You are on page 1of 2

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu alaikum Wr. Wb.


Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para lenggah kakung
sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, kadang wredha mudha ingkang winantu
suka basuki.
Nyuwun panapunten dene kula kumowantun nyigeg anggen panjenengan sedaya
ingkang sami wawan pangandikan, lan keparenga nyuwun wekdal sawetawis , saperlu
nuhoni menggah ingkang dados ayahan kula mbabaraken punapa wigatosing pisowan
kula sakulawarga ing kalenggahan punika.
Menggah wigatosing pisowan kula wonten ngarsa panjenengan, saperlu kautus
Matur Dumateng Bp./Ibu .....................(calon besan) sekaliyan lumantar
panjenengaipun Bp./Ibu .............. (wakil)
Namung saderengipun, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur
wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat
ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah
saget pepanggihan sapenjagong kanti rahayu wilujeng nir sambekala wonten ing papan
punika.
Kula ugi tansah ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa upami, karana
pisowan kula sakulawangsa ing mriki, katampi kanti sae satemah saged adamel
bombong lan mongkok bigahing manah. Wondene ingkang dados wigatosing pisowan
kula :
Sepisan kautus dening Bp./Ibu ................... sekaliyan, ngaturaken salam
taklimipun katur panjenenganipun Bp./Ibu .................... sekaliyan.
Kaping kalihipun kades sampun dipun kawuningani dening para pinisepuh
wonten ing pepanggihan kulawarga sampun sinarujukan, bilih pun Bg. ............... putra
kakungipun Bp./Ibu .................. sekaliyan, sami-sami wonten sesambetaning katresnan
kaliyan Rr. ................... putri siwinipun Bp./Ibu ..................... sekaliyan ing mriki.
Awit saking punika pinangka jejangkeping tatakrami, sarta hanetepi adat
ingkang lumampah wonten mriki panjenenganipun Bp. .......... ngaturaken sarana
miwah upakarti pinangka jangkeping tata cara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. .......... sekaliyan
garwa inggih punika :
Pirantos ngadi sarira kagem calon penganten putri ing pangajab sageda
minangka tandha kayektosing saking calon panganten pria.
Kalpika rukmi sepasang, minangka tetalining sih sutrisno ing antawisipun
penganten pria lan penganten putri.
Mboten kekilapan Bp. ................... sekaliyan ngaturaken redana wujudipun
arta, kenginga damel ngentheng-entengi anggenipun Bp. .................... sekaliyan netepi
darmaning asepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kejawi punika panyuwunipun
Bp. .................. sekaliyan ing mbenjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking
gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah
adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur hambok bilih Bp. ..................... sekaliyan
anggenipun ngaturaen sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu
nyuwun agenging samudra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira
saking panjenenganipun Bp. ........................ sekaliyan menawi wonten gonyak
ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tatakrami, kawula
nyuwun sihing samudra pangaksami
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like