You are on page 1of 2

Ananda Oktavia (XI MIA 1/04)

Wayang wong

Pandawa lan Kresna ing


satunggaling adegan pagelaran
wayang wong. Wayang wong
utawi Wayang wong punika salah
satunggalipun jinis teater tradhisional Jawa.Wayang Wong punika gabungan antawisipun seni
drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (ropah) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang
ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang ingkang dipungelar punika saking carita-carita
wayang purwa. Wayang wong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi
bangsawan.

Sejarah Wayang Wong

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad
XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih punika Mangkunagara I ingkang kadosipun dipunilhami
saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kiln. Wiwitanipun wayang wong
dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868,
nalikanipun Mangkunagara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma
Prangwadana lan Mangkunagara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab
pakan lan pirantinipun. Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten
ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih punika
wayang wong. Wiwitanipun wayang wong punika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif,
namung dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka
urip komersial, kanthi nyad karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun
nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dning Sastrosabdo.
Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong punika wiwitanipun dipungelar ing abad
XVIII (1760 M.), ingkang dipunpandegani dning Mangkunagara I. Wekdal punika ingkang
dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun punika pagelaran wayang
wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong
ngantos taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunagara V, wayang wong ngrembaka
malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon. Pranyata kesenian
wayang wong pikantuk sambutan ingkang sa saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah
pakempalan wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional.
Pakempalan wayang wong ingkang moncr, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta
lan Ngesti Pandawa saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang
ageng, inggih punika ndherk nglestarkaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni
tari, seni busana, lan seni karawitan.

Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bnten
kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nemb ing jaman
Mangkunagara VI (1881-1896), penari wayang wong ngangg irah-irahan ingkang kadamel
saking kulit ingkang dipuntatah kanthi sa.

You might also like