You are on page 1of 1

ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturake warta marang Rama.

Kanthi prajurit lan


kasektene, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhake Alengka.
Ing wektu iku, sedulure Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu
mbela Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanake
negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, dene Wibisana lunga saka
Alengka gabung melu Rama. Perang gedhe dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit
pinangka senopatining perang kaperjaya dening Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharake
tapane supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbela Rahwana, nanging negara wutah
getihe. Rama nglepasake panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti.
Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahake Rahwana. Nalika Rahwana kena panah
Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dening Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana
kajumenengake dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama.
Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasucian dening Rama sadurunge nunggal marang
Rama.

SILSILAH CRITA RAMAYANA


Prabu Dhasarata

Dewi Kekayi
( Selir )

Raden Bharata
Raden Satrughna

Nama : Nur Widi Atuti


Kelas : XII IPA 3
Absen : 23

Dewi Sukasalya

Raden Ramawijaya

Dewi Sumitra
( Selir )

Raden Laksmana

You might also like