You are on page 1of 1

Ass wr wb

Sugeng dalu sugeng pepanggihan malih lumantar kawulo sak rencang TEATHER SANDIWORO BOSO
JOWO SABAR NARIMO, wonten ing kalodangan dalu puniko, minongko prengeti dinten kamardikan RI
ingkang kaping 71 tahun, kawulo sak rencang bade caos panglipur dumateng poro rawuh, poro
lenggah kadang sutrisno sedoyo kanti ketoprak ingkang kawastanan kadoso krupuk kurang mateng
alias KETHOPRAK MBELING.
Dene carito ingkang bade kababar wonten ing dalu puniko dipun pendet saking sesuwek sejarah
wonten ing babad tanah jawi ingkang sampun kawentar kondang kaloka anggitan saking poro
pujonggo ing nuswantoro. Non non ninggih lakon JOKO KENDIL.
Sak derenge kawulo bacutaken atur kawulo sak rencang nyuwun pangapunten hambok bilih carito
ingkang kababar kok bedo boten kados ingkang wonten ing sejarah perkethoprakaan, dados ceritane
sak karepe dalang kemawon, hambok bilih wonten sebatan asmo, papan panggenan lan sak sanes
sanese saestu kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami. Puniko boten dipun sengojo,,,,
Kocap kacarito ono ing salah sawijing padukuhan SUMUR KWENI ono ing laladan KADEMANGAN WATU
KELIR, katon mbok rondo sing duwe aran sri kusumastuti prabuhandayaning tyas gandeng jenene
gedawan sebut kemawon mbok hindun, kang duwe anak loro cacahe,,,,janaloka karo joko kendil,,,
Poro pamirso sedoyo, sumonggo kawulo derekaken mirsani pagelaran puniko nganti sak purnaning
giyaran, sinambi ngkrahapi dedaharan menawi wonten, amit nuwun sewu, adicoro dalu puniko saged
kawastanan koyo godong jati ing mongso ketigo alias GARINGAN,,,,,,
Kanti lakon joko kendil,,,,,,,
Jejer 1
Yoh koyo mangkono kui kahanane keluargane mbok hindun, sing wis pengen banget momong putu,
Ono papan panggonan liyo, yoiku ono ing kademangan watu kelir, katon ki demang sentanu rejo
yoiku demang ing watu kelir ono ing pendopo kademangan dikancani cantrik e sing jejuluk cantrik
kuncoro rekso, cantrik sing paling gemati karo ki demang disanding karo cantrik liyo-liyane, udokoro
34 tahun kuncoro rekso ngabdi ono ing kademangan watu kelir.
Jejer 2
Sak wise cantrik kuncoro rekso entuk dawuh soko ki demang, rindik asu digitik, gage2 dumandang
gawe amrih gawe woro-woro sayemboro,,,,,
Ono ing panggonan liyo, tengah2 ing kademangan yoiku ono ing alun2, katon rame2 amargo pancen
kui pasar, siji2ne pasar ing kademagan watu kelir yomung kui pasare,,,,
Baku opo wae ene,,,,,,
Jejer 3
Bareng keprungu bakal ono sayemboro

Jejer 4
Seyemboro wis katon paripurno, dene sing dadi pemenange yoiku joko kendil, pancen duweni
kasekten sing linuwih, amargo joko kendil iki pancen titisane dewo,,, neng dewo sopo kulo yo ra
ngerti,
Sedino dadi rongdino, rongdino dadi seminggu, seminggu dadi sesasi, sesasi dadi setahun, setahun
dadi sewindu, joko kendil sing digadang-gadang bakal maleh rupo tibakke yo ra male-maleh,,,,
Disini gunung, disana gunung, ditengah tidak ada gunung, penonton bingung, pemain bingung, lha
dalah dalange tambah bingung,
Kripik gedang kripik telo, sithik edang waton roto
Tuku kupat menyang wonokromo, menawi lepat nyuwun pangapuro,
wass

You might also like