You are on page 1of 1

Pengertian dan Contoh Geguritan dalam bahasa jawa

Geguritan yaiku miturut kamus geguritan iku uran uran utawa karangan kang
pinathok kaya tembang,nanging guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu ora ajek,dene
miturut subalidinata(1994:45)geguritan yakuwi iketaning basa kang memper syair.
contoh geguritan
SEGA KENDURINgger anakkuaku tak kandha
Coba dirungu la dirasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangan kang aji
Nalika bapak isih cilik
Sega iki tanah dirayah
marga jaman emana larang upa
ora saben dina muluk sega
Beda karo saiki
Sega kenduri ra diajeni
Mangka sega iki mberkahi
Diwenehke kanthi ikhlasing ati
Mula ya ngger. . . .
Sega iki aja dingo dolanan
yen pacen gelem ayo dipangan
Dene yen gemang pasrahna liyan
Kareben sega iki kepangan
karya suryanto
(Djaka lodang,no.13,30 agustus 2008)

You might also like