You are on page 1of 5

MALING

Nalika sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing
brengose nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana
sassus yen seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak
kandhani, ora susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi,
nanging Pak Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.

Nanging Gendhon bener-bener dudu malinge, ta? pitakoku mantebke.

Ya ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, wangsulane tegas.

Wiwit cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen
ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa
dhuwite embokne?

Yen pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?

Aku ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong
kuwi yen anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem
ngerti.

Apa kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya
kok ana empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono,
gedhe cilik uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon,
lan anake iku ora duwe gaweyan kang mesthi.

Dheweke iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak
Gendhon iku pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget
kaya dagang sapi. Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi
gaweyane mung mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.

Nalika ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak
Gendhon mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa
gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit,
wangsulane karo ngguyu nggleges. Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal
sampeyan rak saka kutha. Lan aku uga melu ngguyu.

Ndalem batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora
gelem ngaku apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake
gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae
mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog
minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal.
Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-
tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang
saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.

Dene Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau
sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas
pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne,
Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.

Prasangka alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira


disebabake klawan sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha
ora dadi masalah, nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi
wong akeh amarga ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani
bebrayane desa.

Sikap lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe
ora gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora
cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.
GELO

Srengenge durung katon jedul, nanging semburat abang ing sisih wetan wes
katon mbranang. Suwara manuk-manuk podho tuwuh dadi siji, godhong ing wit-
witan podho isih teles amarga embun, kabut e isih kandhel lan alus.

Ing desa ingkang adoh saking kuta, nanging cedhak saking pasir menika ora
ana suwara brebeg amarga montor utawa kendaraan liya. Sing ana mung wong
kang podho menyang sawah lan pasar, ana sik nganggo pit lan ana uga sik mung
mlaku amarga mung cedhak. Ana omah kang reyot ing pinggir ndeso, omah kang
mung dinggoni wong loro, mbok Suriah lan anake sing isih jaka jenenge Sapta.
Mbok Suriah wes tuwa umure 60 taun lan jaka anak siji-sijine umure 23 taun. Mbok
Suri biyasa dijeluk karo warga lagi lara-laranen. Sapta ora duwe gaweyan tetep nek
lagi ra duwe gaweyan Sapta mung nganggur neng ngomah. Le, tulung jupukke
obat neng meja ngarep! akon Mbah Suri. Nggih mbok sekedap, nembe adus niki.
Tanggap Sapta.

Niki mbok obate, diombe ngangge wedhang niki.

Nuwun yo le.

Sawise ngombe obat mbok Suri menyang sawah kaya dina biyasane. Sapta
mung neng omah ora duwe gaweyan, Sapta anak kang males lan gaweyane mung
dolan. Mbok Suri sanajan wes tuwa nanging isih seneng guyonan, malah ana sing
ngarani Mbok Gaul. Mbok Suri menyang neng sawah karo kanca-kancane sing arep
padha tandur.

Pripun kabare Sapta mbok? Sae-sae mawon to? Kok ora dijak menyang sawah?
takon Mbok Kondho.

Inggih sae yu. Alah, anak siji kae po gelem dijak nyambut gawe neng sawah.
Tanggap Mbok Suri.

Sawise tekan sawah kinten-kinten jam sewelasan lan padha tandur, Mbok
Suri ujuk-ujuk tibo pinsan. Kanca-kancane Mbok Suri padha meneng wae, dikira
mung ngapusi amarga Mbok Suri biyasane seneng gojekan. Uwes sepuluh menit
Mbok Suri ora obah. Mbok Kondho sek ket mau mendheleng ndelok Mbok Suri sek
diarani apus-apus ujuk-ujuk nyeraki Mbok Suri.
Eeeehh, iki Mbok Suri lara tenanan ora ngapusi. Gek digotong neng omah e!

Gandheng neng kono mung ana mbok-mbok sing wes tuwa, sing ora kuwat
ngangkat. Mbok Kondho mlayu marani Sapta.

SAPTAA!! Ibumu lara neng sawah. Ayo gek ditulungi!!

Sapta mlayu menyang sawah. Sawise tekan sawah Sapta langsung


nggotong ibune neng omah.

Larane ibune tambah nemen.

Iki kudu dipriksakke neng rumah sakit iki. Nek ora iso luwih tambah nemen! Mbok
Kondho kang tambah bingung.

Tur piye le mbayar budhe, aku ora duwe duit nggo mbayar neng rumah sakit?
tanggap Sapta.

Uwes duit urusan keri. Sek penting ibumu gek mari!

Kinten-kinten jam siji awan Mbok Suri digawa neng Griya Sakit Sarjito. Sapta
karo Mbok Kondho nunggu neng njobo, amarga Mbok Suri lagi diobati.

Ora krasa wes wengi Sapta nunggu ibune neng griya sakit. Sapta ket mau ra iso
mangan amarga mikirke biaya kanggo nambani ibune. Sapta mikirke cara supaya
bisa golek duit sing akeh nanging cepet.

Budhe tulung kancani ibu kula nggih.

Lha kowe arep nengdi Sapta?

Kula badhe mantuk sekedap, saged budhe?

Inggih saged le.

Sapta muleh numpak pit kuno nggone suwargi bapake. Neng tengah dalan
Sapta weruh omah gedhe kang menga amba ditinggalke wong sing duwe omah.

Mesti iki lali ora dikunci.

Sapta ujuk-ujuk duwe pepengen arep nyolong, amarga uwes ra duwe apa-apa. Ora
mikir suwe Sapta langsung mlebu neng omah gedhe kuwi, neng njero omah Sapta
jupuk kalung, gelang, emas lan duit. Sawise nglebokke barang mau neng sarung
kang disampirke ing pundakke mau, Sapta cepet-cepet metu.

Neng ngarep omah Sapta kaget weruh kirik gedhe. Sapta langsung mlayu nggawa
bundelan sarung mau karo dioyak kirik. Pas mlebu gang Sapta uga diconangi karo
wong sek duwe omah.
MALING....MALING...MALING...!!!!

Para warga sakiwa tengen padha metu lan melu ngoyak Sapta. Sapta mlayu neng
sesawahan kang nembe ditanduri. Saking wedine Sapta ora weruh nek neng
ngarepe ana sumur tuwa kang jero.

Aaaaaaaaa......tulung!! munine Sapta.

Sapta tiba neng sumur lan jaluk tulung marang warga. Warga langsung nulungi
Sapta nganggo tali lan Sapta dilaporake polisi. Sapta gelo apa sek wes ditindakke
mau.

You might also like