You are on page 1of 3

Syiir gusdur

Ngawiti ingsu laras syiiran


kelawan muji maring pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpa petungan

Dhuh bala kanca priyo wanito


Ojo mung ngaji syariat bloko
Mung pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro

Akeh kang apal quran hadise


Seneng ngafirke marang liane
Kafire dewe gak di gatekke
Yen esih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro


Ing pepaese gebyaring ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho

Ayo sedulur jo nglalekake


wajibe ngaji sak pranatane
ku ngendelake iman tauhide
baguse ilmu mulya matine

kang aran soleh bagus atine

kerono mapan sari ilmune


laku torekoh lan makrifate
ugo hakekot manjing rasane

Al-quran qodim wahyu minulya


tanpa tinulis bisa diwaca
iku ewjangan guru waskitho
den tancepake ing jero dodo

Kelawan Allah kang maha suci


Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman


Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinekdir saking pangeran

Kelawan konco dulur lan tonggo


Sing podo rukun podo asiho
Iku wejangan guru easkitho
Den tancepake ing jero dodo

Ayo nglakoni sekabehane


Alloh kang bakal ngangkat drajate

Senajan asor toto dzohire


Ananging mulyo makom drajate

Lamon palastro ing pungkasane


Ora kesasar ruh lan sukmane
Den gadhang Alloh suargo manggone
Wutuh mayite igo ulese

You might also like