You are on page 1of 17

Prosa utawa Gancaran

Jaman biyen ing desa Golan, ana paraga sing


nduweni kasekten misuwur lan diajeni kabeh uwong yaiku
Ki Honggolono. Amarga kawicaksanan lan kaluwihan sing
diduweni Ki Honggolono, dheweke diangkat dadi kepala desa
lan entuk sebutan Ki Bayu Kusuma. Ki Honggolono nduweni
adhi jenenge Ki Honggojoyo sing luwih dikenal minangka Ki
Ageng Mirah. Ki Honggolono duwe putra ingkang bagus lan
gagah jenenge JokoLancur.
JokoLancurikubagusingkangnggadhahihobi ngedu pitik lan
mabuk-mabukan. Nalika Ki AgengMirah duwe putri sing
ayujenengePutriAyuMirah. PutriAyuMirah iku dadi kembang
desa landiaraniMirahKenconoWungu.

JokoLancurduweKesenengan ngedu pitik, ing ngendi wae


anggone nglurug iki ora tau dipisahake saka pithik jagone
dhewe sing dikinasih. Ing sawijining dina nalika arep ngedu
pitik, JokoLancur nglewati Mirah. Ing kono kuwi, pithik jagone
ucul. Dheweke malih susah amarga kadadeyan kuwi. Akeh
cara kanggo nyekel pitike kuwi nanging ora kasil.
Ngantipungkasan pitike mlayu menyang papan pawon Ki
AgengMirah. PutriAyuMirah sing lagi mbatik ingpawonkaget
banget ndeleng anajago sing mlebu omah. PutriAyuMirah
banjur ngaturkanggonyekelpitik, lanatinebungahbanget,
amarga pithik e kuwi mau jinak
Ora let suwe JokoLancur nggoleki pithike, dheweke kaget
ndelengpithike dheweke kinasih padha ing tangan prawan
ayu sing ora dikenal. JokoLancuroralangsungtakonpithike,
nanging mlongo amarga kaendahanPutriAyuMirah.
PutriAyuMirah uga seneng karo ngganthenge JokoLancur.
Loro-lorone padha kenalan lan katresnan ing antarane wong-
wongmau. JokoLancurorangerti yen paklike, Ki

1 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
AgengMirahwisduweputri sing ayu yaiku Putri Ayu Mirah
amarga Putri Ayu Mirah kuwi cah pingitan sing ora oleh
konconan karo sembarang uwong. Ingtengah guneman karo
Putri Mirah Ayu, Ki Ageng Mirah mlebu menyang pawon lan
ngonangi putrine karo Joko Lancur. Ki AgengMirah muntab
marang Joko Lancur amarga dianggep ora nduwe unggah-
ungguh sarta ora nduwe sopan santun , melbu omahe wong
tanpa ijin sing nduwe omah. JokoLancur nerangne menyang
Ki Ageng Mirah, nanging Ki Ageng Mirah ora perduli. Ki Ageng
Mirah malah ngusir Joko Lancur. Joko Lancur mulih kanthi rasa
isin lan kuatir, nanging tansah eling ing atine kaendahan Putri
Ayu Mirah.

Wektu terus liwat, Joko Lancur ora kaya biasane sing


gaweane lunga karo pithik jagone, nanging Joko Lancur luwih
sering ngurung awake ing kamar, sering nglamun, sering ora
mangan lan ora turu amarga kepikiran Mirah. Kahanan iki
pungkasane diweruhi dening Ramane, Ki Honggolono.
Sakbanjure ditakoni, Joko Lancur omong yen dheweke lagi
katresnan marang Mirah. Amarga Joko Lancur kuwi ya putra
siji-sijine, Ki Honggolono nuruti Joko Lancur kanggo mingit
Mirah

Ki Honggolono budhal menyang omahe Ki Ageng Mirah


kanggo mingit Mirah Putri Ayu. Tekane Ki Honggolono,
disambut kanthi seneng karo Ki Ageng Mirah senajan ing
atine Ki Ageng Mirah ora sudi nduwe calon mantu sing
senengane judi. Ki Ageng Mirah ngupaya nolak lamaran
kasebut kanthi cara sing alus amrih ora nglarani atine
Keluarga Ki Honggolono. Akhire lamaran kasebut ditampa
kanthi akeh syarat. Syarat sing dijaluk Ki Ageng Mirah yaiku
amrih digawekake bendungan kali supaya ngairi sawah-

2 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
sawah ing Mirah sarta serahan awujud padi selumbung sing
ora oleh diterne sopo-sopo, artine lumbung kasebut mlaku
dhewe. Syarat kasebut disanggupi dening Ki Honggolono

Kanthi kasanggupane Ki Honggolono kanggo ngebaki


syarat kasebut, Ki Ageng Mirah kuwatir dan usaha kanggo
nggagalne pembangunan bendungan lan lumbung kuwi. Ki
Honggolono kanthi rewangan murid-muride kerjo rekasa
kanggo nggawe bendungan lan nglumpukake padi. Amarga
kerjo rekasane kuwi, syarat sing dijaluk Ki Ageng Mirah meh
rampung. Ki Ageng Mirah nduwe rencana kanggo nggagalake
Ki Honggolono, dheweke njaluk parewangan e Genderuwo
kanggo ngganggu pembangunan bendungan lan nyolong
padi sing dikumpulake.
Apa sing dilakokake Ki Ageng Mirah, dikonangi marang Ki
Honggolono. Ki Honggolono ora gelem maneh ngisi
lumbunge karo pari, nanging diganti karo damen lan titen.
Amarga kasektene Ki Honggolono, damen lan titen kasebut
disulap dadi pari. Genderuwo kongkonan Ki Ageng Mirah
genti ngganggu pembangunan bendungan sing durung
rampung. Nanging dikonangi karo Ki Honggolono, Ki
Honggolono njaluk rewangan baya sing jumlahe ewon kanggo
nangkep Genderuwo sing ngganggu. Akhire Genderuwo kalah
lan pembangunan bendungan akhire rampung.
Kabeh persyaratan wis lengkap, Ki Honggolono nyabda
lumbung pari amrih budhal dhewe , ditututi rombongan
penganten lanang. Awal katekane rombongan penganten,
disambut apik karo Ki Ageng Mirah, nanging Ki Ageng Mirah
ya ngerti sing digawa rombongan kuwi uduk pari nanging
damen lan titen. Ing ngarepe para tamu, Ki Ageng Mirah
nyabda damen lan titen kasebut dadi pari maneh.

3 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Kanthi prastawa kasebut Ki Honggolonolan Ki Ageng
Mirah tukaran. Joko Lancur mlayu nggoleki Mirah Putri Ayu,
wong loro kuwi ngerti yen Ramane tukaran lan wong loro
kuwi mutusake kanggo ngendat. Ing peperangan kuwi ,
bendungan sing dibangun mau ambrol lan nyebabake banjir
sing ngrenggut okeh nyawa.
Sakbanjure peperangan, Ki Honggolono nggoleki Joko
Lancur, nanging nyatane Joko Lancur ditemokake mati karo
Mirah Putri Ayu. Jasade Joko Lancur dimakamne karo pithik
jagone lan dijenengi Kuburan Setono Wungu.
Saka prastawa kasebut Ki Honggolonowara-wara marang
wong okeh Wong Golan lanWong Mirah ora oleh jejodhoan.
Kaping pindho, isi-isine ndonyo soko Golan kang wujude
kayu, watu, banyu lan sapanunggale ora bias digawa
menyang Mirah. Kaping telu, barang-barange wong Mirah
karo Golan ora bias diwor dadi siji. Kaping papat, wong Golan
ora oleh gawe iyup-iyup saka kawul. Kaping limone, wong
Mirah ora oleh nandur, nyimpen lan gawe panganan saka
dele
Sakwise kelangan putra kesayangane, Ki Honggolono
okeh nglamune. Senajan okeh bandha nyatane ora nggawe
uripe tenang. Akhire Ki Honggolono insyaf lan taubat marang
apa sing tau dilakokake. Dheweke sinau syariat Islam. Ki
Ageng Mirah uga ngono, dheweke merguru marang Kyai.

4 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Naskah Drama

Legenda Golan Mirah Ponorogo


Jaman biyen ing desa Golan, ana paraga sing nduweni kasekten
misuwur lan diwedeni kabeh uwong yaiku Ki Honggolono. Amarga
kawicaksanaan lan kaluwihan sing di duweni Ki Honggolono,
dheweke diangkat dadi Palang Desa lan nduweni sebutan Ki Bayu
Kusuma. Honggolono nduwe putra sing bagus lan gagah prakoso
jenenge Joko Lancur. Joko Lancur nduweni watak sing ala.
Babak 1
Papan : Desa Golan
Swasana : kendho (santai)
Paraga : Ki Honggolono, Joko Lancur
Adegan 1
Ki Honggolono : Ngger putrane rama sing bagus dewe awakmu
iku wis gedhe wis iso mbedakake antarane becik lan ala.
Joko Lancur : Inggih rama, kula mangartos
Ki Honggolono : Awakmu kuwi inggah-inggih nanging ora
kepanggih ngger
Joko Lancu r : Pripun lho Rama (ambekan abot)
Ki Honggolono : Awakmu gaweane saben dina kok sabung pitik
ta?

5 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Joko Lancur : Mboten saestu Rama, kula saben dina
ngrencangi Ibu, kadang-kadang kula nggih nyapu, masak lan sak
liyanipun
Ki Honggolono : Awakmu opo arep (ngapusi) aku, aku iki ngerti
lho ngger amarga ana salah siji patih laporan marang aku yen
kowe seneng nyabung pitik
Joko Lancur : Mboten Rama Mboten
Ki Honggolono : O tak celukne Patihku. Patih P atih
Reneo (langsung ngadek lan nesu)
Joko Lancur : Inggih, inggih Rama kula ngaku menawi kula
saben dinten nyabung ayam.
Ki Honggolono : Hoalah ngger ngger, awakmu iku putraku nggur
siji naning kelaukanmu iku ora (menyiratkan perilaku putra raja)
Jaka Lancur : Inggih Rama kula nyuwun pangapunten
menawi kula luput
Ki Honggolono : Awakmu iki saiki wes gedhe wis wancine nikah,
mbok yo nggolek bojo.
Jaka Lancu r : inggih Rama dipunpadosi kalih tindakan
punika nggih saged (ngguyu cengengesan)
Ki Honggolono : Dakenteni lo, ngger
Jaka Lancur : Inggih rama

Ki Honggolono nduweni adik sing jenenge Ki Honggojoyo


utawa uga kasebut Ki Ageng Mirah. Ki Ageng Mirah nduweni putri
sing ayu banget jenenge Mirah Putri Ayu. Dheweke dadi kembang
desa lan nduweni julukan Mirah Kencono Wungu. Ing siji dina Jaka
Lancur arepe melu lomba nyabung pitik naning bajur jagone
mlayu banter munggah ora bisa dianakake. Pitik jago iku banjur
mlebu ing pawone Ki Ageng Mirah. Ing pawon iku ana Mirah Putri
Ayu sing lagi mbatik.

6 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Babak II
Papan : Pawon
Swasana :
Paraga : Mirah Putri Ayu, Jaka Lancur, Ki Ageng
Mirah
Adegan I
(Petok petok.....petok petok suarane pitik jago ana ing pawone Ki
Ageng Mirah)
Mirah Putri Ayu : Kaya krungu suarane pitik jago to? Apa iki gur
pikiran ku? (Karo mbatin yen dheweke mau tenanan krungu
swara pitik jago, nanging setengah ora percoyo)
(Ptok... Ptok...Ptok....Ptok surane pitik sing soyo jelas, Mirah Putri
Ayu banjur nggolek i suara iku)
Mirah Putri Ayu : kur...kur..kur...kur (tangane nuju pithik).
Mirah Putri Ayu : Oalah iki to mau sing nyuara ing pawonku. Tapi
iki pitik jagone sopo yo?, kok iso tekan kene (Karo nyekel pitik
jago banjur dielus-elus sirahe)
Adegan II
Ing jobo ono suara wong mlayu mlayu banjur dumadakan mlebu
ing pawon e Ki Ageng Mirah. Jaka Lancur banjur kaget amarga
pitik jagone ditangkep karo wong ayu. Mirah putri ayu uga
kepincut karo kebagusane Jaka Lancur
Jaka Lancur : Emm.... Ayam Jagoku (karo isin nge wiwiti
pacelaton amarga saking ayune Mirah Putri Ayu)
Mirah Putri Ayu : O.... niki ayam jago panjenengan. Niki (Banjur
nyerahake pitik jagone marang Jaka Lancur)
Jaka Lancur : Awakmu iku sopo yo? Aku kok gak tau
tumon awakmu ing desa iki
Mirah Putri Ayu : Kula Mirah Putri Ayu. Inggih kula mboten saget
ninggalaken dalem amargi kula dipingit dening Bapak
7 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Jaka Lancur : O... aku Jaka Lancur
Ing wektu sing padha Ki Ageng Mirah krungu ana swara wong
omong-omong an dene wektu iku namung ana Ki Ageng Mirah lan
Mirah Putri. Banjur Ki Ageng Mirah nyeluk i putrine iku
Ki Ageng Mirah : Putri Ayu.... Putri Ayu.
(Ora ana swara sing nyauri, banjur dheweke ngadek lan langsung
menyang pawon)
Ki Ageng Mirah : Putri Ayu yen ditimbali bapak mbok yo disau....
(urung sampe nek omong dheweke kaget amarga ana Jaka Lancur
ing pawon iku). Nyapo awakmu teko rene. Sopo sing ngolehi
awakmu mlebu rene? (Ki Ageng Mirah duka amarga Jaka Lancur
ora ndue andhap asor mlebu ing omahe tanpa ijin)
Jaka Lancur : Emm... kula dhateng mriki amargi...amargi...
(Ora bisa nyauri amarga kaget Ki Ageng Mirah teka dumadakan)
Mirah Putri Ayu : Niku wau ayam jagonipun Mas Jaka Lancur
mlebet dateng mriki. Saestu Rama Mas Jaka Lancur dhateng mriki
mboten wonten napa-napa
Ki Ageng Mirah : Saiki awakmu cepet mlebu kamar!
Mirah Putri Ayu : Rama Mas Jaka Lancur mboten lepat klintu
(salah) (Karo wajah e sing melas)
Ki Ageng Mirah : Cepet mlebu kamar, awakmu wani karo Rama!!!
Mirah Putri Ayu : Inggih Rama (Banjur ninggalake pawon karo iruhi
Jaka Lancur, Jaka Lancur uga iruhi Mirah Putri Ayu)
Ki Ageng Mirah : Saiki awakmu ngaleh tekan omah iki!!!!!
Jaka Lancur : Inggih Rama, kula pamit rumiyin
Jaka Lancur banjur langsung ninggalake omah Ki Ageng Mirah
karo rasa sing wirang lan kuatir ananing dheweke terus kelingan
dening Mirah Putri Ayu amarga kaendahane
Dina demi dina Jaka Lancur ora koyo biasane sing gawene metu
karo pitik jago kesayangane, ananing Jaka Lancur luwih sering

8 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
dewe ing kamar lan sering ngalamun. Dheweke uga ora mangan
lan ora turu amarga abot mikirake Mirah Putri Ayu. Kahanan kuwi
akhire kawruhan marang Ki Honggolono.
Babak III
Papan : Kamar Jaka Lancur
Swasana :
Paraga : Jaka Lancur, Ki Honggolono
Adegan I
Ki Honggolono : Ngger awakmu ki nyapo lo? Ora tau mangan ora
iso turu, ana apa ngger? Ana masalah opo?
Jaka Lancur : Mboten wonten napa-napa rama kula
namung mboten remen maem
Ki Honggolono : Aku ngerti ngger yen awakmu ana masalah saiki.
Nyapo? Apa pitik jagomu mati bar disabung? Awakmu ki wis gedhi
moso gur gara-gara pitik ora gelem mangan ora iso turu. Mbok yo
kono nggolek bojo!!
Jaka Lancur : Mboten Rama, Mboten amargi Sabung Ayam
Jago
Ki Honggolono : Lha apa lo ngger?
Jaka Lancur : Kula sampun dhumawah tresna ing satiyang
estri
Ki Honggolono : Oalah ngger...ngger. Ya omong tho kawit mau.
Jenenge sopo lo ngger?
Jaka Lancur : Asmanipun Mirah Putri Ayu, Putrinipun Ki
Ageng Mirah
Ki Honggolono : Apa perlu sesuk menyang omahe Ki Ageng Mirah
banjur ngelamar Mirah Putri Ayu?
Jaka Lancur : Saestu Rama?

9 | Tu g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Ki Honggolono : Iya ngger (Karo mesem seneng amarga putra siji-
sijine iku wes nemokne calon mantu)
Mangkata Ki Honggolono nuju omahe Ki Ageng Mirah kanggo
nglamar Mirah Putri Ayu. Ki Honggolono teko ing omahe Ki Ageng
Mirah. Ki Ageng Mirah banjur mesem lan pasuryan marang Ki
Honggolono, sanajan ing pikiran Ki Ageng Mirah dheweke ora sudi
nduwe calon mantu pamain sabung pitik jago.
Ki Ageng Mirah : Monggo pinarak Ki Honggolono
Ki Honggolono : Inggih
Ki Ageng Mirah : Wonten kebetahan punapa panjenengan tebih-
tebih dateng mriki?
Ki Honggolono : Kaparluanku teko rene amarga anakku siji-sijine
Jaka Lancur wis katresnan marang Putrimu iku Mirah Putri Ayu
Ki Ageng Mirah : Ing dusun punika kathah tiyang elok kajawi
putri kula, nopo maleh kaliyan kalenggahan ingkang samang
gadhahi samangke, kula raos lare kula mboten prayogi
nyegedaken lare samang. (Mencari alasan agar Mirah Putri Ayu
tidak menjadi milik jaka Lancur)
Ki Honggolono : Putrimu iku mestia istimewa banget amarga
dheweke bisa nggawe Jaka Lancur katresnan, amarga Jaka Lancur
iku duduk anak sing gampang demen karo wong wedok liya mbasi
dheweke kinepung lan didhemeni karo akeh wong wedok
Ki Ageng Mirah : Nanging lare kula taksih enem, taksih kathah hal
ingkang saguh piyambaikpun tumindakaken
Ki Hongolono : Masalah umur iki ora masalah, Jaka Lancur uga
isih pemuda
Ki Ageng Mirah : Ananging Rama....
Ki Honggolono : Awakmu kawit mau kaya nggolek-nggolek
lambaran. Apa awakmu ora setuju katekaanku rene gawe nggolek
ijin yen Jaka Lancur kapingin ngarabi Mirah Putri Ayu?

10 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Ki Ageng Mirah : Mboten Rama, mboten wonten ingkang purun
nolak Putra panjenengan.
Ki Ageng Mirah tidak bisa mecari alasan lagi ataupun menolak
lamarannya secara halus. Akhirnya Ki Ageng Mirah meminta
sebuah permintaan yang harus dikabulkan oleh Ki Honggolono
Ki Ageng Mirah : Putri kula Mirah Putri Ayu punika yaiku lare
ingkang pangaos saget kunjuk kula, sareh denten niku kula mingit
Mirah Putri Ayu murih piyambakipun tetep jagi ing lingkungan
ingkang aman
Ki Honggolono : Terus apa karepmu?
Ki Ageng Mirah : Sarehdenten menika rekaos kunjuk kula
konjukcucul putri kula menika, uga jaler ingkang kersa (menikahi)
Mirah Putri Ayu kumedaha saestu sayektos lebet mbina mukawis
dinten mangke
Ki Honggolono : Apa kowe gak percaya karo Jaka Lancur?
Ki Ageng Mirah : Mboten mekoten kula namung ajeg mastikaken
menawi Jaka Lancur pancen tresna marang Mirah Putri Ayu. Kula
gadhahi syarat kunjuk Jaka Lancur menawi pancen piyambakipun
pancen nresnani Mirah Putri Ayu
Ki Honggolono : Apa syarat kuwi? Jaka Lancur mesti bisa
mayokake
Ki Ageng Mirah : Syaratipun yaiku katura bendungan lepen konjuk
ngairi sain-sabin ing mirah mawi serahan kayata pantun
setunggal lumbung ingkang mboten kenging dipunterna dateng
sintena, ing arts lumbung menika mlaku piyambak .
Ki Honggolono : Becik arep dakgunoni panjalakmu. Menawi ngono
aku pamit dhisik.
Dengan sedikit gelisah Ki Honggolono pergi meninggalkan rumah
Ki Ageng Mirah, karena dia berpikir bahwa syarat yang diberikan
Ki Ageng Mirah bukanlah syarat yang mudah untuk dipenuhi. Ki
Honggolono pulang menuju rumah dan memberitahu Jaka Lancur
tentag syarat yang harus ia penuhi

11 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Babak IV
Papan : Rumah Ki Honggolono
Swasana :
Paraga : Ki Honggolono, Jaka Lancur
Adegan I
Jaka Lancur : Rama... Rama...Pripun lamaranipun wau?
Menapa Ki Ageng Mirah setuju?
Ki Honggolono : Iki arep mbok menawa sethihik radok angel
kanggomu ngrabeni Mirah Putri Ayu, ngger
Jaka Lancur : Pancenipun wonten punapa Rama?
Ki Honggolono : Dheweke nduweni syarat sing kudu dikebaki
Jaka Lancur : Syarat? Syarat punapa Rama?
Ki Honggolono : Awakmu kudu nggawe bendungan kali kanggo
nyirami sawah-sawah uga serahan berupa pari sak lumbung sing
oar kena diterne karo sopo bae, artine awakmu kudu nggawe
kepriye pari iku iso mlaku dewe
Jaka Lancur : Sedaya bandhe kula tumindakake kagem
Mirah Putri Ayu
Babak V
Papan :
Swasana :
Paraga :
Adegan I
Untuk mmenuhi syarat yang diberikan oleh Ki Ageng Mirah, Jaka
Lancur tidak bekerja sendiri namun dia dibantu oleh murid-
muridnya
Ki Honggolono : Hei para murid-muridku!!! Aku nag kene kanggo
ngomongi awakmu kabeh kanggo ngewangi putraku Jaka Lancur

12 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
ngebaki syarat sig diwenehna dening Ki Ageng Mirah, mula kowe
kabeh kudu nyambut gawe sing sayekti mula syarat iku bisa
kedaden.Dudohno marang aku kesetyaanmu, Hei Murid-muridku.
(Tandha Laku)
Murid-Murid : Inggih Ki Honggolono (Menjawab dengan
serentak dan penuh semangat)

(Ing panggonan liyane)


Jaka Lancur : Rama, Punapa Rama pitados menawi kita
sekaliyan sanguh ndumedekaken niki lebet setunggal dinten?
Ki Honggolono : Tenang anakku aku wis ngetokake kabeh muridku
supaya bisa nggawe bendungan iki
Jaka Lancur : Inggih Rama Matur sembahnuwun sampun
mbiantu kula
Babak VI
Papan :
Swasana :
Paraga :
Amarga direwangi karo kabeh muride, ing wektu sing
singkat syarat sing diajokake Ki Ageng Mirah nyeraki
kekadeyanan. Ananging Ki Ageng Mirah ora bisa terima karo opo
sing dilakoake Ki Honggolono, dheweke ora bisa nyerahake Mirah
Putri Ayu dadi bojone Jaka Lancur. Ki Ageng Mirah banjur nggolek
cara kepriye dheweke bisa murungake apa sing dilakoake Ki
Honggolono. Ki Ageng Mirah banjur nggolek (bantuan) Gendruwo
kanggo mekewuhi panggawen bendungan uga maling pari sing
wis dikumpulake
Ki Ageng Mirah : Genderuwo Genderuwo metuo, aku njaluk tulung!
Gendruwo : Kena apa awakmu tek rene?

13 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Ki Agen Mirah : Tulung.....Tulung rewangono aku. Aku butuh
petulunganmu
Gendruwo : Apa yang bisa tak lakokne gawe ngrewangi
awakmu?
Ki Ageng Mirah : Tulung wurungna upadi sing dilakoake Ki
Honggolono. Aku ngwehake siji syarat kanggo dheweke, amarga
putrane arep ngrabi Mirah Putri Ayu anakku lan aku ora bisa
ngebenke Jaka Lancur dadi bojone Amarga iku tulung rewangono
aku kanggo murungne upadine. Tulung rewangono aku(Tandha
Laku)
Gendruwo : Iku gampang, serahno kabeh ning aku. Mengko
tak rewangi
Ananging ing sisi liya Ki Honggolono krungu apa sing Ki
Ageng Mirah lan Gendruwo gunemake. Sadurunge Ki Honggolono
ngetutake merga dheweke meruhi Ki Ageng Mirah sing lagi ndelok
panggugahan bendungan lan dheweke kepingin nyapa calon
besan e iku. Ananing Ki Ageng Mirah (Tiba-tiba) mlayu dadine Ki
Honggolono ngetutake Ki Ageng Mirah merga dheweke ngerasa
ana samubarang sing aneh karo lelakune Ki Ageng Mirah. Banjur
ebo kaget e atie Ki Honggolono meruhi Ki Ageng Mirah kanggo
murungake syarat sing dheweke wenehna dewe. Merga saka iku
Ki Honggolono ora bakal ngebenke iku gono wae, dheweke arep
tetep mayokake supaya Mirah Putri Ayu dadi bojone Jaka Lancur.

BABAK VII
Papan : Desa Mirah
Swasana : Tegang
Paraga : Ki Honggolono, Ki Ageng Mirah
Adegan I
Apa sing dilakokake dening Ki Ageng Mirah konangan Ki
Honggolono.

14 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Ki Honggolono : Yen ngono carane lumbung iki arep tak ganti karo
damen lan titen
Adegan II
Ki Ageng Mirah : GendruwoGendruwo awakmu dak kongkon
njebol bendungan sing di bangun dening Ki Honggolono
(Ki Honggolono njaluk rewangane baya supaya dheweke iso
nangkep Gendruwo. Akhire Gendruwo kalah lan pembangunane
bendungan rampung)
Babak VIII
Papan : Dalem Ki Ageng Mirah
Swasana : Resmi, Tegang
Paraga : Ki Ageng Mirah, Ki Honggolono, Jaka Lancur,
Mirah Putri Ayu
Adegan I
Ki Ageng Mirah : Sak durunge lamaran kelakon, aku ngerti yen
isine Lumbung kuwi dudu pari nanging damen lan titen
(Ki Honggolono kaget lan muntab, dheweke miwiti perang karo Ki
Ageng Mirah)
Jaka Lancur : Mirah pangapurane ya yen dadine maleh
kaya ngene
Mirah Putri Ayu : Mboten napa-napa Kang Mas, mbok bilih punika
sampun takdir saking Gusti Allah kula lila
Jaka Lancur : Yen adewe ora bias dadi siji ana donya awak
e dewe bias dadi siji ana ing akhirat (Jaka lancur lan Mirah Putri
Ayu ngendat bareng)
Adegan II
Ki Honggolono : Kudune awakmu ngerestuni Mirah Putri Ayu dadi
bojone Jaka Lancur. Wong loro kui podo-podo edan katresnan

15 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
Ki Ageng Mirah : Aku ora bakal lila, putriku sing ayu dewe kui
dipek bojo Jaka Lancur sing senengane Ngedu pitik lan judi
Ki Honggolono : Awit Jaka Lancur kenal Mirah Putri Ayu dheweke
maleh beda ora gelem maneh ngelakokake tumindak sing ala
Ki Ageng Mirah : Aku panggah ora setuju yen nduwe mantu kaya
Jaka Lancur
(Ki Honggolono lan Ki Ageng Mirah perang ngganti bendungane
kui jebol lan nyebakake banjir sing mangan korban nyawa)
Babak VIII
Papan : Desa Golan
Swasana : Resmi
Paraga : Ki Honggolono

Sak banjure peperangan iku Ki Honggolono nemukake


jasade putrane Jaka Lancur lan dimakamake ing Kuburan Setono
wungu. Dheweke banjur ngewehi wara-wara kanggo wong Golan
Ki Honggolono : Wong Golan lan wong Mirah ora oleh jejodhohan.
Kaping pindho, isi-isine ndonyo saka Golan kang wujude
kayu,watu, banyu lan sapanunggale ora bisa di gowo menyang
Mirah. Kaping telu, barang-barange wong Golan karo Mirah ora
bisa diwor dadi siji. Kaping papat Wong Golan ora oleh nggawe
iyup-iyup saka kawul. Kaping limane, Wong Mirah ora Oleh
nandur, nyimpen lan nggawe panganan saka dele.

16 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5
17 | T u g a s B a s a J a w a K e l o m p o k 2 X I I I P A 5

You might also like