You are on page 1of 3

Nama:Setianto wicaksono

Kelas :XII IPA 3


No

:27

SIRAMAN LAN KEMBANG MAYANG ( BAHASAN RINGKAS


BAHASA JAWA )

UPACARA ADAT SIRAMAN


Salah sijine adat tata cara pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman
calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber
pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur ,dadi dudu banyu kali sing
ora suci amarga wis reget
Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman , rambut diore , dikanthi mijil saka
kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang sepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata
sakdurunge , jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibulan ramane calom penganten putri .
Sakwise sungkem pangabekti , calon penganten putri tumuli dikanthi dening dening rama lan ibune
manjing papan siraman . Calon penganten putrid dilenggahake ing papan siraman kang wis
cinawisake.Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji ,sabanjure
banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman .Sakwise banyu
dicampur, dhukun penganten ngandani para sepuh putrid kang piniji mbaka siji nyirani calon
penganten pungkasane rama lan ibune .Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor.Carane
,kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri
sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek.Yen kendi wis kothong,banjur
dicekel bareng dening rama lan ibune ,kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap :Aku ora
mecah kendhi,nanging mecah pamore anakku.Sakwise kendi pecah ,calon penganten putri banjur
dianduki lan dibopong mlebu kamar proboyoso dening rama lan ibune,pepindhane kaya digendong
kanthi kebak rasa tresna asih .

RINGKESAN WACAN SIRAMAN

Siraman yaiku suatu prosesi ( upacara adat ) ingkang nggadahi tujuwan ngeresiki reregeting
awak lair tuwin batin .

Ingkang dibutuhaken ing upacara adat Siraman yaiku :

1. Banyu utawa toya saking 7 sumber ( 7 tuk )sing beda panggonane . angka pitu ing upacara siraman
nggadahi arti pitulungan kanggo panguripanne calon penganten .
2. Banyu utawa toya sing dikumpulke mau kudu saka kaluwarga sing sejahtera .
3. Toyane uga kudu saka kaluwarga sing isa menehi teladan urip ( Keluarga terhormat ).

Paraga yaiku wongsing nyirami penganten nganggo banyu siraman mau .

Wong paraga : 7 pasang kaluwarga sing isih utuh , 7 pasang kaluwarga sing sejahtera , 7
pasang kaluwarga sing wis tuwa ( wis pernah nikahake anakke ) , 7 pasang kaluwarga sing isa
maringi teladan urip .

Kendi pratala yaiku wadah banyu siraman .

Nalika kendi pratala dipecah karo wong tuwane penganten , wong tuwa penganten mau
ngomong Aku ora mecah kendi iki ,ananging mecah pamore anakku supaya dadi pribadi kang
utama .

Ruang probosuyasa yaiku ruang rias penganten putri supaya dadi ayu sawise upacara
siraman dipungkasi .

Gambar kendi pratala ing upacara adat siraman

KEMBAR MAYANG

Kembar mayang biasane digawa ing acara Temu Nganten ing ngarep lawang omah penganten
putri . Kembang mayang iki digawa karo sepasang praja utawa remaja wadon lan sepasang praja
putra sing iseh jejaka lan perawan .Kembar mayang sing digawa karo pihak putri dituker kaliyan
kembar mayang sing digawa karo pihak penganten kakung.
Miturut tradisi Jawa sing sampurna utawa lengkap, kembar mayang yaiku karangan sekar utawa
kembang sing terdiri saka godhong-godhong wit klapa( janur ) sing ditancepake ing tanggul klapa .
Lan dekorasi kembang mayang iki duweni makna utawa arti sing becik.
Hiasan sing bentuke awujud gunung dhuwur lan amba ngelambangake yen penganten
kakung kudu berpengetahuan luas utawa duwe ilmu pengetahuan sing becik , berpengalaman , lan
sabar .

Hiasan sing bentuke awujud keris duweni arti supaya pasangan penganten kudu ati-ati ing
panguripane .

Hiasan awujud cemeti utawa cambuk, duweni arti pasangan kudu berpikir positif sing
harapane supaya uripe bahagia .

Hiasan awujud payung nduweni arti pasangan kudu ngelindungi kaluwargane dhewe.

Hiasan awujud walang nduweni arti pasangan penganten kudu tangkas,berpikir cepet , lan
jupuk kaputusan sing bener nganggo keslametan kaluwargane.

Hiasan awujud manuk : pasangan kudu nduweni tujuwan urip sing becik .

Godhong ringin : pasangan kudu ngelindungi kaluwargane dhewe lan wong liya .

Godhong kruton : nduweni arti ngelindungi pasangan penganten saka roh jahat .

Godhong dadap serep : nandaake pasangan penganten kudu duwe pikiran jernih lan tenang
ngadhepi masalah kaluwargane .

Bunga patra manggala : digunaake nganggo hiasan kembar mayang .

Gambar kembar mayang sing digawa pihak putri dituker kaliyan kembar mayang pihak
kakung

GAMBAR KEMBAR MAYANG PENGANTEN JAWA

Sumber: http://saeitubaik.blogspot.co.id/2013/10/siraman-lan-kembang-mayang-bahasan.html

You might also like