You are on page 1of 1

**1

Pawarta

Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan
ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang
diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu
(gempa bumi), banjir, pilkada lan liya-liyane.

Bentuk Pawarta

1. Bentuk cetak : Bisa awujud majalah/ koran


2. Bentuk siaran : Bentuk siaran iki padha karo lisan nanging mbutuhake media kanggo
nyawisake pawarta menika.
3. Internet : Bentuk siji iki yaiku pawarta basa jawa sing disiarake lewat media
internet bisa awujud website/ blog.
4. Bentuk lisan : Yen bentuk lisan iki bisa disiarake saka sapa wae marang wong ketelu
utawa wong akeh.

Unsur pawarta

Dhasare pawarta yaiku data saka kedadeyan utawa prastawa, mulane anggone gawe
swajining pawarta kudu nggatekake apa sing diarani 5W+1H.

1. What (apa) : Pawarta utawa kedadeyan apa sing kedaden.


2. Whi (sapa) : Sapa bae sing melu neng pawarta utawa kedadean kuwi.
3. When (kapan) : Kapan kedadean kuwi dumadi/ kedaden.
4. Where (nang ndi) : Nang ndi kedadeyan kuwi ana/ kelakon.
5. Why (kena apa) : Apa sebabe prastawa kuwi bisa ana/ kelakon.
6. How (kepriye) : Kepriye kedadeyan kuwi bisa kelakon.

Siswa SMA Ora Lulus UN Paling Akeh


Provinsi paling anyar, Kalimantan Utara (Kaltara),taun iki paling akeh siswane SMA sing ora
lulus ujian nasional (UN).Miturut Pejabat Gubernur Kaltara,Irianto Lambrie ,Selasa
(20/5),saka murid SMA cacah 4.469 sing melu UN,112 ing antarane ,utawa 2,51 persen,gagal
lulus. Miturut Irianto, penyebab ora luluse siswa mau maneka warna, nanging sing paling
wigati yaiku merga wilayahe kekurangan guru sarta infrastruktur pendidikan isih durung
tumata.Sebab, Kaltara madeg dadi provinsi dhewe lagi taun 2013 kepungkur sawise misahake
dhiri saka Kalimantan Timur.
Kanggo nyuda cacahe siswa sing ora lulus, taun ngarep Irianto bakal nggandheng
Universitas Makassar lan Universitas Negeri Surabaya kanggo nambah sesurupane para
guru. Pangajabe, sawise dikuliahake, mutu sarta kualitase guru-guru mau mundhak becik
saengga mangaribawani marang murid-muride. Kepala Dinas Pendidikan Kaltim,
Musyahrim, njelasake yen Kaltara durung bisa disejajarake klawan provinsi-provinsi kang
mutu pendidikane wis mapan. sebab saperangan gedhe fasilitas sekolah ing Kaltara isih ana
sangisore standar.

You might also like