You are on page 1of 1

Sekolah idaman

Aku,adhi adhiku kudu sekolah

Kabeh bocah sing wis wayah, sinau ing sekolah

Ora mung sembarang sekolah

Aku kepingen sekolah sing maju

Maju ing babagan ilmu, kanggo ngadepi jaman sing maju

Bapak lan Ibu Guruku...............

Kudu bisa digugu lan ditiru

Sabar, pangerten,wibawa lan kebak ilmu

Mulang muruk andhedasar tresna asrih kang satuhu

Nindakake paugeran PAKEM ora kliru

Sekolah negeri,apa swasta aku ora peduli

Sing penting bisa minterake siswa siswi

Kondhang ketertibane lan kedisiplinane

Kaloka apik pamulangane

Guyub rukun siswa, dwija, wali murid lan masyarakate

Ing wusana...............

Siswa siswi bisa makarya

Bisa ngolek pangupajiwa

Sandang, wisma sarta boga

Bisa urun mbangun nusa, bangsa, lan negara

Pangripta : Mas A.Y Rono

Kanthi owah owahan

You might also like