You are on page 1of 3

YU SENGIK

Kadidene publik figur,prasasat meh saben irung padha wanih karo yu Sengik. Wiwit balita
nganati simbah jambul wanen. Jeneng Yu Sengik moncer ngembari Soimah,artis sarwa bisa sing
nduwe bakat alami kae. Wiwit isih lungguh ing bangku SD, Sengik wis gladhi ulah beksan dening
ibune. Kebeneran nalika kuwi ibune dadi guru tari ing padhepokan seni Nglaras Beksa. Emane,
bareng nutugake kuliyah ing ISI, Sengik mrothol ing semester 2.

Karepmu piye ta ndhuk kok emoh nutugake kuliyah kuwi? ibune miterang meruhi anake
wis telung sasi ora bali menyang kampus sawise prei semesteran entek. Kepara dheweke malah
melu nggamblok wayang uwong tobong bebarengan karo seniman wayang liyane.

pengin praktek langsung kok bu. Menawi wonten kampus materi ingkang dipun
wucalaken kula sampun mudheng, semaure Sengik. Mangka sejatine Sengik wis ora niyat
nerusake kuliyah merga wulangan ing kampus kurang nyocogi atine lan uga ora krasan ngekos.
Minangka anak ontang anting sing ora kulina pisah karo ibune, Sengik ora betah niggalake omah
ing wektu sing suwe .

Saka pakuinane melu njoged lan dadi pemain figuran, suwe-suwe pimpinane wayang tobong
Ngesti Tuboyo, Warsito, ngerti yen Sengik pancen ngganduh bakat seni pinunjul, ora perlu digosok,
bakat senine Sengik wis katon mencorong.

Esuk kuwi Sengik diundang ngadhep dhapuk emban pamit ora bisa melu mayang ing
pahargyan nggantingi (pengetan wiwitan giling tebu ) pabrik Gula Trangkil. ngik,umpama kowe
nyulihi Trisni dhapuk emban ngono piye ? Mengko bengi awake dhewe njupuk lakon Gathutkaca
Gandrung. Kowe cukup tutwuri lakune pregiwa. Syukur yen kowe bisa clemang-clemong mancing
lelucon iki skenarione

Sengik nampani lembaran kertas folio isi urut-urutane adegan Gathutkaca Gandrung. Sawise
diwaca Sengik manthuk. sendika ndawuh bos!.ya wis kana, disinau lan gladhen dhisik sing
serius. Aja nguciwani penonton merga mengko bengi Pak Camat lan Pak Danramil uga rawuh
mirsani awake dhewe.

Warsito banjur nyasmitani para pemain wayang supaya miwiti glandhen. Biyasane kejaba
nggelar pilem layar tancep sewengi muput, pangrasa pabrik gula uga nanggap kroncong,
kethoprak,ludruk lan ora keri wayang uwong Ngesti Budaya, siji sijine grup wayang uwog sing isih
lestari laladan Pati

Gregorius Taufan
VIIIC/15
Pangrasa pabrik sing piyayi asli Yogyakarta kuwi pancen duwe rasa peduli sing gedhe
marang lestarining Budaya jawa. Wayang uwong Ngesti Budaya bisa manggung saben wengi
senajan penontone kena dietung nganggo driji uga jalaran oleh suntikan dana saka pabrik. Kepara
para pemain wayang sing pendhidhikane cukup tur nduwe keterampilan tinamtu, dijupuk dadi
karyawan pabrik.

Nalika isih SMA Sengik tau nyantrik marang dhalang kondhang Sutoyo Saka Tayu. Dhalang
Sutoyo kawentar prigel ulah sabet. Yen lagi merangake wayang, ora mantra-mantra yen sing lagi
salto utawa jandhon kuwi barang mati. Wayang iku kaya kaya urip tenan. Mula dhalang Sutoyo
pasarane dhuwur lan kesuwur nganti tekan kutha gedhe saindenge Nuswantara,kayadene Surabaya,
Semarang,Jakarta lan kutha kutha gede sajabane pulo Jawa.

Apamaneh yen dhong ndhalang banjur sindhene Sengik, dhalang Toyo mesthi panen rejeki
tanggapane ndidir. Dhasar swarane Sengik empuk ngelam elami kaya swarane Nyi Condro Lukito,
mula para pandhemen akeh sing kepranan.nuwun sewu pak dhalang,wiwit dinten punika kula
mboten nyindhen malih, ucape Sengik diamplopi dgalang Toyo samarine tanggapan sedhekah
bumi ing kanglegi.

Ana apa kok medhot dadakan? Apa honormu kurang? Apa wis ora oleh nyindhen maneh
dening wong tuwamu?piatkone dhalang Toyo kaget. Mboten pak, kula kepingin nglajengaken
kuliyah dhateng Solo. Kalawingi sampun ndaptar dhateng ISI..Yen kuwi alasanmu aku malah
seneng, sebab kabeh mau nganggo ngrembakebakat senimu. Sinau sing tumenen ya Ngik!

Wiwit dina kuwi Sengik ora nyindhen maneh nanging oper haluan nekuni seni tari lan seni
peran. Nadyan mung rong semester ning ISI, nanging Sengik mantep nedya mujudi gegayuhane
minangka seniwati gamben. Jam sanga bengi sawise sambutan saka pimpinan pabrik rampung.
Pagelaran wayang uwong Ngesti Budaya diwiwiti. Kelir dikerek munggah,gendhig pambuka
tinabuh rancak. Jejer sepisanan ing Kasatriyan Pringgadani.

Rampung pagelaran pada marem kabeh , awit nganti tumekane paripurna penontone ora ana
sing mingsed ninggalake kursi ne. Semono uga Warsito bombong marang Sengik Sang Primadona,
ujare Warsito karo ngguyu bungah.

Dina dina candhake Senik ajeg oleh dihapukan minangka paraga wigati. Awit saka anggone
prigel antawacana, tregal tregel solah bawane lan semanak marang sapa wae ndadekake Sengik ora
mung ditepungi donyaning panggung seni, nanging ana pasrawungan umum jeneng Yu Sengik uga
kawentar.

Gregorius Taufan
VIIIC/15
Sawise kuwi Sengik ndaptar dadi caleg. Angen-angene Sengik kombul, yen kelakon dadi
anggota dhewan tenan dheweke kepingin kaya Raden Ajeng Kartini sing merjuwangke
emansimpasine wanita supaya sadrajad karo kalungguhane kaum priya. Ing babagan perburuhan,
Sengik kepengen merjuwangke nasibe buruh kanthi mbusak sistem kontrak murih nasibe buruh ora
kelunta-lunta. Mula kari niteni wae, yen sida lungguh jigang minangka wakil rakyat apa semagat
perjuwangane Sengik isih makantar-kantar kaya nalika durung dadi.

Gregorius Taufan
VIIIC/15

You might also like