngastina Prabu Destarata saha
prameswari Dewi Gendari tuwin Dewi Dursilawati sami lelenggahan kaadep para parekan,
sami mirsani gebyakan beksan bedhaya srimpi, katungka rawuhipun Prabu Anom
Duryudana , lajeng kaacarani lenggah. Sareng sampun satata lenggah nunten sami imbal
pangandikan bab kawontenanipun kadipaten, lajeng sami kembul bujana.
Wonten ing pasowanan njawi negari Ngastina, Patih Sengkuni, Raden Dursasana,
Durmagati,Citraksa,Citraksi, Kartamarma lan pepak para kadang Kurawa, sami ngrembag
bab andum damel anggenipun andamelaken griyanipun kadang Pandhawa wonten ing
Waranata, ingkang sampun samanta sedya, lajeng bidhal kapalan perang ampyak.

Mandheg ing kasatriyan praja Ngastina, Dewi Kunthi kaadhep para putra Pandhawa
saha punakawan, ngrembag anggenipun nedya pindah griya enggal dhateng ing Waranata,
Sareng sampun samanta lajeng bidhal.
Dewi Kunthi lumampah dharat, kadherekaken para putra tuwin Punakawan, dene
Raden Bratasena lampahipun mlumpat, mboten dangu kapapag dening danawa kalih,
nama Ditya Purocana lan Purabaya.Ditya kalih wau ngalang sulayaning rembag, dados
pancakara,wekasan ditya kalih nemahi pejah. Kuwanda muksa, badhar dados Sang
HyangBrahma lan Sang Hyang Indra. Paring sumerep bilih kurawa sami anggadhahi sedya
awon, benjing menawi griya wau kabesmi, supados Raden Bratasena lan kadang saha Ibu
ngetutake garangan pethak. Ing mriku margining manggih wilujeng. Sasampunipun
wewarah, dewa kekalih nunten kondur dhateng Kahyangan. Raden Bratasena saha kadang
Ibu nglajengaken lampah.
Adegipun Bale sigala-gala ingkang dumunung wonten ing satengahipun Waranata,
Dewi Kunthi saha para putra sami rumaos marem dene manggen wonten ing padaleman
ingkang sakalangkung edi,anggenipun ndamelaken para kadang Kurawa. Namung
kemawon sang Bratasena ingkang sampun waspada ing semu, katungka sowanipun para
Buyut pandhita, wiku saha sapanunggalipun.Ingkang sami mangayubagya dene para
Pandhawa punika pindhah dedunungwonten ing mriku.Mboten dangu katungka rawuhipun
Prabu Anom Duryudana, Patih Sengkuni saha para kadang Kurawa lan wadya.Wadya bala
sami mbekta dhaharan inuman ingkang eca-eca lajeng sami kembul bujana
andrawina,inum-inuman waragang kathah ingkang sami wuru, naming raden Bratasena
ingkang waspada ing semu.
Kocap sareng para kadang Pandhawa sami wuru, Patih Sengkuni lajeng dhawuh
dhateng kadang kurawa kapurih mbesmi griya wau. Raden Bratasena sareng sumerep latu
ngalat-alat lajeng ngrangkul kadang-kadangipun saha ibu, nunten nalika semanten wonten
garangan pethak, lajeng dipun tutaken lampahipun, garangan lumebet dhateng trowongan
lajeng jumedhul wonten satengahe wana, para kadhang Pandhawa wilujeng lepat saking
paekanipun ingkang raka, Prabu Duryudana. Kacariyos ing nagari Ngastina, midhanget
aturipun kawula ing padhusunan bab bale pasanggrahan ingkang kabesmi ing wanci dalu.
Prabu Destarata dalah Resi Bisma sakalangkung sungkawa ing galih ngantos mboten
saged ngampet wedaling waspa.Dene Suyudana dalah kadang-kadangipun bingah wiwit
ical klilipipun.
Tugas Individu: kapadosna lan kadamela Biografi pandawa salajengipun dipun tulis/ketik
rapi lan dipun kempalaken wiwit minggu ngajeng.

Taman Sari
Taman Sari gadhah kalangkungan menawi katandhingaken kaliyan obyek wisata
sanesipun, kejawi gadhah wisata sejarah awit minangka peranganing Kraton
Ngayogyakarta, papanipun gampil dipuntuju. Kejawi dados asset wisata ugi asset budaya,
minangka peninggalan purbakala.
Taman sari mapan ing iring kidul kulon kraton, ing salebetipun beteng. Miterat
riwayatipun taman sari kabangun dening Sri Sultan HB I tahun 1758 M, minangka papan
palereman kulawarga kraton, papan rekreasi ugi beteng pertahanan. Taman sari kabangun

dangunipun watawis 4 tahun kawiwitan nalika tahun 1687 1691 Lajering Kembang Sinisep
Peksi (tahun jawa).
Sesebatan sanesipun taman sari inggih menika water castle utawi istana air utawi
kraton banyu amargi ing ngriku wonten Taman Segaran ugi taneman sekar kenanga
ingkang arum lajeng papan kasebat dipun wastani Kraton Pulo Kenanga, minangka
mapanipun Sri Sultan HB I ngantos HB III. Ing iring kulon wonten Masjid Taman Sari ingkang
dumados kalih tataran, tataran sepisan papan sholatipun prameswari, tataran kalih kangge
papan sholatipun sultan. Ing tengahipun wonten ingkang dipun wastani Sumur Gumuling
papan kangge wudlu, saking Sumur Gumuling wonten trowongan kirang langkung
selangkung kilometer ingkang tembus ing Parangkusuma.
Salebetipun taman wonten papan pasiraman kangge para putri sultan dipun wastani
Umbul Kawitan, Umbul Pamuncar kagem ratu dene Umbul Pangurasapan kagem
pasiramaning sultan. Mapan ing antawisipun Umbul Pamuncar lan Umbul Pangurasapan
wonten Gedung Cemeti papan nyimpen pusaka kraton. Ing iring kidulipun Kraton Pulo
Kenanga wonten Pulo Penambung papan semedi sultan, iring wetan wonten Taman Segaran
papan kangge praon mawi gethek lan wonten wewangunan arupi plengkung dipun wastani
Plengkung Taman Segaran. Nalika mlebet ing Taman Sari miyos Gapura Agung (saking iring
kulon), dipun pungkasi Gapura Panggung (iring wetan).
Wewangunan ing Taman Sari maneka warni cakrikipun, wonten cakrik Jawa asli,
Hindu, Budha, Islam, Cina, Eropa. Miterat cariyos ingkang sumebar wonten tiyang Portugis
aran Tegis ingkang baitanipun kesasar ing Parangtritis. Sarehne tiyang Portugis wau saged
damel wewangunan lajeng kepasrahan damel taman lan wewangunan ing salebetipun
taman. Dipandegani pangeran Notokusumo (Pakualam I), Tumenggung Mangun Dipuro,
Prawirosentiko lan Demang Tegis.
Pandameling Taman Sari saking bata campuran adukan kapur, pasir, degan lan
pethaking tigan. Ing kiwa tengenipun wewangunan dipun tanemi maneka warni jinis witwitan, woh-wohan, sekar lan obat-obatan.
Kawontenanipun Taman Sari samenika sampun kathah wewangunan ingkang risak
amargi lindhu, jawah, bentering srengenge lan tangan jahil para wisatawan. Ing sakiwa
tengenipun kathah madeg wewangunan griya kangge pagesanganipun tiyang kampung lan
nyawiji kaliyan Taman Sari. Menawi boten dipun jagi kanthi sae situs purbakala menika
saged risak lan mbebayani tumrap keslametanipun warga ingkang mapan ing sakiwa
tengenipun. Sinaosa mekaten wonten untungipun, warga kasebat lajeng ngedekaken toko
kerajinan kangge tandha mata para wisatawan ingkang sami mirsani situs purbakala
kasebat.
Perangan wewanguan ing Taman Sari :
1. Kraton Pulo Kenanga
2. Umbul Kawitan
3. Umbul Pamuncar
4. Umbul Pangurasapan
5. Gedhung Cemeti
6. Pulo Penambung
7. Taman Segaran
8. Sumur gumuling

10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.

Kawruh Basa :
1. wisata
2. palereman
3. beteng
4. tataran
5. umbul
6. semedi
7. praon
8. gethek
9. plengkung: buwengan
gapura
cakrik
baita
sarehne
dipandhegani
benter
nyawiji
sinaosa

CERKAK

Titikanipun :
1. Wosipun ringkes : kirang langkung 10.000 tembung.
2. cariyosipun fiksi
3. perwatakan tokoh dipungambaraken sakeplasan
4. Namung wonten 1 alur
5. Dipuntampilaken sepisan
6. Konflik ingkang medal boten ngantos ngewahi nasib.
Unsur-unsur intrinsik :
1. Tema : undheraning cariyos ingkang dipunpitadosi dados sumbering cariyos.
2. Alur : urut-urutaning cariyos ingkang ndhapuk satunggaling cariyos.
Tahapanipun :
a. Pengantar : peranganing cariyos arupi gegambaran wekdal, papan,
kedadosan ingkang mujudaken wiwitaning cariyos.
b. Penampilan masalah : perangan ingkang nyariosaken masalah ingkang
dipunadhepi dening paraga.
c. Klimaks : perkawis sampun awrat, konflik memuncak.
d. Anti klimaks : perkawis sampun wiwit saged dipunrampungaken, kuwatir
ugi sampun wiwit ical.
e. Penyelesaian : masalah sampun saged dipunrampitaken
3. Latar : papan, wekdal, kawontenan. Satunggaling cariyos kedah cetha
wonten pundi, kapan dumadosipun, kawontenan rikala cariyosipun dumados.
4. Tokoh : paraga ingkang wonten ing salebeting cariyos.
5. Watak : nggambaraken watak utawi karakter batin lan fisik satunggaling
tokoh ingkang saged dipuntingali saking :
a.
dialog tokoh
b.
penjelasan tokoh
c.
gegambaran fisik tokoh.
6. Nilai/amanat : pesen ingkang dipunandharaken panyerat lumantar
cariyosipun.

Raden Rangga
Panembahan Senapati
Satunggaling dinten ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan
Senapati diadhep putrane.
Apa sira ngerti, sebabe daktimbali Rangga? Pandangune Panembahan
Senapati.
Boten Rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kedah kula tindakaken?
Sewengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti
samparanku? Pandangune ingkang rama.
Raden rangga nyembah, banjur wiwit mijeti samparane ramane, sinambi
dipijeti, Panembahan Senapati nerusake pangandikane.
Rangga, sira kudu sadhar, yen sing koktindakake wingi kae dudu tumindak
kang becik, sanajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga tumbak Manggala
Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe
utusan Sultan Hadiwijaya pajang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten.

Yen tumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi ing antarane
aku lan mitraku. Aku samar yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu
dhewe. Sira kudu ngerti yen ana gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing
ngluwihi dhuwure. Coba putungen drijiku yen kowe rumangsa sekti.
Raden Rangga rumaos serik manahipun, rumaos dipunece dening ramanipun,
lajeng nyobi mutung drijinipun keng rama, nanging boten saged.
Rangga paribasane Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti, sakabehing
wujud tumindak ala lan angkara murka iku bakal sirna kanthi luhuring budi lan
tumindak utama, tumindakmu iku ora becik, kumalungkung, apa ta sing sira goleki
ing panguripan sira iku? Uripe mangungsa ora suwe, bakal abadi ing alam sawise
mati, becike sira singkiri tumindak sing ala lan seneng pamer iku. Adhuh Rangga
kok apakake sikilku iki, rasane kok panas banget?
Samparane ramane dipijet sakatoge, minangka tandha yen Raden Rangga
boten remen
pangandikanipun keng Rama. Panembahan Senapati enggal
nendhang Raden Rangga ngangge Samparanipun, saengga Raden Rangga mencelat
medal nabrak beteng kraton ngantos jebol lan dhawah ing desa Depokan (samenika
mapan ing kidul Bonbin Gembiraloka).
Raden Rangga lajeng mlajar nilar Mataram, Piyambakipun ngertos menawi
ramanipun duka sanget. Kesahipun tumuju ing Pati daleme pamanipun Wasis
Jayakusuma. Nalika menika pamanipun nembe lenggah siniwaka kaadhep para
nayaka ing pendhapa kadipaten. Adipati Wasis ngawe, supados Raden Rangga
nyelaki paman. Ing salebeting pendhapa wonten sela ageng ingkang boten saged
dipunpindhah nalika pendhapa kabangun, sebab boten wonten mergi sanes. Raden
Rangga nerjang sela ageng wau saengga sela wau ajur rata kaliyan siti. Sedaya
ingkang wonten sami gumun. Raden Rangga lajeng mapan sawetawis ing Pati
ndherek pamanipun.

Amargi sampun sawetawis ing Pati, Raden Rangga rumaos kasepen, boten
saged dolanan gatheng, watu bunder 50 kg. Piyambakipun jeleh lajeng nimbali
dhateng satunggaling prajurit regol:
Paman apa ing kene ana wong sing sekti ngluwihi aku?
Wonten Raden, satunggaling pertapa ingkang sumendhe ing wit, lan elok, wit
asem wau dados garing lan pejah.
Raden Rangga lajeng dipundugekaken ing pertapa kasebat, lajeng nyuwun
pirsa dhateng pertapa.
He, sang atapa jawaben pitakonku iki, apa sejatine tujuwan wong urip iku lan
kepiye nasibku sesuk?
Sarehne ingkang disuwuni pirsa mndl mawon, sang atapa lajeng
dipuntendhang dhawah klumah, saderengipun tekaning seda, pertapa mangsuli lan
sepata :
He bocah enom sing ora ngerti tata krama, wong urip iku mung bekti lan
ngawula marang Gustine, dene nasibmu ora bakal suwe uripmu, yen sesuk ing
Mataram ana ula gedhe kang gawe gendra yaiku kang bakal males tumindakmu
sing seneng milara.
Aku ora wedi, saiki kena, sesuk ora dadi apa, wangsulane Raden Rangga
kumaki.
Sedaya kedadosan ingkang dipunalami ing Pati dipuncariyosaken dhateng
Ramanipun ing Mataram. Raden Rangga lajeng kadhawuhan meguru ngaji dhateng
eyangipun Ki Juru Martani, supados sampurna ngelmunipun. Sinaosa ing salebeting
manah boten remen, Raden Rangga nurut kemawon. Saduginipun ing daleme Ki
Juru Martani, Raden Rangga nengga Ki Juru Martani nembe shalat luhur, sinambi

mbolongi jun ngangge drijinipun. Toyanipun dados mancur, Raden Rangga rumaos
remen manahipun. Ki Juru Martani Priksa lajeng ngendika :
Thole Rangga apa drijimu ora lara, watu iku rak atos?
Boten eyang, menika watu empuk sanget.
Atos, watu iku atos. Ngendikane Ki Juru Martani.
Sanalika sela dados atos, astanipun Raden Rangga kraos sakit. Raden Rangga
rumaos klentu lajeng kersa meguru dhateng eyangipun, dipunwulang tata krama
lan budi pekerti luhur lan ngemu utama.
Satunggaling dinten Raden Rangga kadhawuhan nyingkiraken ula ageng
ingkang ngganggu warga ing Patalan Bantul. Ula ingkang ngubet sariranipun saged
dipunkawonaken, ula pejah amargi endhase dikeplak ajur dados sawalang-walang.
Raden Rangga boten ateges menang, sariranipun kraos lungkrah, balungipun remuk
kados dipunlolosi nalika dipungubet ula, wekasan Raden Rangga seda, trep kados
sabdanipun sang atapa ingkang dipunpilara tanpa dosa.
Tugas : Kadamela analisis unsur intrinsik saking cerkak ing nginggil
SERAT WEDHATAMA

Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunagara IV (MN IV) miyos ing surya kaping 3 Maret 1811
asma alitipun Raden Mas Sudira. Ramanipun asma KPH Hadiwijaya ibunipun
menika putri KGPAA Mangkunagara II. Dados menawi dipuntingali saking
silsilah putri, Sudira
menika wayah KGPAA Mangkunagara II.
pemerintahanipun wiwit 1853 dugi sedanipun 1881.

kanthi
inggih
garis
Masa

Serat Wedhatama : sawijining karya kang isi kawruh kanggo didadekake ajaran
jroning nggayuh kautaman lan kaluhuran urip lan kauripan umat manungsa.
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV klebu sawijining karya
sastra Jawa kang wigati ing jagading kasusastran. Katitik nate kajarwakake ing Basa
Belanda, Inggris lan Prancis. Malah kalawarti Djawa tau nganakake lomba
njarwakake menyang basa Belanda (Djawa No. 1927).
Sing dadi pemenang ing lomba kasebut yaiku Zoetmulder (Prof. Dr. PJ
Zoetmulder iku bangsa Jerman, ahli sastra Jawa kuna, Guru Besar Sejarah UGM,
kanthi bukune sing kondhang yaiku Kalangwan ngenani studi sastra Jawa kuna.
Serat Wedhatama awujud tembang; isine paring piwulang marang para mudha
supaya ngucap lan tumindak becik, nduweni jiwa satriya, nindakake lan taat
marang agama lan negara, sarta ora kelangan falsafah kejawen. Naskah kanthi
aksara Jawa iki (sing asli) disimpen ing Perpustakaan Reksa Mangkunegara,
Surakarta.

Wedhatama dumadi saka 5 pupuh, 100 pada. Pupuh Pangkur (ing pada 1-14),
Sinom (ing pada 15-32), Pocung (ing pada 33-47), Gambuh (ing pada 48-82), ing
pupuh Kinanthi (pada 83-100). Ana tembang sing kaya wis mbalung sungsum ing
atine wong Jawa, malah cakepane akeh sing apal.
Tembang Wedhatama ditegesi ilmu kang utama, sengaja kaanggit wujud
tembang, amrih gampang diapalake. Ing pada kepisan, sapa wae kudu ngedohi
nafsu angkara kanggo sangu nggulawentah putra. Piwulang iku ora mung
katujokakke para mudha nanging uga para sepuh.
Sabanjure uga diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku
titkane tansah nggugu karepe dhewe, yen omong cal-cul tanpa dipikir luwih dhisik,
kuminter, emoh yen dianggep bodho lan mendem aleman, akeh omonge sing tanpa
guna.
Dene
wong
pinter
alus solah
bawane,
andhap
asor,
becik
bebudene/tumindake, ora seneng pamer, ora gampang mutung yen disaruwe, pikire
wening, yen ngrampungake prakara kebak ing kawicaksanaan.
Wedhatama nelakake, apa sejatine wong sing bisa dianggap diwasa yaiku
gegondhelane agama, putus ing ngelmu bisa nyapih hawa nepsune, mawas
manunggaling kawula Gusti. Dene para mudha lumakuwa minangka satriya Jawa
(nuladha laku utamane Pnembahan Senapati, raja kapisan bumi Mataram). Titikane
satriya Jawa yaiku lila yen kelangan, sabar ing pacoban, pasrah lan tawakal mring
Gusti. Ing Wedhatama uga ana pitutur wong urip kudu nindakake tapa brata, ing
jaman saiki bisa ditegesi tirakat, urip samadya (prasaja). Ancase supaya anak
putune urip kepenak, dhuwur drajat lan pangkate. Dhasar uripe wong Jawa iku ana
3, yaiku wirya (pangkat), arta (sugih bandha) lan winasis (pinter). Yen tetelune iku
sing dadi pangarep-areping wong tuwa marang anak putune. Yen urip dadi wong
angguran, rekasa uripe, bodho (ora duwe ngelmu) bebasan uripe aji godhong jati
aking
Kawruh Basa :
1. miyos : lair
2. anggitane : karangane
3. wigati : penting
4. kajarwakake
:
dipunterangaken
5. kalawarti : majalah
6. kondhang
:
kaloka,
kawentar, misuwur
7. pupuh
:
kempalan
setunggal jenis tembang
macapat
8. mbalung
sungsum
:
nyawiji, manunggal
9. cakepan : syair
10.pada : bait

11.mendem aleman : remen


dipunalem
12.disaruwe
:
dicacat,
dilokke
13.nelakake : nedahaken,
nerangaken
14.putus
ing
ngelmu
:
pana/ngerti
ngelmu
agama
15.tawakal : pasrah
16.tapa brata : laku prihatin
17.drajat : kalenggahan
18.aji godhong jati aking :
tanpa aji

19.

20.
21.
22.

ILIR-ILIR

23.
24.
Nalika taun 1965 akeh wong sing padha ngadegake partai politik.
Saben wektu (esuk, awan, sore, bengi) padha nganakake kampanye. Yen wayah
bengi anggone kampanye kanthi cara gawe panggung kanggo bocah nganti wong
tuwa. Yen bocah bisa kanthi pentas tari lan lagu (tembang), umpamane tembang
Cublak-cublak Suweng, Tukung-tukung, Jaranan, Ilir-ilir, lsp.
25.
Ana sing kandha yen Ilir-ilir iku anggitane Sunan Kalijaga, nanging ana
sing kandha ora dimangerteni pengarange, kabeh panemu sumangga, sing baku Ilirilir kondhang lan disenengi masyarakat.
26.
Coba gatekna tembang ilir-ilir lan maknane ing jaman revolusi iki.

27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.

ILIR-ILIR
Lir-ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Bocah angon cah angon , penekna blimbing kuwi,
Lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodotira,
Dodotira dodotira, kumitir bedhah ing pingir,
Domana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane
Dha surakaaa, surak horeee

38.
39.
Maknane kurang luwih mengkene :
40.
Para kawula / para mudha, pelajar wis wani berjuang (sumilir)
41.
Sanajan lagi sithik ngelmune (ijo) bab pamerentahan lan politik lanang
lan wadon (kaya temanten) padha wani berjuang.
42.
Para kawula / rakyat (cah angon) padha belanana negara Pancasila
(blimbing, sing lingire ana 5), minangka sandhangane (dodot).
43.
Sanajan abot lan angel (lunyu) kudu bisa seba kanggo resiking/pulihing
Negara RI.
44.
Jaman iku Pancasila (dodot = sandhangne bangsa Indonesia) arep
diothak-athik, njalari tumpang suh, kisruh, saengga tuwuh salah paham antarane
partai siji lan sijine, kelompok siji lan sijine (kumitir bedhah ing pinggir).
45.
Nanging partai lan kelompok sing beda panemu kudu dirangkul
(didadekake siji) kanggo nerusake gegayuhane bangsa Indonesia. Mumpung ana
wektu sing becik lan ana sing mitulungi (ekonomine bangsa Indonesia) yaiku negara
kulonan (negara Barat).
46.
Wiwit biyen nganti jaman saiki pancen tembang ilir-ilir disenengi lan
tansah ditembangake wong Jawa, umpamane ing pagelaran wayang, kethoprak,
malah saiki kanggo ing campursari, macapatan, samroh, uga kairing wujude iringan
sing manekawarna (kolaborasi); ana sing karawitan lan musik (campursari),
karawitan lan dangdut, band lan samroh lsp.
47.
Nalika taun 1999 (wiwitane reformasi) ilir-ilir ditembangake ing HUT
Rike-54 ing tlatah Sala, malah musik Kyai Kanjeng pimpinane Emha Ainun Najib
(Cak Nun) uga nembangake.
48.
Ana sing negesi tembang ilir-ilir ing jaman reformasi iku mangkene :
49.
Wektu iku akeh tuwuh (muncul) partai anyar jaman biyen.
50.
Partai anyar padha kepengin dadi pemimpin (raja) kaya dene raja
sehari (temanten anyar). Pemudha sing asale saka desa (bebasan cah angon)
padha berjuang nggayuh pepinginane dadi pemimpin.

51.
Ora ketang abot sanggane kabeh kepingin kasembadan gegayuhane,
kanggo ngresiki jeneng lan mbalekake ajining dhiri lan kawibawane (mbasuh
dodorita).
52.
Pamarintah kaya wis kelangan kapercayan saka wargane saengga
rakyat mung bisa nyalahke marang aparat.
53.
Sanajan mangkono kahanane, pamarentah / aparat negara kudu bisa
ngrangkul rakyat (wong cilik) kango mbangun negara sing duwe gegayuhan luhur
(ing Pancasila). Mumpung ana partai / kelompok sing gedhe (gelem gabung) lan
antuk pitulungane negara manca (jembar kalangane) ayo padha duwe semangat
kanggo berjuang.
54.Kawruh Basa :
1. anggitane : karangane
2. sumilir : midid alon lakune tumrap angin
3. sengguh : kira
4. masuh : ngumbah
5. dodot : kain, jarik
6. kumitir : kumlebat
7. bedhah : suwek, jebol
8. jlumatana :ndondomi jarik kang suwek
9. seba : sowan, seda
10.kalangan : kalodhangan, papan kanggo adu jago
11. wibawa : kaluhuran, kamulyan
12. angon : ngumbar lan ngulatke raja kaya.

55.
56.
Makna tembang ilir-ilir miterat Politik :
57.
Para kawula mudha sampun wani berjuang, siaosa taksih
sekedhik ngelmunipun bab pamarentahan, kakung estri wantun berjuang.
Siaosa awrat kedah saged awit kangge resiking negari RI. Jaman semanten
Pancasila minangka sandhanganipun bangsa badhe dipunothak-athik, njalari
kisruh satemah ndadosaken salah paham. Partai ingkang beda menika kedah
dipunrangkul kangge nglajengaken gegayuhanipun bangsa Indonesia.
Mumpung taksih wonten wekdal ingkang sae lan wonten ingkang mitulungi.

58.
59.

Makna tembang ilir-ilir miterat Sunan Giri :


60.Pemut dhumateng tiyang ingkang ngrasuk agama Islam bilih
mumpung taksih kiyat lan gadhah wekdal sae. Kaprayogekaken supados
saged ngibadah mliginipun nglampahi kuwajibanipun sholat 5 wekdal.
Sinaosa karaos awrat ananging ngibadah kala wau mujudaken srana kangge
ngesiki kalepatan utawi kekiranganipun anggenipun nyaketaken dhiri
dhateng Gusti. Sumangga anggenipun ngibadah dipundandosi lan
dipuntengenaken malih. Awit sedaya amal kasaenan lan ngibadah kula lan
panjenengan minangka sangu kangge sowan dhateng ngayunaning
Pangeran/Gusti. Mumpung taksih kiyat lan mumpung taksih gadhah
kalodhangan.

61.
62.Bergegas,.. Ki Ageng Pemanahan dan Danang Sutawijaya pergi ke
Istana Pajang menghadap Kanjeng Sultan Hadiwijaya !!! Sultan
Hadiwijaya agak sedikit kaget, ketika menerima laporan .. bahwa Ki
Ageng Mataram dan anak angkatnya Danang Sutawijaya ingin
menghadap dengannya !!! Setelah bertemu dan merangkul Ki
Ageng Pemanahan, Kanjeng Sultan berkata Sungguh
mengejutkanku Kakang

63.

64.
K.G.P.A.A.
Mangkunagara IV
65.
Raja Mangkunegaran.
66.
La

69.
W

72.
Ja

67.Surakarta,
1811

68.

70.Surakarta,
1881

71.

73.

Raja
Mangkunagara
n (1853-1881)

74.

75.KGPAA Mangkunagara IV (MN IV) lahir pada tanggal 3 Maret 1811


(Senin Pahing, 8 Sapar 1738 tahun Jawa Jimakir, Windu Sancaya)
dengan nama kecil Raden Mas Sudira. Ayahnya bernama KPH
Hadiwijaya sementara ibunya adalah putri KGPAA Mangkunagara II.
Jadi jika dilihat dari garis silsilah putri, Sudira adalah cucu KGPAA
Mangkunagara II. Masa pemerintahannya adalah sejak 1853 hingga
wafatnya 1881. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya. KRMT : Kanjeng
Raden Mas Tumenggung. KPH : Kanjeng Pangeran Haryo
76.Sejak masih anak-anak Sudira sudah dikenal kepandaian dan
kecerdasannya. Pada umur 14 tahun menjadi kadet di Legiun
Mangkunagaran. Pada waktu itu yang sedang memerintah di Pura
Mangkunagaran Surakarta adalah KGPAA Mangkunagara III, yang juga
saudara Sudira, karena sama-sama keturunan KGPAA Mangkunagara II.
77.Setelah mendapat gelar Pangeran namanya diubah menjadi KPH
Gandakusuma. Ia menikah dengan R.Ay. Semi, dan dikaruniai 14 anak.
Tidak lama setelah KGPAA Mangkunagara III meninggal tahun 1853,
KPH Gandakusuma diangkat menjadi KGPAA Mangkunagara IV. Setelah
kurang lebih setahun bertahta kemudian menikah dengan R.Ay. Dunuk,
putri dalem Mangkunagara III.
78.Selama bertahta, MN IV mengelola pabrik gula di Colomadu (sebelah
utara kota Surakarta) dan Tasikmadu, memprakarsai berdirinya Stasiun
Balapan serta pembangunan rel kereta api Solo Semarang, kanalisasi
kota, serta penataan ruang kota. Ia menulis kurang lebih 42 buku, di
antaranya Serat Wedhatama. MN IV wafat tahun 1881 dan
dikebumikan di Astana Girilayu. Dapat dikatakan bahwa pada masa
pemerintahannya, Mangkunagaran berada pada puncak kebesarannya.
79.Diperoleh dari "http://id.wikipedia.org/wiki/Mangkunagara_IV"
80.Kategori: Raja Mangkunagaran | Kelahiran 1811 | Kematian 1881 |
Tokoh dari Surakarta
81.

Tampilan

82.
83.Serat Wedhatama : sawijining karya kang isi kawruh kanggo
didadekake ajaran jroning nggayuh kautaman lan kaluhuran urip lan
kauripan umat manungsa.

84.
85.
86.
87.
88.
89.
90.

You might also like