You are on page 1of 2

Ayahane Tembung / Jebatan Kalimat (Ukara)

Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer,
wasesa, lesan lan katrangan.
Ayahane Tembung / jebatan kalimat (ukara) yaiku :
a) Jejer utawa subyek perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara.
Manut pranatane ukara, jejer manggon ing ngarep wasesa. Dene tembung kang bisa dadi jejer
lumrahe arupa tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang dianggep kaya dene
tembung aran.

b) Wasesa. Wasesa utawa predikat yaiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan
subjek). Wasesa uga kalebu bakune ukara sawise jejer lan miturut urutane ukara, wasesa
manggon ing samburine jejer. Wujude wasesa iku ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja).
Utawa frase tembung kriya.
c) Lesan. Lesan utawa objek yaiku perangan kang diender utawa dituju. Lumrahe sing dadi lesan
iku tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan manggon ing
samburine wasesa. Ora saben ukara duwe lesan. Lesan iku anane mung ukara kang wasesane
awujud tembung kriya tanduk.
d) Katrangan. Katrangan iku mujudake perangane ukara kang ngandharake bab sing dikandhakake
sing ukara nganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer, wasesa lan lesan. Dene
manggon utawa urutane katrangan iku bisa saenggon-enggon. Dene kang bisa dadi katrangan iku
ya saka tembung katrangan utawa frasa katrangan lan frasa sing nggunakake tembung ancer-
ancer.

Jenenge Katrangan Tembung kang minangka tetengere


Katrangan panggonan Ing ana, ana ing, menyang, saka, sarta katrangan papan liyane.
Katrangan wektu Mangsa, dhek, dhek wingi, dhek biyen, saiki, kepungkur,
sadurunge, nalika, ngepasi, tembe mburi, lan sakpanunggale.
Katrangan alat/ piranti Nanggo, karo, kanthi, mawa, ambek
Katrangan cacah Sakabehe, sathithik, akeh, lan werna ukuran/ takeran.
Katrangan akibat Mula, mulane, mula saka iku, wusanane
Katrangan ubaya/ syarat Waton, angger, sauger, pokoke, saumpama, menawa, yen, yen ta.
Katrangan sebab Sebab, jalaran, amarga, karana
Katrangan asal Saka,, digawe saka, asale saka
Katrangan wewatesan Nganti, ngantek
Katrangan tujuan Supaya, kareben, murih, amrih, ing pangajab, ing pangangkah,
menyang.

Ayahane Tembung
Ayahane tembung uga diarani lungguhing tembung ing basa Indonesia diarani jabatan kalimat.
Ngudhal ukara manut ayahaning tembung ateges nggoleki perangane ukara sing diarani jejer,
wasesa, lesan, utawa katrangan.
Ing basa Indonesia:
a. jejer = pokok kalimat = subyek
b. wasesa = predikat = sebutan
c. lesan = pelengkap = obyek
d. katrangan = keterangan.
Katrangan:
1. Jejer.
a. Ing ukara aktif (tanduk) ateges perangane ukara sing nindakake pagawean.
b. Ing ukara pasif (tanggap) ateges perangane ukara sing diarani pagawean.
Tuladha:
1. Bapak maca buku crita.
2. Peleme dibalangi Tati.
2. Wasesa
Yaiku perangane ukara sing mratelakake jinis ing pagawean, mula wasesa tansah kedadean
saka tembung kriya utawa tembung-tembung kang ginawe kriya.
Tuladha:
a. Mbak Dewi nampa layang.
b. Omah iku payone seng.
3. Lesan
a. Ing ukara tanduk (aktif) ateges perangane ukara sing dikenani pagawean.
b. Ing ukara tanggap (pasif) ateges perangane ukara sing nindakake pagawean.
Tuladha:
a. Ibu nggodhog wedang.
b. Layange ditampa Dhik Andhi.
4. Katrangan
Yaiku perangane ukara sing menehi katrangan marang jejer, wasesa, utawa lesan.
Tuladha:
a. Mau bengi Dhik Siti lunga rene.
b. Dhik Andang Arimurti diajak menyang Ngadireja.

Tuladhane ngudhal ukara manut ayahaning tembung:


1. Wingi sore Wuryanto nandur kembang ing latar.
K J W L K
2. Mau bengi Dhik Irawan diutus Pak Cip.
K J W L
3. Esuk-esuk jam 06.00 Bayumurti lunga saka omahe amarga nesu.
K J W K K
4. Dhik Andang Priyambodo diajak kancane menyang Ngadireja.
J W L K
5. Tuku buku gambar ing toko Usaha.
W L K

You might also like