You are on page 1of 2

NAMA : INTAN SEPTIA W.

NOMOR : 12
KELAS : IX D

Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan

Salam,
Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu
kula tresnani.

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari
Pahlawan. Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya
wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun
pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris)
mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing
selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur
tangah ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula
mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging
badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge
nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang


wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek
Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung
Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November
taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari
Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan
bandha kangge mbela bangsa lan negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados


gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih
wonten kiranging atur saha solah bawaw ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging
samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk
rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa.
Amin..

You might also like