You are on page 1of 4

Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec.

Pulung,
Kab. Ponorogo
Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo
A. Arane Tradhisi
Masyarakat ing desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo yen nduweni anak lan
umure wis ganep pitung sasi Jawa utawa pitunglapan (salapan telung puluh lima dina)
bakal dianakake tradhisi piton-piton utawa mitoni. Diarani piton-piton amarga wektune
ngleksanake upacara kang ngepasi umur pitunglapane si jabang bayi kaya kang wis
tinulis ing bebukane atur. Adicara iki dilaksanakake ana ing dina lan pasaran kang padha
karo dina lan pasaran nalika bayi dilairake.
Masyarakat desa Wotan uga ngarani upacara piton-piton iki kanthi tembung
kething. Dadi bayi kang wis wancine dipitoni diarani wis titi wanci kethinge. Sawise
dijlimeti lan digoleki tembung kething iki asale saka tembung ketingan. Tetembungan
ketingan iku dhewe adhedhasar baoesastra djawi anggitane Poerwadarminta
tegese slametan bocah cilik medun lemah sepisanan.
B. Ubarampe Tradhisi Piton-piton
1. Buceng kroyok
2. Banyu kanggo adus
Ing njero banyu kasebut dicampuri maneka warna ubarampe liyane yaiku:
a. kembang setaman
b. kembang boreh
c. godhong andong
d. manggar
e. godhong gandarasa
f. lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo neptune si bayi
3. Wadah banyu kanggo adus si bayi.
Biasane nganggo bak saka plastik.
4. Dhuwit kricik cacahe padha karo neptune si jabang bayi
5. Janur kang dibentuk kanggo makuthane bayi

Si bayi dinggoni makutha saka janur kanthi pangajab supaya si bayi bisa metu
nure. Utawa ing tembe mburine dadi wong kang kebak cahya tegesekebak
kawibawan lan dadi wong kang kajen.
6. Kurungan
Perlambang alam donya panggonan uripe manungsa
7. Pitik urip
8. Pakan pitik lumrahe nganggo beras
9. Piranti tulis
10. Jadah pitung rupa
Perlambang lakuning urip si jabang bayi kang bakal dilakoni maneka warna
rupane. Tegese si bayi bakal nglakoni maneka warna kahanan urip minangka ujian
tumrap dheweke.
11. Andha saka tebu ireng
Andha kang mengkone bakal dipenek si bayi mujudake dalane si bayi nuju
kaluhuran kudu munggah satrap mbaka satrap. Dene tebu minangka jarwa
dhosoke anteping kalbu. Diajab supaya si bayi anggone nggayuh kaluhuran
dikantheni kanthi rasa mantep ing kalbu.
12. Golong lima
Kanggo metri sedulure si bayi
13. Golong pitu
Kanggo metri karang pomahane
14. Buceng
15. Nyambung tuwuh
Nyambung tuwuhe wong tuwa marang anak. Wujude buceng sing sakupenge
diwenehi bothok iwak kang cacahe padha karo neptune si bayi lan uga dipepaki
kuluban utawa urap-urap.
16. Iwel-iwel
17. Pelas

18. Jenang abang putih


Perlambang sangkan paraning si bayi. Yaiku saka bapa lan biyunge.
19. Jenang sengkala
Kanggo nyengkalani sakehing godha rencana kang teka
20. Buceng pitu
Mertandhani menawa umure si bayi ganep pitung sasi,
21. Buceng kuat
22. Pipes
Digawe saka ketan lan tengahe ana gedhange. Saemper karo nagasari nanging
digenemi.
C. Paraga Piton-piton
1. Bayi kang arep dipitoni
2. Dukun Bayi
3. Wong Tuwane si Jabang Bayi
D. Tata Urutane Tradhisi Piton-piton
Upacara piton-piton kawiwitan kanthi ngedus si jabang bayi nganggo banyu ing
njero bak. Sing kajibah ngedus si bayi yaiku dukun bayi kang dipercaya dening wong
tuwane bayi iku. Sadurunge banyu iku wis diwenehi kembang setaman, kembang boreh,
godhong gandarasa, manggar, godhong andong lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo
neptune si jabang bayi. Sabubare adus banyu kang bubar dinggo adus kasebut dibuwang
lan dhuwit kricik kang ana ing njerone banyu biasane dijupuki dening sing padha ndelok
upacara iki. Malah sok-sok yen akeh bocah cilik kang padha ndelok upacara iki dhuwitdhuwit receh iku banjur padha dinggo rebutan. Biyen biasane anggone ngedus si bayi iku
wanci bengi mbarengi wancine genduren. Nanging, kanthi alasan kasarasane si bayi
biasane anggone ngedus sore lan bengine lagi digendureni utawa didongani.
Sabubare didus bayi iku banjur dipacaki yen wadon supaya katon ayu lan yen
lanang supaya katon nggantheng. Sabubare diapacaki si bayi banjur dilebokake njero
kurungan. Lumrahe si bayi dipangku dening dukun bayine. Iki minangka pralambang
menawa si bayi bakal nglakoni panguripane lan kurungan iku disimbolake minangka
alam donya panggonane urip manungsa lan kabeh titahe Gusti kang akarya jagad.

Sawise mlebu menyang njero kurungan kang tegese yaiku wis bisa urip ing alam
donya si bayi banjur makani pitik. Tradhisi makani pitik iki diarani ulung-ulung. Kanthi
pangajab sajroning nglakoni uripe wiwit cilik tumekane dewasa bisaa si bayi dadi wong
kang seneng tetulung marang liyan. Sawise ulung-ulung rampung banjur diterusake
kanthi ngliwati jadah pitung rupa. Bayi dituntun dening dukun bayi ngliwati jadah pitung
rupa. Sabubare dituntun dukun bayi banjur dituntun ibune bayi lan sing pungkasan
diliwatne jadah dituntun bapake bayi. Perangan iki nduweni pangajab supaya si bayi bisa
nglakoni maneka warna lakune panguripan. Sing angel utawa sing penak.
Sabubare diliwatne ana ing jadah pitung rupa si bayi banjur dipenekne ana ing
andha saka tebu. Sing menekne pisanan ibune banjur bapake si bayi. Perangan menek
andha iki nggambarake lakuning urip si bayi kanggo nggayuh kaluhuran. Si bayi kudu
napaki sauntu mbaka sauntu andha kasebut. Semono uga jroning nglakoni uripe kudu
bisa dadi wong kang sabar. Lan kang dinggo andha saka tebu amarga tebu iku cekakane
saka antebe kalbu. Dadi jroning nglakoni uripe kanggo nggayuh kaluhuran bisaa si bayi
tansah nduweni kanteban jroning kalbune. Saengga gegayuhane bisa enggal kaleksanan.
Si bayi banjur diwenehi buku lan piranti tulis supaya mengkone dadi bocah kang
pinter. Pinter kang dimaksudake yaiku pinter ing babagan akademis. Sabubare diwenehi
buku lan piranti tulis si bayi banjur diadepake menyang buceng kroyok. Lan si bayi
dikongkon njupuk iwak pitik kang diencepake ana ing buceng kroyok kasebut. Perangan
iki minangka pralambang si bayi bisa golek pangupajiwa ing tembe mburine. Sawise
kabeh tata urutan kasebut rampung banjur bengine nganakake genduren utawa ndedonga
bareng-bareng kang ditekani wong salingkungan lumrahe mawa cara islam.
E. Makna Sajroning Tradhisi Piton-piton
Tradhisi piton-piton iku sejatine minangka pepenget utawa pangeling-eling
menawa kanggone wongtuwane si bayi yen putrane wis ngancik umur pitung sasi.
Tradhisi piton-piton uga minangka pandongane wong tuwa kanggo anake. Wong tuwa
nduweni pangajab supaya anake wiwit wektu iku nganti tekan dewasa bisa dadi bocah
kang apik. Donga-donga kasebut disimbolake ana ing maneka warna ubarampe kang ana
ing tradhisi piton-piton iki. Saliyane iku pandonga kasebut uga diwujudake kanthi
maneka warna runtutane adicara kang dilakoni si bayi. Saka saben runtutan kasebut
mesthi nduweni makna kang surasane pandonga utawa pangajab supaya ing tembe mburi
si bocah dadi wong kang apik.

You might also like