You are on page 1of 3

Majalah

Bapak : Riyan, sapa sing nggawa majalah ana meja kene?

Riyan : Kula mboten ngertos Pak, mbok menawi Mbak Sista.

Bapak : Tenan, ora ngerti?

Riyan : Saestu Pak, kula boten sumerap.

Bapak : Lha terus Mbak Sista menyang endi iki mau?

Riyan : Dhateng dalemipun Bu Amelia, badhe ndamel kliping ngaten lho.

Bapak : Wah, mengko gek majalahe digawa mrana kanggo kliping.

Riyan : Bapak menapa dereng maos majalah kalawau?

Bapak : Ya durung, wong isih anyar

Riyan : Lha inggih, mangke dipun damel kliping kaliyan Mbak Sista.

Bapak : Ya muga-muga ora. Mesthine rak ya ngerti yen isih anyar.

Riyan : Nggih mugi-mugi mboten Pak. Majalah menapa ta pak?

Bapak : ya masalah basa jawa, jaya baya lan penyebar semangat.

Riyan : Oo... kalih ta majalahipun?

Bapak : Iya. Ya wis, mengko rak digawa bali. Wis kana dolana maneh.

Riyan : inggih Pak, matur nuwun.


Energi Listrik

Paimaridya: Mas,mbok aku diajari nggarap tugas!.


Paijony : Aku lagi repot kok Dhik. Nko bengi wae yen uwis sela.
Paimaridya: Repot apa? Padune ora gelem ta, wong tugasku sesuk kudu dikumpulake.
Paijony : koe kui ora percaya aku di dhawuhi ibu, tumbas lampu neon. Kamangka ndadak
neng toko sanding pasar kae, trus engko iseh ndadak masang lampu, dadi ora isa
saiki, ngerti rak..?!.
Ibu : ana apa ta kok do ribut wae?.
Paimaridya: Punika lho bu mas Paijony kula suwun ngajari tugas boten purun. Malah alesan
criyosipun nembe repot dipunutus ibu?
Ibu : Iya bener, ibu dhawuh ngganti lampu neon sing mati, nanging sadurunge tukune
neng toko pijar cedak pasar kana.
Paijony : Krungu dhewe ta dhik, dikandani kok ngeyel !!!
Paimaridya: Lha ingkang ngajari tugas kula sinten bu?
Ibu : Tugasa apa ta dya, yen ibu bisa dak bantu nanging yen ora bisa ben diajari mas
Paijony.
Paimaridya: Lho Mas didhawuhi ta, dikandhani ngeyel
Ibu : Malah eyel-eyelan, kana enggal di jupuk buku tugase!!!
Paijony : Nuwun sewu, mangke ibu kemawon Ingkang ngajari dhik dya, kula badhe bidhal
sapunika
Ibu : Ya, Mangkata saiki supaya ora kewengen mulihe!
Paijony : Inggih Bu...
Ibu : Dya,Ridya. Bukune gawanen rene wae!
Paimaridya: Inggih bu,punapa kula dereng ngertos werni-werni ewh-ewahan energi listrik
dhateng energi sanes.
Ibu : Walah,kowe saben dina weruh listrik murub,ibu nyertika,nonton TV, Kipas angin
Mubeng kabeh iku bukti owah-owahan energi listrik. Kabeh mau wis di jletrehke
ning buku Kaca 27 iki!
Paimaridya: Inggih bu, o inggih sedaya wontwn ngriki.Matur Nuwun bu.
Ibu : Kowe iku pancen kesed maca lan nggoleki, lagi yen ora bisa takon.aja lali mengko
matura Mas Paijony yen wis bisa!
Paimaridya:hehe...Nggih bu.
Kerja Bakti

Dina esuk Minggu Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah.
Bapak : Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!
Anang : Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.
Bapak : Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged
dhuwur kae!
Anang : Nggih, Pak, menika andhanipun.
Bapak : Kene kene, galo regede kaya ngana.
Anang : Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!
Bapak : Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.
Anang : Nggih Pak, benjing kula rencangi!
Ibu : sing ngati-ati lho Nang!
Anang : Nggih Bu!
Ibu : Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!
Anang : Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?
Ibu : Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.
Bapak : Wis Nang, rwangana Ibumu genti!
Anang : Nggih Pak..!

You might also like