You are on page 1of 12

Nama :

Kelas :

No.Absen :

Cakar

Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono,
banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon
rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan
alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas
arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang
padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni,
jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.

Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan.
Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa
mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa
aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan
tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi eh, tempe, nanging krasa
enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih
kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.

Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora tekan
nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran
panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko
malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku
pepinginan. Wong mung arep turu.

Ceck Ceck Ceck, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi
rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing
angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka
padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha.
Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran.
Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu

Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga bagus-
bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo
londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan
ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane
kuwi, gaweane ngapa?

Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan
mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa
ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan
enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan,
olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan.
Lumrahe ngono.

He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora genah.
Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa,
aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang
ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan saka
kebonan. Walah walahIki kok dadi aku grundelan dewe.

Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil, ora duwe
wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi.
Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho,
langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E lha, cakare olehe njupuk kok ya
ora siji, loro njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko. Om, Om, es jeruk ya
Om, patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-
gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.

Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat.
Dicekel ana tangane kiwa. Pak, piringe pundi nggih.

O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking, banjur diulungake piring kuwi mau
dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan
papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh.
Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau
ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau
njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.

Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing padha
lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek
rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku iki,
lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha memanganan.

Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong ora
genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang
angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak
ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener. Nanging ya
aku mumet nek kon golek, apa ya arane, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora
kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah
salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.

Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha guneman
ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung
dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya
dudu bocah kuliahan.

Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi
cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam saka
gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune.
Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake
criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane
sepuluh-sepuluh.

Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang
kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena
ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean
pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar
nang kene. Paling padha wae.

Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko,
aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan,
tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya
akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa wae.
Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih rungu kuwi mau.

He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.

Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana
sing nolak diajak Boby dolan, he he he..

Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak
jejogetan?

Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki
terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah
jogete, wuisss edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae kancane
Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge
gelem.

Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha

Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.

Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene
iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi.
Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk
wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.
Pinten mas kula, niki segane wau kalih

Niki nggih mas, nuwun.

Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal
regane.

Paimin

Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?

Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.

Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.

Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP.
Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.

Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani lumayan. Hebat niku mas.
Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten saben tiyang
saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke anak, njenengan saget nyekolahke anak
loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku

Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya lumayan akeh.
Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo nyekolahke anakku kuwi mau.
Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana iuran kene ngana kae.

Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa sing
biasane katelasan sangu.
He he he he..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa
sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.
Enggih tha.

Lha iya.

Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.

Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas, penglarise
uga kudu modern. Kudu nututi jaman.

Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone ana ing kutha
kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih ndesa, dudu klaten kutha.
Pokoke bocah ndesa.

Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa
karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora ana lampu.
Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang.
Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang kutha,
dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke urip nang ndesa.
Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.

Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu. Dheweke
kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus Paimin kerep dolan
nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah sore dheweke kudu siap-siap
dodolan.

Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti
njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti menawa
omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir.
Dheweke mung tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu
ngrewangi bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo nyukupi
urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih ngontrak kuwi mau, Paimin wis
ora tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis
ora dolan maneh.

Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge Mirna, jeneng
kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna bocahe manis.
Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan
soto ana ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto
Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.

Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga
sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula Paimin
seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa
gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi mau disaguhi
karo Mirna. Suk Minggu ya mas, sedino nang ngomahku, wangsulane. Ya, suk Minggu,
Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.

Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin
pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis ora
bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis
bisa dienggo jalaran Paimin rada gembagus.

Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin
arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong Mirna
ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe kepentingan. Mlebu kerja
terus. Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na? pitakone Paimin. Wis, saiki Mas Paimin
mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa belak-belok.

Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus
wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang ngomahe
Paimin dhewe. Arah Klaten. Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na? Jebul omahe Mirna
Klaten. Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung. Pucuk
sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur sore mengko Paimin ora
bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.

Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi cita-citane
kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang kutha.
Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung menawa mengko
kepeneran kudu nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan
soto ana ing Warung Soto Sederhana.

Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika tuku cakar
menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar pithik. Barang siji iki
pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae,
sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha jajan nang angkringane, bab ngapa
kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak
mestine luwih empuk tur ndaging.

Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis
kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran ngajak
anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan liyane. Dadi si Inah,
mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar. Banjur nunggu sisan emake
rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh kenalan. Bocah wadon anake bakul
cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora patia ayu. Batine Paimin.

Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.

Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.


Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan, pangajake
Paimin marang Inah.

Iya mas, panyaute Inah sajak semu isin.

Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu
maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit sing digawa
kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo wingi sore. Paimin pancen
ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke ganti kathok mergo, kathok sing
kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke ora sreg menawa mengko sore pas bakulan
ngganggo kathok sing saiki dienggo.

Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane sampeyan.
Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken kangge kulak cakar.

Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu
karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah. Wiwit dina
kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah.
Karo bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan. Wong tuwane
sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.

Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora kepingin
banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa keluargane Inah
panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli kutha kene, nanging omahe
wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak tunggal maneh. Mengko menawa
bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi
anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki
supaya omah nang kana wae.

Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa bebojoan karo
Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa diarani bagus, isih bisa oleh
bojo sing luwih ayu saka Inah. Kena dipamer-pamerke, jare kancane. Paimin manthuk-
manthuk wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone bakal
dipek bojo.

Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe Inah.
Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing nggoleki, dudu
Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin dodolan, kepasan Paimin lagi
wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke bakalan seminggu ana nang ngomah.
Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake karo bapake Inah. Nang panggonane kang
disewa dienggo turu ora ana. Nanging bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe
Paimin nang Klaten.

Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul angkringan,
bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa kok Paimin
ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. Menawa ana masalah mbok
dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho ditakokake karo Inah, mangkana
tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu mbingungi semu isin.

Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong
olehe budhal bareng karo bapake.

Saiki kuwi Mas, anaku wis loro, ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan kang
jajan ana nagkringane.

Nama : IRFAN AMIRUL MUTTAQIEN

Kelas :X6

No. Absen : 12
Panglaris

Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang
papan kene?

Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging
thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika
ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.

Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.

Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas, pitakone karo ora
leren olehe ngrumuti cakar.

Masak piyambak, Pak.

Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki
bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.

Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah
tiyang jajan mriki.

Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?

Kula, Paimin, Pak.

Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar
amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga
sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis
gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku
cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku
seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng
mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he
he, bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.

Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon
seka nyandange lan tindak tandhuke.

Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak?
Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?

Ha ha ha ha, bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.


Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki
wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman, wangsulane bapake.

Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang
Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana.
Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?

Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.

Ha ha ha ha, bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.

Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.

Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!

Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.

Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate
sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake,
nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton
kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul
awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting
kena dienggo ngatur rambute.

Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet
kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa
sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek
ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men
sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan
nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males
wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.

Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga
semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan
garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo
banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake,
siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat
panglaris liyane.

Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro.
Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti
dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.

Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing
ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan
marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. Sampeyan bakul
nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya
ngene, ya ora Mas No, karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda.
Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye.
Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik.
Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi
bagus.

Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya
sampeyan niku. Resik, apik.

Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,
Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng
wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang
bapake karo nepuk-nepuk pundhake.

Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. Apik
mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan
nglakoni sing sepisan niku. Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan
karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.

Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti
liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. Eh mas, natane
sing apik, Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir
mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening
Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga
apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo
kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget.
Dodolane mesti cepet enthek.

Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. Mas, Min, iki sesuk angkringanmu
mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae
rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake.
Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko
klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene. Bapake njelaske karepe
marang Paimin.

Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu
kanca-kancane. Malah ngajak Paimin, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing
dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya
ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha
omong-omongan nganti suwe. Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas
Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis
kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min
kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan, pituture bapake.
Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.

Terus kapan kula nampi panglarise, Pak? pitakone Paimin.

Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika, Wis,
Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min,
ya kuwi kunci bebakulan.

You might also like