You are on page 1of 3

Tamu Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Pahargyan Temanten

Assalamualaikum Wr. Wb.


Kula nuwun
Para Sesepuh, para Pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak, para ibu lan
para sedherek sedaya ingkang minulya ing budhi. Para tamu lan adek adek sedaya ingkang
kula kurmati.
Kula nuwun ! Keparenga kula sedmela atur, ngempil kamardikan panjenengan sedaya
rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka wakil kaluwarga minangkani
pamundhutipun ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah
dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapa Darmawan
sekaliyan anggenipun hamengku gati ndaupaken putranipun ingkang Rara Lina Setya
Puspaningsih, S.sos sampun kalampahan dhaup kaliyan Bagus Rahmat Effendi, S.T rikala
dinten Minggu Wage tanggal 16 wanci jam 9 wonten ing dalemipun Bapa Darmawan kanthi
manggih rahayu kali sing sambekala.
Kaping kalihipun Bapa Darmawan sakaluwarga ngaturaken panuwun ingkang sanget
menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring donga pamuji dhumateng sri
penganten sekaliyan. Sarehning Bapa Darmawan sakaluwarga mboten saged ngaturi punapa-
punapa, sagedipun naming ngaturaken puji pangestuti mugi-mugi pikantuk sih kautaman
panjenengan sedaya saking Gusti Ingkang Maha Agung.
Kaping tiganipun Bapa Darmawan sakaluwarga nyuwun dedonga dhumateng para
tamu sedaya supados sri penganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para
pinisepuh sedaya. Tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti
dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun lan para pinisepuhipun, sageda mikul
dhuwur mendem jero labuh labet dhateng nagri.
Ingkang pungkasan mbok bilih wonten kekuranganipun trapsila anggenipun
ngacarani, menawi dhaharanipun kirang eca ugi papanipun kirang sae Bapa Darmawan
ngaturaken sih samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Atur Pasrah Temanten
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kula nuwun, kanthi limbaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken suka syukur
dhumateng Gusti, mugi rahayua sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula
lan panjenengan sedaya.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing riyaduni myang tulak sarik, dene
kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang
katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejebahan kula pinuji minangka
duta saraya sulih sesira saking panjenengan Bapa/ibu Soetrisno, kula kadawuhan nglarapaken
putra calon temanten putri, mugi katur panjenenganipun Bapa/ibu.
Panjenenganipun Bapa Suripto ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka
sulih salira saking panjenenganipun Bapa/ibu Darmawan ingkang winatu agunging
pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan ngaturaken sewu agunging kelepatan dene panjenenganipun Bapa/ibu
Soetrisno mboten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten
kakung, kapeksa naming saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenengan
Bapa/ibu Darmawan ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun
mengku karya hanetepi dharmaning asepuh, hangrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra
mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Jangkep kaping kalih, rehning putra calon temanten kakung pun Bagus Rahmat
Effendi, S.sos atmaja kakung saking bapa/ibu Soetrisna ingkang pidalem ing Teba Kidul Rt.
3 Rw. 6 Candirengga Kec. Ayah, Kab. Kebumen sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan
Rara Lina Setya Puspaningsih, S.sos. Kenya sisi saking panjenenganipun Bapa/ibu
Darmawan kala wau dinten Minggu Wage surya kaping 16 Desember 2012 wanci tabuh
09.00 mapan ing dalemipun Bapa/ibu Darmawan mriki. Kula sapangombyong tansah
jumurug ing karsa, sinartan puji donga Gusti tansah ngijabahi dhumatheng temanten sarimbit,
anggen amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem,
rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan
pangambyong temanten kakung, kaparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-
mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gayak-
guyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing tata krami, kawula tansah nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Atur Panampi Pasrah Temanten


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun sagunging para rawuh sedaya ingkang satuhu kinabekten,
Bapak/bapak, Ibu/ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat
kinurmatan,
Saderengipun keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami awit kawula
kumantun ngejejer ngadeg wonten ing pangarsanipun panjenengan sedaya.
Dhumateng panjenengan Bapa/ibu Sutrisno, kula minangka silih saliranipun Bapa/ibu
Darmawan ngaturaken nyuwun gunging pangapunten amargi ing wekdal punika mboten
kuwawi matur. Awit saking bombonging penggalih suka pari suka pikantuk sungsung
talineng katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapa/ibu Soetrisno sekaliyan ngaturaken
pambagyaharja rahayu wilujeng awit karawuh panjenengan sedaya ingkang sampun kanthi
sugeng basuki nglarapaken sarana pasrahan temanten saking dalem dumugining wisma mriki.
Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi deneng Bapa/ibu
Darmawan, ingkang lumantar Bapa/ibu Sutrisno kala wau.
Semanten ugi Bapa/ibu Darmawan sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur
wonten ngarsanipun Bapa/ibu Soetrisno kanthi pepuji mugi-mugi tan saha pinaringan sih
kanugrahaning pangeran, cinakno ing suka rahayu lan tinebihna ing godho rencana.
Kaping sekawan, Bapa/ibu Darmawan sekaliyan neda narima ngaturaken matur
nuwun ingkang tanpa pepindhan dene Bapa/ibu Soetrisno sekaliyan kersa anggenthenggaken
bot karepotaning Bapa/ibu Darmawan. Pamila saking punika, pasrahan temanten kakung
sampun dipun tampi kanthi suka renanning penggalih.
Mawantu-wanyu panyuwunipun Bapa/ibu Darmawan sarimbit mugi panjenengan
dalah para panggaraking penganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken
sura pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning
pahargyan punika.
Minangka pupating rembak, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika
taksih kathah acir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani pnggalih, kula namung
nyuwun gunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb

You might also like