You are on page 1of 3

SOAL UTS BAHASA JAWA SEMESTER GANJIL

KELAS 2 SDN KALIKEJAMBON


Wacanen sing setiti!
Sowan Pak Dhe Ing Nganjuk
Dek preian semester loro kepungkur, Andre lan Dito sowan Pak dhe ing Nganjuk. Andre lan Dito
diterake Ibu lan Bapak. Budhal saka Jombang jam 07.00 esuk. Tekan kutha Nganjuk isih esuk yaiku
kurang luwih jam 10.00. Andre lan Dito sakkeluarga nggawa oleh-oleh jenang lan ketan salak. Wektu
iku Pak dhe lagi panen rambutan lan pelem. Andre lan Dito langsung ngewangi Pak dhe njupuki
rambutan lan pelem sing wis mateng. Banjur rampung kabeh, Andre lan Dito sakkeluarga disuguhi
hasil panene.
Le, ayo ndang dipangan!
Nggeh Pak dhe.
Piye le, unggah-unggahan wingi juara pira?
Kula lan Dito angsal juara setunggal.
Alhamdulillah, ponakanku pinter kabeh!Terus sinau ya le lan tingkatno prestasimu.
Nggeh Pak dhe.
Wayahe wis sore, Andre lan Dito sakkeluarga pamitan muleh. Pak dhe menehi oleh-oleh
rambutan lan pelem. Andre lan Dito sakkeluarga tekan ngomah jam 5 sore.
I.

Pilih salah siji wangsulan sing bener!


1. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku .
a. Budhal saka Jombang
b. Sowan Pak Dhe Ing Nganjuk
c. Panen rambutan lan pelem
2. Nalika unggah-unggahan Andre lan Dito dadi juara .
a. Siji
b. Loro
c. Telu
3. Daleme Pak dhe ana ing .
a. Solo
b. Probolinggo
c. Nganjuk
4. Andre lan Dito sakkeluarga nggawa oleh-oleh apa menyang daleme Pak dhe .
a. Brem
b. Jenang lan ketan slak
c. Jeruk lan semangka
5. Kapan Andre lan Dito sakkeluarga sowan Pak dhe .
a. Preian semester siji kepungkur
b. Preian semester loro kepungkur
c. Preian riyaya
6. Jam pira Andre lan Dito sakkeluarga budhal saka Jombang .
a. Jam 07.00
b. Jam 10.00
c. Jam 05.00
7. Pak dhe panen apa .
a. Rambutan lan semangka
b. Jeruk lan jambu
c. Rambutan lan pelem
8. .. sekolahan Ridho?
Tembung pitakon sing pas yaiku .

a. Apa
b. Ing ngendhi
c. Kepriye
9. .. Jenenge Adhimu?
a. Sapa
b. Apa
c. Kepriye
10. Yen takon marang sapa bae kudu .
a. Sopan
b. Ngagetake
c. Seru
II. Isinana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
1. Murid iku kudu gelem .. supaya pinter.
2. Sikil gajah iku cacahe .
3. .. carane gawe sapu?
4. .. Pak guru rawuh?
5. .. asmane Ibune Adi?
6. Yen ngingu sapi pakane ..
7. Sikil pitik iku cacahe ..
8. ... regane tas iku?
9. .. sing kok gawa kuwi dik?
10. Ibu mundhut rambutan sa ..?
III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Ibu nggawa tas
Ukara ing ndhuwur kramakna alus!
2. Gawea ukara nggunakake tembung pitakon kena apa!
3. Sebutna 3 wae sing kalebu tembung pitakon!
4. Bapak ngombe kopi
Ukara ing ndhuwur kramakna alus!
5. Apa wae sing kok tindakake sawise tangi turu esuk?Coba sebutna 4 bae!
KUNCI JAWABAN
I. 1. A
2. A
3. C
4. B
5. B
6. A
7. C
8. B
9. A
10. A
II. 1. Sinau
2. 4 (papat)
3. Kepriye
4. Kapan
5. Sapa
6. Godhong
7. 2 (loro)
8. Pira
9. Apa
10. Kilo
III. 1. Ibu mbeto tas
2. Kena apa kowe ora mblebu sekolah?
3. Apa, kepriye, sapa
4. Bapak ngunjuk kopi
5. Sembayang, adus, sarapan, nyapu

PEDOMAN PENSKORAN

Romawi I.

2 10 2 20

Nilai

jumlah jawaban benar

II.

Nilai

jumlah jawaban benar

III.

Nilai

jumlah jawaban benar


Jumlah skor seluruhnya

4 10 4 40
8 5 8 40

=100

You might also like