You are on page 1of 1

DOLANAN JAMAN BIYEN LAN JAMAN SAIKI

Jaman biyen dolananku egrang

Jaman biyen umpet-umpetan iku sing di senengi

Jaman biyen gatheng iku sing biasa tak lakoni

Nanging saya suwe

Saya nambah taun. Saya nambah dina. Saya aku gedhe

Dolanan kaya ngono iku wis ora ana

Dolanan sing tak senengi wes ora tau kanggo dolanan

Dolananku pas cilik saiki wis ilang

Dolanan sing kaya iku wis ora ana sing seneng

Jaman saiki dolanane PS

Jaman saiki dolanane game online

Jaman saiki dolanane HP

Iku kabeh dolanane wong sing dewekan

Dolanane wong sing ora diwe kanca

Dolanane wong sing kala-kala srawung

Dolanane wong sing mung lungguh lan ngadhep layar

Dolanan kang ngrusak moral

Nang endi dolananku mbiyen

Saiki kok ora ana sing nggunakake

Saiki wis ora ana sing ngerti

Saiki wis ora ana sing mentingke

Apa iki sing jenenge jaman kemajuan

Apa iki sing jenenge jaman reformasi

Apa iki sing jenenge jaman moderen

Iki jaman kang aneh

Iki jaman kang wagu

Iki jaman sing wis rusak

Iki jaman kang gawe sedhih

Merga dolananku wis ilang

Merga dolananku wis ora ana sing nggunakake

Merga dolananku wis ora ana sing ngerti

Lan merga dolananku wis ora ana sing marisi

You might also like