You are on page 1of 11

Raden Mas Riyanta mireng tembung gambar, mak dheg, rumaos wadosipun

kesumerepen ing sanes. Lajeng kaengeten gambaripun Raden Ajeng Srini, dene dereng dipun
lebetaken ing lemari. Ing batos sumelang, mbok bilih gambar mau kependhet ingkang rayi
Raden Ajeng Sam,temtu badhe kawiyak wadosipun. Mila lajeng pados akal, nilar tamunipun
lumebet ing kamar, sengadi badhe mendhet rokok.
Kacaroyos, Raden Ajeng Marsam taksih kekiranagan dlanpcang, nntunn wangsul
lumebet ing gedhong pasarean. Sareng sumerep gambaripun Raden Ajeng Srinisanalika raden
ajeng anggalenjer, ing batas sanget pangalemipun dhateng ingkang raka bautipun anggambar,
ciptanipun, E,eh baute nas Riya. Hem, baut temenan pancen . E, dadi kangmas dhek guup
mau andhelikake gambar iki. Wah, toblas, alise alise olehe ngematake. Hem, dadi mas Riya
tuke wira-wiri saben spremenyang tamansari ki pancen saka senenge benget nyang yu Srini,
nganti digambar. Raden Ajeng mirsani sarwa asidhakep, Eh, hem, iye memper wong
gambare yu Srini ki kaya mengkene. Sapa wonge sing ora kepencut. Gambar lajeng
dipundhut kabekta kesah badhe kapriksakaken ingkang ibu, nanging taksih dipun umpetaken
wonten ing gedong pasareanipun
Kacariyos, Raden Mas Riyanta dumgi ing kamar, jegeging, gamban sampun boten
wonten, ng ngandhap meja, ing ngandhap pasarean, ngandhap lemari, nginggil lemari, sepen
mboten pinanggih. Ing sanalika raden mas riyanta kuwur penggalihipun, jalaran rumaos
sanget sembrananipun botn karumat rumiyin ingkan parimpen, minangka gambar mau taksih
sinawangsawang kinudang-kudangdasr taksih remen-remenipun. Ing batas sampun nginten
yen gambar mau kecolong kedhelikaken ingkang rayi Raden Ajeng Sam, mila sanget bingung
ing penggalih.
Raden Mas Riyanta wangsul maleh manggihi temunipun kalian ambekta ses. Nanging
samangke katinggal rongeh lenggahipun sarta ketingal puct, pangandhikanipun, Dhi,
awakku krasa greges-greges lan krasa ngelu.
Hla, apa ta pethekku, rak ya rada gerah ta kangmas ki, ya wes agemen sarean wae,
mumpung durung kebanjur. Aku tak nyuwun mundur , sesuk utawa emben wae tak sowan
maneh, nutukake aturku ing ngarep.
Iya ta.
Raden Mas Duyat nunten kesah . raden mas riyanta enggal mlebet ing dalem
amimbali abdi,He,he Samsu
Nun.
Apa Marsam iki mau mrene ?
Inggih, menika mau saweg mawon.
E hla, kurang ajar aneya. Raden Mas Riyanta enggal madosi ingkang rayi wonten
ing dalem kilen, lejeng pinaggih saweg nyerat ing gadri, pangandhikanipun, Endi Sam ! aja
mainan Sam!

Raden ajeng gumujeng kekel, lajeng anambong, Napa ta mas, wang kene ki ora
baranng-barang kok mas Riya ki endi-endi.
Hus, aja mainan. Tak jothak lho. Aku emoh.
Raden Mas Marsam saya kekel ningali ingkang raya anggenipun ngotot, Napa ta
mas? Hem, aku kok kudu angguyu wae, oa kena tak ampet. Hem onten napa?
Ah, Sam kene ta. Aku nesu lho.
Samang nesu ta? Kangmas ki kok aneh, sampeyan niku kecelan, napa dospundi. Nek
kecalan napa? Mengke kula rencangi madosi. Arak iya dighenahi dhisek. Angsal kulo kekel
niki, hle ujug-ujug kok banjur endi Sam, endi Sam. Kulo boten ngretos lho. Aku ki kok kudu
angguyu wae.
Ah,aku nesu tenen hlo.
Mangke ta, mas Riya niku mundhut napa?
Anjaluk gambar.
Hla nak ya ngono. Gambare sinten ?...... kula enggih nyimpen gambar. Cekake mas
Riya kersa mastani namine sing digambar, kulo mboten purun nemoake, hara sinten ?
Gambare wong Tamansari.
Napa? Gambare wong tamansari?.... napa gambare wo putri ?
hlo, kok wa putri?
Napa gambare Nes?
Hlo, kok kok Nes.
O, Mas, ngarani Srini mawon kok isi. Enggih napa dede ? Wong gambar kaya ngana
we dipundhut.
Iya ben elek, wong aku seneng.
Seneng gambare napa seneng wonge?
Ah, kowe ki kok. Aku dhemen gambar.
Hla inggih dhemen gambar, ning gambare yu Srini, musthikaning wanodya.
Hem, Sam, Sam, nek ngeleh-ngelehake uwong ki ambok iyo aja benget-banget.
Hlo, kulo iki rak mung matur lugu ta mas, sok-a dhemen gambare mesthi iya dhemen
wonge.

Sarengkawelehaken mekaten Raden Mas Riyanta saya ketingal lingsem. Raden Ajeng
Sam ing batos sanget welas dhumateng ingkang raka. Nenging dereng lega anggenipun
andhedhes, mila tak sih pados reka daya murih ingkang raka enggal karsa prasaja,
wicantenipun, Hem, aku kok jodheg anggagas mas Riya. Kambi aku kok sajak pekewuh
kuwi aku digalih kepriye. Ayake aku ki digelih ora ngerti kersane. Apa aku ki digalih ora
ngulat-ngulatake sata rumeksa salirane. Apa Marsam digalih ora weruh kedip liring.
Mas Riyanta saya telas penggalihipun, tengah angandhika tembungipun angasih-asih,
Dhuh sedulurku wong wasis , aku wes rumangsa kalah kambi kowe. Sam, dina iki nadyan
pati uripku manawa wis ana tanganmu. Mung saka panjalukku iya dhi, gambar wae aja nganti
kwruhan ngakeh. Apa meneh yoen kowe weruh wadi-wadiku, reksasen, ojo nganti kababar
ing liyan.
Kangmas ki isih mindo gaweni. Kulo mangertos satriya yen wirang aluwung mati.
Sampun kuwatos, yen boten kulo reksa. Mung kajeng kulo mas Ruya seneng gerohan, napa
tenanan kaliyan yu Srini?
Raden mas riyana boten saged amangsuli, temah kumembeng waspanipun.
XIX. SAMI CONDHANG
Kala sementen Raden Ajeng Marsam enggal marak ing ngarsanipun ingkang ibu,
lajeng matur kala wiwit manggih gambar ngantos dumugi wekasanipun. Raden Ayu
Natasewaya sakelangkung sukaning galih, tindhak ing gedhong sakala mirsani gambar
damelanipun Raden Mas Riyanta kadherekaken Raden Ajeng. Sareng mirsani gambar wau,
Raden Ayu gedheg-gedheg, ciptanipun, Alus temenan tangane anakku, nganti bisa mujudake
mobahing ciptane. Pangandhikanipun, Sam, yen karepe kangmasmu nyata mengkono , aku
benget condhang, marga wes dak gadhang-gadhang Srini kuwi dadia anakku.
Raden Ayu terus tidhak dhateng pasanggrahan kaliyan Raden Ajeng, pinanggih
ingkang putra wonten ing kamar saweg badhe sare enggal lenggah. Raden Ayu angandhika
Riyanta aku wes mampani tuture Sam, banget ankdadekake lega bungahku, mara wes suwe
tuk ku ngarep-arep mungguh thukuling karepmu sing mengkono kuwi. Mung wae aku takon,
apa karepmu mau wes kalayan karep temenan? Tegese sira wes ani mampan suka lan duka.
Raden Mas Riyanta boten saged mangsuli, amargi kagagas yen karsanipun badhe
kalaksanan. Raden Ayu angandhika, Aja pisan kowe kawatir. Aku sing bakal ngrampungi
karepmu nadyan abot tekaning kelakone. Awit yen mung anake kakang Pramudya wae kiraku
ora bakal maleset mung sarate aku jaluk tuturmu sakecap.
Raden Mas Ruyanta lajeng ngaturaken pawartos saking kyai Pramudya bab
anggenipun bedhe kagungan damel mantu.
RadenAyu sakalika ngendhelong, pengandhikanipun, Hlo, kok aneh ta? Aku kok ora
krungu, utawa ora dijak rerasan. Eeh, iki aneh tenan pakartine wong Tamansari. Hem, yen
daktampana lamba, aku iki rak ya resik, sebab apa dene awakmu arep duwe gawe mengkono

teka ora kekandhan. Yen nitik kabecikan benere ora mengkono. E,e, dadi Srini arep laki. Apa
kowe yo krungu ta Sam?
Boten ibu, adalem boten mreng.
Heh, ewuh temen tukku nyangkani. Sirik yen aku nakokake anaking mitra sing wis
arep dadi penganten. Yen aku tkon rembug-rembuge olehe pacangan ok sumlonong timen.
Pantes-pantese mung yen aku takon dina tekaning gawe.
Raden Mas Riyanta boten rena mirengaken pagandhikanipun ingkang ibu, mila
enggal meal saking pandhape kalayan katingal ing semu ngondhok-ondhok. Raden Ajeng
nunten sumela matur, Bu, adalem sanget kuwatos yen mas Riya nganyos bten saged
kalampahan dhaup kaliyan yu Srini, amargi saupamu uwa dipati estu mantu angsal pacangan
ingkang sampun karembag, temtunipun Mas Riya rak inggih kepeksa rencang utawi
nenggani, gek kdos menapa manahipun. Malah saking kintenipun adalem dereng ngantos
dumugi ing damel mas Riya sampun lolos maih, awit sampun dados wewatekanipun mekate.
Raen Ayu sanalika saya peteng ing penggalih mireng aturipun Raden Ajeng mau ,
jalaran sapisan, boten dipunjak tetimbangan kaliyan kyai Pramudya, kaping kalih,
angraosaken susahipun ingkang putra, kaping tiga, kaweken anggening minangkani
karsanipun. Mila sanalika Raden Ayu ngantos ketingal abrit pasuryanipun, gumarobyos
riwenipun, amargi saking sumuking penggalih.
Raden Ajeng awas aningali semuning ibu, temah teteg aturipun, ibu, saking pamanah
kulo, bab menika mbok menawi mboten kengeng dipunsabaraken, kedah-kedah ibu kersa
anggalih sagetipun kalampahan dhaupipun putra dalem mas Riyanta.
Eh, Sam kepiye tukku ora judgeg, jer lesaning karepku mung kangmasmu, nanging
kangmasmu sajak wes pepes atine.
Sanes mas Riya ibu, ingkang gawat perkawis Tamansari, menika kedah dipungalih
rumiyen.
Kepriye panemumu?
Saking pamanggihipun adalem, ibu kedah keparenga nyindikaken pawartos wau,
menapa leres uwa badhe kagungan damel mantu. Menapa uwa dipuntimbali, menapa ibi
tindhak dhateng Tamansari.
Becike kuwe dhing mrana, amarga yen aku dewe mundak kesompoken.
Yen adalem ingkang kautus, prayogi kaliyan ambekta gambaripun yu Srini.
Perlunipun yen pawartos wau kepara nyata, gambar menika lajeng kaparingaken minangka
pasumbang saking putra dalem mas Riyanta. Malah saking kintenipun adalem, yen uwa dipati
sampun pirsa gambar wau, nadyan pawartos wau nyata, mbok menawi uwa lajeng kagungan
penggalih dhateng mas Riyanta. Dene rembag-rembag, mangke wonten adale.
Yen gambar kuwi dijaluk kangmasmu maneh, kepriye wabgsulanmu?

Yen gambar menika mpun kauningan ibu, kangmas mangsa puruna nyuwun, kapara
mandhak ajrih angirat.
Raden Ayu sanget condhang dhateng dhateng atur pamryoginipun Raden Ajeng, mila
Raden Ajeng enggal kadhawuhan mangkat. Sasampuning angandi busana. Raden Ajeng
lajeng mangkat nitihnkereta ambekta gambaripun Raden Ajeng Srini, kedherekaken para nyai
ayu-ayu kekalih dumugi ing Tamansari lajeng pinanggih Kyai Dhipati Pramayoga wonten ing
gedhong panyeratan, Kyai Pramayoga kaget, Hlo, ndara Ajeng. Pundi keng raka?
Wangsulanipun,Kangmas wonten griya.
Mangga ta lajeng lajeng dhateng ing wingking mawon, keng uwa inggih wonten.
Hehe, ibune, gilo ana dhayoh.
Raden Ayu sampun Dhateng lejeng tumut manggihi. Kyai Dipati angandhika, Dolan
mawon, menapa wonten dalemipun?
Anu, uwa sowan kulo mriki kautus ibu. Ibu mireng kabar yen uwa badhe kagungan
dame mantu. Menika benjing dinten menapa?
Kyai Dipati gemujeng ,Heh heh heh, gilo ibune, gagasen, gusti ko wes mireng
kuwi?
Raden Ayu mangsuli, Mesthine, bedhil muni kuwi rak anak kukse.
Tuwin ibu pareng priksa, yen ibu tampi pamitanipun mas Riyanta bilih benjing
dumugining damel mas Riyanta boten saged nenggahi, amargi badhe kesahan, tuwin kangmas
manung sageg maringi pasumbang.....
Menapa engger?
Menika diun bekta rencang taksih wonten ing jawi.
Gambar sasampunipun kapendhet lajeng kaaturaken Kyai Dipati, sareng sang Dipati
mirsa gambaripun ingkang putra sanalika lajeng mangertos kersanipun Raden Mas Riyanta,
mila lajeng gemujeng alatah-latah awit saking bingahipun, lajeng angandhika, Menika
gambaipun keng raka piyambak, engger?
Inggih uwa.
Hem, gila gagasen ibune, wegige.
wis ta wis, nek anakmu ndara Riyanta aku wes ngandhel.
Kyai Dhipati tansah gedheg-gedheg mirsani gambar, Yen weruh bocahe , mendah
kaya apa bungahe. Wes ibune, gambar iki dhelikna dhisik, aja katuduhake anekmu.
Raden Ajeng sumela matur, Nenggah uwa anggenipun kagungan damel menika estu
benjing menapa, tuwin angsal pundi ta uwa?

Cekakipun engger kula aturi kondur, magke kulo badhe sowan piyambak. Amung
yen kedangu ingkang ibu, anggen kulo gadhah damel amung andherek keparengipun ingkang
ibu, amargi kulo rumaos mboten gaah anak.inggih leres keng mbak yu Srini menika anak
kulo, nanging sejatosipun sampun kula abdekaken ingkang ibu, karana ing ngajeng sampun
dados punagi kula, tuwin pun uwa, yen keng mbak yu badhe kula ngengeraken dhateng
priyantun ingkang nulungi kala ical wonten alun-alun. Mangka ingksng nulungi inggih
menika keng raka piyambak, ndara Riyanta. Amung rehning ingkang raka selak, dados kula
ingih ajrihngaturaken, taken kemawon kula boten wantun. Kula namung matur api-api badhe
gadhah damel, wusana ingkang raka sawegkagungan karsa.
Raden Ajeng anggumun, I, dados ingkang manggih mbakyu kala rumiyen mas
Riyanta?
Inggih angger. Menika saking cariyosipun keng mbakyu.
Raden Ajeng gujengipun kaampet, Hem, ayakna ta, mas Riyanta ngengleng nganti
seprene...... inggih sukur ta uwa yen mekaten, dados lega raosing manah kula.
Inggih engger mangsa boronga anggenipun matur ingkang ibu tuwi dhateng ingkang
raka. Menapa ingkang dados karsanipun kula amung condhong.
Kala sementen Raden Ajeng Marsan lajeng kondur kalayan bingahing manah, dene
langkahipun angsal damel. Mekaten ugi Kyai Dipati sekaliyan, dene sampun angsan
wewengan ingkang dados esthinipn. Sontenipun Kyai Dipati skaliyan lejeng sowan dhateng
ing Natasewayan.
Kacariyos, konduripun Raden Ajeng Marsm mampir ing pasanggrahan lajeng
pinanggih ingkang raka. Raden Mas Riyanta andangu, Hlo, kowe ki kok sajak mentas
lungan. Saka ing ngendi he Sam?
Wangsulanipun, Anu mas, kula menika wau mentas saking Tamansari kautus ibu
andangu uwa Dipati anggenipun badhe kagungan demel. Wah, anu mas, kula wau inggih
pinanggih mbak yu Srini.
Raden Mas Riyanta dangu boten nendika , amargi ingkang rayi sajak ambela, lajeng
andangu, Suk apa ta gawene?
Hlo, mas Riya ki sajak kok wis lila. Apa iya wis lila tenan iya.
Ingkang raka duka, Sam, Sam, enggane kowe ki nek ora ngajak sembranan apa gela
ta Sam?
Anu mas, yektosipun kula wau dipunweling, boten diweling dhing, diutus, supados
kula matur ibu, tuwin matur ing anjenenganipun kakangmas, bab siwa anggenipun badhe
kagungan damel mantu menika inggih saestu, mung mawoncalon mantu wau dipadosi dereng
pinanggih.
kowe ki caturan kok clemang-clemenong.

Hlo, yektos kok mas, kangmas ki durung-durung kok duka. Awwet mwkaten inggih
mas, wontenipun siwa dhawuh mekaten, amargi ing ngjeng siwa kagungan nadhar, menapa
kaul, menapa punagi kala mbak yu ical wonten ngalun-alun menika dipuntulungi ing
stunggling jejaka, nanging boten genah naminipun. Hla menika, sarehing pun uwa rumaos
kepotangan ageng, mila ujaringpunagi yen saged pinanggih jejaka wau, mbakyu badhe
dipunngengeraken.
Cles, raosipun penggalihipun Raden Mas Riyanta kados siniram ing tiya sewindu,
nangin mandel kumawon.
Mila yen kangmas dhangan, siwa nyuwun tulung menapa mas Riya saged madosi
jejaka wau.
Hlo, satemene kuwe iki ditus siwa temenan opo geguyon?
E, yektos. Napa kangmas ki maido ?
Hara sapata.
Ambok cekek ta, kula rak diweling.
Andadak diweling mengkono. Rak ora ta?
Raden Ajeng gemujeng.
wong kuwe ki dhemenane goroh, Sam.
Sing goroh kula napa selirane? Hem, mas Riya kok angguyokake. O, as, ambok
enggih blaka mawon. Perlune napa kikip? Satemene dhing nemu yu Srini rak slirane ta? Hara
enggih napa mboten?
Sareng Raden Mas Riyanta kawelehaken ingkang rayi lajeng blaka sarta nyariosaken
sedaya lelmapahanipn ing ngjeng. Punapa dene Raden Ajeng Marsam inggih lajeng
ngaturaken sepiwelingipun Kyai Dipati Pramayoga. Wasana Raden Ajeng nunten marak inng
ngarsanipun ingkan ibu ngaturaken enggining kautus wau. Raden Ayu sanget sukaning galih.
Ing batos sanget pangalemipun dhateng Raden Ajeng, dene saged majaraken pepeteng,
anggrampungi sedaya pakewed. Sanalika Raden Ajeng ginanjar busana tuwin sesotya.
Sontenipun Kyai Pramayoga sakaliyan sowan ing ngarsanipun Raden Ayu. Ananging
bebasan namun kantun anjablasaken rembag, tuwin ketemtuaning dinten badhe dhauppun
Raden Mas Riyanta kaliyan Raden Ajeng Srini kemawon, amargi sedaya- sedayasampun
dipunandharaken dening Raden Ajeng Marsam. Sasampuning perlu Kyai Dipati sekaliyan
lajeng kondur ing Tamansari.
Kacariyos, ingkang sanget prihatos, Raden ajeng Srini rinten dalu mboten kendhat
anggenipun nenuwun ing hyang murbeng titah. Menggah raosing penggalihipun Raden Ajeng
kinunjara, jalaran mireng saking Raden Ajeng Nes, piweling saking Raden Mas Riyanta, yen

saliranpun sampun pinacang angsal priyantun ing Rembang. Ing mangka sampun boten
wonten malih ingkang dados raosing pnggalih kajawi namun Raden Mas Riyanta.
Kala sementen nuju ing wanci enjing, Raden Ajeng Srini lenggah wonten ing gadri
kilen. Ingkang ibu lajeng rawuh, kautus ingkang raka amplimpingi penggalihipun ingkang
putra, pangandhikanipun, Nduk, aku derma diutus bapak tutur menyang kowe arep sida
dingengerake, mula bapak mundhut piturutmu kdu anglakoni, serta ngewang-wangana
prihatin, supaya kasembadan dening Allah, slamet ketug ing dina adeging gawemu. Dene
pituturke ing kowe, kajaba kowe kudu serisih sakaharmu, ing baatin kowe kudu pasrah
menyang ing gawe urip. Nenuwuna bisane lestari kanggo enggonmu ngladeni bojo.....
Dereng ngantos dumugi anggenipun ngendhika bab sejatining ngaurip, Raden Ajeng
Srini ingkang taksih wontwn selebeting alam-mudha, tadya nyuwun anggalolo, luhipun
caroosan awit panampining dhawuhipun ingkang ibu wau yen saliranipun menika estu angsal
priyantun ing Rembang, kados Rembangipun Nestri saking Raden Mas Riyanta. Mila sakala
nyipta pejah, menggah sambating batos, Dhuh Gusti Kang Maha Agung, kawula enggal
binanjuta kemawon.
Raden Ayu seling serep, Hla, kepriye ta enggerwong ayu, kok dadi kowe nangs kaya
ngono, apa kowe ora condhong ? kepriye ta Srini karepmu? Kok geseh timen kambi
kekudangane wong tuamu, ta coba gagasen dhisik. Kleru nek kowe ora nurut wong tuwa,
mung nurut pikir embyang-embyangan, panggodhaning iblis laknat. Apa ana sa-Surakarta iki
kaya ndara Riyanta?
Sanalika kaged Raden Ajeng Srini mireng pangan dhikanipun Raden Ayu ingkang
wekasan, mendel anggenipun muwun sarta ketingal tanggap, aturipun. Bu, aku rak durung
mangerti kersmu. Aku sida kongengerake menyang Rembang apa menyang Natasewayan?
Ingkang ibu gentos kaget, Hlo, kok Rembang. Rembang kepriye ta? Sapa? Apa kowe
duwe pcangan wong Rembang?
Ora bu.
Hla, kepriye, wong aku ora ngrembug wong ing Rembang. Sing dakrembug iki
dawehe Gusti. Kowe sido dipundhut ndara Riyana.
Sanalika tunreceping penggalihipun Raden Ajeng Srini kados kedawahan wahyu,
ciptanipun, Sewu ora nyana yen ngene dadine. Ngerti aku aku, lagehane mesthi gawe kaget.
Sapa wonge sing ora greget mareng penjenengane
Munggah rembug saka Rembang mau rembug saka sapa?
Wis ta bu, wong kuwi pangrunguku saka rembunge Nes.
E, dadi tukmu nangis angelolo iki mau ngira nek oleh kaya kendane Nes apa
ngono?
Iya.

E, wes ora karuan aneya. Kok dadi Nes bisa kandha mengkono kuwi entuk pakone
sapa?
Jare Nes, sing dhawuh ngono kuwi kabar saka ndaramas.
Raden Ayu gemujeng latah-latah awit lajeng mangertos aluranipun. Wasana Raden
Ayu matur ingkang raka wonten pendhapa, tamah dados gegujengan anrus leganing
penggalih. Raden Ayu wangsul malih kautus maringaken gambaring ingkang putra.
Gilo, kowe diparingi gambar ndara Riyanta.
Gambar apa bu?
Enya delengen.
Raden Ajeng sakala hebat ningali gambaripun tuwin seratan ingkang ketingal ing
ngriku. Gambar nunten kabekta mlebet ing gambar, tiningalan katandhing lan warninipun
wonten ing kaca. Sakala tigang prakawis karaos salebeting cipta: 1. Meseming jiwanipun; 2.
Plek lan ingkang wonten salebeting copta; 3. Plek lan gambaran Riyanta, rinacut dados
setunggal. Kang nyawang iya kang disawang, lin pendah kuwadhagan sirna sakala. Kang
katinggal namung jiwa tetiga ingkang pinangkanipun sami. Byar, Raden Ajeng saweg
mwnget yen titahing Hyang ingkang sami wau.
XX. DHAUPING PENGANTEN
Wiwit kala samenten ing dalem Tamansari wiwit dipunresiki sarta dipundadosi.
Sampun temtu kemawon Kyai Dipati mboten mwi ngetang waragad kangge ngedegi
enggenipun badhe kagungan damel, awit putra namung setunggal, anocoki kekudhanganipun,
sedaya sinambung ingkang dados kersanipun, boten wonten kuciwanipun.
Kacariyos, sareng sampun dumugi ing dinten dhaupi penganten, ing pramayogan
sampun sangkep pasang rakiting uparenggan. Sadaya sarwa adi sarwa asri sarwa peni,
jumbuh lan busananing pamiwahan. Para kadang warga tuwin para sentara, sedaya sami
anjenengi, busekan sami andum dhamel kanthi seneng ing manah, boten wonten
sangsayanipun. Kathah rara tamu ageng alit ingkang sami rawuh.
Wanci sonten penganten lajeng pinanggih. Ungeling gangsa anganyut-anyut
ngaranging, binarung ing sendhon langen swara minangka panembrama. Ambaludag
wedaling pasugatan. Kathah tetaiyang sami kasmaran, dene salamipun saweg nembe menika
sumerep penganten jumbuh endahing warni. Wonten ingkang ngalem kabegjanipun Kyai
Dipati anggenipun kagungan dhamel.
Sasampunipun penganten lenggah sangajenging patanen, tambuh solahing setiyang
ingkang sami ningali, ajejel apipit arebat ngajeng. Ing dalem kebak para putri boten kober
jejagongan, jer tansah ningali penganten tur sami pateng kalesik jawil jinawil. Ingkang
mendel ngantos kemitenggengen, anjimbleng ngraosaken wujuding penganten. Wonten
ingkang sambat salebeting batos kepincut dhateng Raden Mas Riyanta. Wonten ingkang

kepengen dados Raden Ajeng Srini, akhatah sarwa warna-warni pangelemipn para tamu.
Sedaya sami bingah- bingah amangun suka.
Kosok wangsulipu Raden Mas Riyanta, raosing penggalih sanget sedhihipun amargi
boten jenak lenggahipun kaliyan para putri wonten ing pendhapa, tansah dipuntimbali mara
sepuh sipados ngaso. Raden Mas Riyanta lajeng nyalinthut mlebet ing kamar pamondhokan,
lukar lajeng dateng petamanan, angenggar-engger penggalih. Sanalika ing ngriki Raden Mas
Riyanto dados padosan. Namung Raaden Ajeng Marsam ayem kemawon, sebab sampun
ngertos wataking ingkang raka.
Kala sementen Raden Ajeng Marsam kaliyan Raden Ajeng Nestri dados patah, lajeng
anglukari penganten estri wontwn ing kamar. Sareng Raden Ajeng Srini sumerep ingkang
raka sampun lukar, mangka ngantos tengah dalu mboten katingal, temah Raden Ajeng
mboten sekeca ing manah, kados ginugah kasujananipun, nginten yen ingkang raka kondur
ing dalem Natasewayan, ciptanipun, Dhuh, yen nganti sak jroning wingi iki, iba kaya apa
suraking ngakeh, dene aku laki sepisan ora atut.
Raden Ajeng Marsam awas ningali semuning raka, inggal medal ing petamanan
pinanggih raka wonten ngandhap cemara.
Sapa kuwi?
Aku.
Mas Riya?
He,eh.
Kados pundi kok wonten mriki? Dipunpadosi mbakyu kaaturan dhahar. Mangga kula
dherekaken.
Sam, aku ora bisa ketemu mbakyu ana ing kamar, merga kono akeh wong. Aku
rikuh. Yen gelem arep dak jak muleh ngulon saiki wae.
Hlo, kangmas ki kok ngono. Penganten mboten perlu rikuh. Mangga kula
dherekaken, mangke mindak damel cuwanipun wa Dipati.
Ora ta, undangen rene wae. Cekake aku ora bisa rembugan karo mbakyu yen ana
kene.
Raden Ajeng kepeksa ngemong penggalihipun ingkang raka, lejeng wangsul dhateng
pedhepokan penganten. Mboten dangu wangsul malih pianggih raka semu gugup. Mas, mas
mbakyu kula padosi kok mboten wonten. Mangka kala wau sampun mapan sare. Manah kula
kok radi boten sekeca. Swarane kolik saya anggenter; kontenipun cendhela kala wau sampun
kula kancing, menika wau menga malih. Lajeng kula kancing malih, tek menika wau mwnga
malih. Natos-atos lho mas.

Aturipun Raden Ajeng menika namng kangge ngapusi ingkang raka. Sanalika Raden
Mas Riyanta kaget nginten wonten duratmaka nyolong ingkang rayi. Sakala signa jumangkah
malumpat lumebet ing gedhong, nginguk pusareanipun ingkang rayi, jebul Raden Ajeng Srini
smpun luar amapan mujung. Ing ngriku Raden Mas Riyanta kadyah ginigah, muntap ing
penggalih, satemah sirna sakathahing rikuh.

UNSUR INTRINSIK NOVEL SERAT RIYANTA


1. Tema : tema saking novel Serat Riyanta inggih menika katresnanan. Katresnanan
antawisipun Raden Mas Riyanta kaliyan Raden Ajeng Srini.
2. Tokoh lan Penokohan :
Raden Mas Riyanta : gadhahi watak ingkang prasaja, andhap ashor, ndablek,
becik.
Raden Ajeng Srini : gadhahi watak ingkang becik, prasaja, andhap asor, lugu,
nurut kaliyan tiyang sepuhipun.
Pangeran Natasewaya : gadhahi watak ingkang andhap ashor, bijaksana,
tresna kaliyan putra.
Raden Ayu Natasewaya : gadhahi watak ingkang becik, pilih kasih, tresna
kaliyan putra, meksoaken kersanipun.
Raden Ajeng Marsam : gadahi watak ingkang becik, prasaja, andhap asor,
manut kaliyan tiyang sepuhipun.
Raden Mas Durjat : gadhahi watak ingkang becik, prasaja.
Kyai Pramayoga : gadhahi watak ingkang becik, andhap asor, prasaja, tresna
kaliyan putra.
Raden Ajeng Pramayoga : gadhahi watak ingkang becik, andhap asor, prasaja
tresna kaliyan putra.
3. Alur : alur maju, amargi amargi critanipun mboten wontwn ingkang ngungkitngungkit cerita sak derengipun (flashback).
4. Setting :
Setting wektu : wanci enjing, siyang, sonten, lan ndalu.
Setting tempat : semarang, surakarta(pesanggrahan), tamansari, alun-alun
kota, lesmen(rumah makan), taman pasenggrahan, pondhokan, natasesewaya,
kamar, petamanan.
Settins suasana : sedhih, tegang, seneng, lan haru.
5. Sudut pandang : ngagem sudut pandang tiyang ketiga paraga utama
6. Amanat :
Tresna minangka mboten saged dipeksaaken.
Menawi jodho menika mboten bakal ical, dadose tenang mawon.
Nopo kang dikersaaken tiyang sepuh mboten saklawasipun sae, tumrap kita
piyambak.
Kedah semangat lan mboten pareng nyerah menawi gadah masalah.
7. Pilihan basa : ngagem basa krama alus.

You might also like