You are on page 1of 2

WULANGAN 1

Wana

Sapunika kawontenipun wana sampun meh telas utawi saboten-botenipun sampun


risak. Kerasakan wana punika kenging tiyang-tiyang boten anggadhahi tanggel jawab. Tiyang-
tiyang wau inggih punika tiyang-tiyang ingkang mandung blandhog dating wana. Utawi
pamendhetan kejang ingkang sawenang-wenang. Utawi wana punika malih rupi dados
pakebonan tebu lan sanes-sanesipun.

Zaman rumiyin, kala kula alit, menawi dinten puniki wonten gledhug ning kidul,
duginipun banjir punika enjingipun. Sapunika menawi wonten gledhug ning kidul, boten antawis
dangu lepen Cipanas sampun banjir. Ilustrasi wau mbuktosaken menawi wana punika sampun
meh telas. Terutami wana ingkang wonten wewengkon kabupaten indramayu.

Wana punika kedah dipunlestarikaken, sebab kathah ginanipun tumerap lelampahan


tiyang gesang. Keginanipun wana inggih punika:

1. Wana punika saged nyimpen toya. Toya jawah saged mlebet siti. Ingkang medalipun
dados tuk-tuk wau mili sapanjanging taun.
2. Wana saged nyimpen toyah jawah. Milanipun banjir bandhang saged dipunicalaken
3. Oyod wit-witan saged nahan siti. Dados siti boten gampil longsor. Utawi baya erosi saged
dipuntanggulangi
4. Ron-ronan ingkang sami dhawah dados humus ingkang saged nyuburaken siti.

Milanipun kita sedaya kedah sareng sami-sami ngraksa kelestaranipun wana, supados
gesangipun manungsa sami ayem lan tentrem.

1. A. wacanen wacan ning dhuwur sing tliti! Kappa ana tembung-tembung sing beli ngerti,
takona!
B. Wangsulana pitakon-pitakon ngesor iki nganggo basa karma!
1. kenang apa sekiyen alas wis emeh entek ?
2. buruh tani ning pinggir alas iku uripe sing alas. Coba terangaken maksude ukawa wau!
3. terangaken gunane alas tumrap uripe manungsa?
4. apa wewengkon kabupaten Indramayu iku duwe alas? Lamon duwe, ning endhi
genahe.

II. TITI TEMBUNG

A. Ejaan
1. Sira mah bisae mangan bae.
2. Punten, kitae beli bisa neka
3. Sapa sing nuku buku? Kita titip
Titenana tembung-tembung sing dicetak miring!
a. Ukara no. 1 lan 2 :
Biasae lan kitae, iku salah. Sebab-sebab tembung sing aksaran pungkasane
vocal, lan olih panembang -ne wujud lan unine beli robah. Lan lamon
tembung pungkasane konsonan, wujud lan unen-unene dadi e.
Dadi : bisa + -ne ..> bisane
Kita + -ne ..> kitane
Blesak + -ne .> blesake
Kebo + -ne > Kebone
b. Ukara no 2 lan 3
Neka lan nuku

You might also like