You are on page 1of 2

ASAL USUL DANAU TOBA

Neng Sumatera lor ana dano sing gedhe banget lan ana tengah-tengah dano kesebut ana pulau. Dano kuwi
nduwe jeneng dano Toba ewodene pulau ana tengahe karan Pulau
Samosir. Neng

siji

desa ana wilayah Sumatera, urip sawong petani. dheweke sawong


petani sing sregep tandhang gawe garap lemah pertaniane sing ora
amba. dheweke bisa nyukupi kebutuhane saka hasil kerjane sing
ora

kenal

kesel.

Sabenere umure wis cukup kanggo rabi, nanging dheweke tetap


mileh urip dhewean. Ana sawijining esuk sing cerah, petani kuwi
mancing iwak neng kali.
muga-muga dina iki aku oleh iwak sing gedhe, batin petani kesebut ana jero ati.
Ora suww sakwise pancinge diuncalke, cingire kedelok obah-obah. Dheweke cepet nggeret pancinge. Petani kuwi
mbengok seneng sakwise oleh iwak sing cukup gedhe.
Dheweke gumun ndeleng werna sisik iwak sing apik. Sisik iwak kuwi arupa kuning emas kabang-abangan. Kapindho
matane bunder lan metu mancarke werna sing gae gumun.
tunggu, aku aja dipangan! aku gelem ngancani kowe nek ora tok dadeke lawuh. Petani kesebut kaget krungu
suwara saka iwak kuwi. amarga kaget, iwak sing kepancing iku tiba ana lemah. Banjur ora suwe, iwak kuwi ngowah
wujud dadi sawong prawan sing ayu buanget. opo aku ngimpi?, kondo petani.aja wedi pak, aku uga manusia
kaya kowe. aku ngutang budi marang sampean amarga wis nylametake aku saka kutukane Dewata, tembung
prawan kuwi. jenengku Puteri, aku ora kabotan kanggo dadi bojomu , tembung prawan kuwi koyo endesek
petani iku.
Petani

kuwi

banjur

manggut-manggut.

mula

dadia

dekne

kabeh

bebojoan.

Ning, ana siji janji sing wis disepakati, yaiku dekne kabeh ora oleh nyeritoke menawa asal-usul Puteri saka iwak.
Nek janji kuwi dilanggar jare bakal kedadean petaka dahsyat.
Sakwise nganti neng desane, para warga desa gempar ndeleng prawan ayu bareng petani kesebut.
dheweke kaya bidadari sing mudhun saka langit, Kondo dekne kabeh.
Petani rumangsa seneng banget lan tenteram. Dadi bojo sing becik, dheweke terus tandhang gawe kanggo nggoleke
pangan lan garap sawah ugo tegale kanti tlaten lan ulet.
Amarga ketlatenane lan keuletane, petani kuwi urip tanpa kekurangan. akeh wong iri, lan dekne kabeh nyebarke
fitnah sing bisa nglarani si petani.
aku

ngerti

Petani

kuwi

mesti

ngingu

lelembut!

tembung

wong

marang

kancane.

Isu kuwi nganti krungu neng kuping Petani lan Puteri. Nanging dekne kabeh ora rumangsa tersinggung, malah-malah
tambah sregep le pada tandhang gawe.
Setaun kapungkur, gembiran Petani lan bojone nambah, amarga bojo Petani bayen bayi lanang. Dheweke diwenehi
jeneng Putera. Kebahagiaan dekne kabeh ora nggawe dekne kabeh lali awak. Putera tuwuh dadi sawong anak sing
waras lan kuwat. Dheweke dadi anak ndenakake nanging radha mbeling.
Sheweke nduweni kebiyasan sing nggawe heran wong tuwane, yaiku sanuli rumangsa ngelih. panganan sing kudune
dipangan wong telu bisa entek dipangan dhewe.
Suwe-suwe Putera sanuli nggawe jengkel bapaken. Yen dikongkon ngewangi pagawean wong tuwa, dheweke nolak.
Bojo Petani banjur ngelingna Petani supaya sabar marang ulah anake dewe.

ya, aku arep sabar, senajan kepriyea dheweke kuwi anak ku ugo! tembung Petani marang bojone. Syukurlah,
yen kangmas due pikiran mangkono. kanda Puteri marang bojone.
Njak tembung manungso, kesabaran kuwi ana watese. Ukoro iki ugo dialami Petani kuwi. Ana sijining dina, Putera
dikongkon kirim panganan lan wedang menyang sawah ana bapake lagi tandhang gawe.
Nanging Putera ora ngaksanake tugase. Petani nunggu tekane anake, karo ngumpet ngelak lan ngelih. Dheweke
banjur mulih menyang omah. Neng deloke Putera lagi dolanan karo konco-kancane. Petani dadi nesu karo
menjewer kuping anake.
anak ora reti gawean! ora ngerti awak! Dasar anak iwak !, umpat si Petani tanpa eling wis ngucapke tembung
pantangan kuwi.
Sakwise petani mengucapkan tembung iku, saknalika kuwi uga anak lan bojone ilang. Tanpa bekas lan jejak. Saka
bekas pidakan sikile, dumadakan nyemprot banyu sing banter banget lan tambah buanter.
Desa Petani lan desa sekitare banjur kelelep kabeh. Banyu mbludak dhuwur banget lan amba dadi mbentuk telaga.
Tlaga iku akhire dikenal karo jeneng Dano Toba. Pulau cilik neng tengahe dikenal karo jeneng Pulau Samosir.

You might also like