You are on page 1of 2

JINISING LAYANG

1.

Layang Dhines, yaiku layang kang isine bab kang magepokan karo
pamarentah. Dikirimake saka kantor-kantor pamarentah marang kantor

2.

liyane.
Layang iber-iber, yaiku layang kiriman kang isine magepokan karo

3.
4.

pribadine kang ngirim marang sing dikirimi.


Layang kitir, yaiku layang sasuwek kang surasa (isine) cekak aos.
Layang ulem yaiku layang kang surasane aweh weruh sarta nyuruh
supaya teka.

PERANGANE LAYANG
1.
2.

Titi mangsa, yaiku tanggal gawe layang


Adangiyah / adawiyah, yaiku Mratlak unggah-ungguhing basa
paprenah kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang
kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpaman

3.
4.
5.
6.
7.

pakdh budh.
Salam pambuka
Surasa basa (isi)
Wasana basa (panutup)
Paprenahan
Tapak asma

Salatiga, 10 januari 2009


Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5
Sragen

Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih
kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatiga tansah ginanjar
wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi
Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah
tampi.
Ingkang wayah punapa dene bapak ibu sami bungah dene eyang sampun kondur
kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa
dene ingkang wayah badh sowan yang. Sokur saged sinambi
ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.
Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur
punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.

Ingkang wayah

Sukartini

You might also like