You are on page 1of 3

SAMBUTAN

Sambutan yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing
sangarepe uwong utawa pamireng akeh. Sambutan uga bias kasebut pidhato lan uga bias
kasebut sesorah. Ancas utawa tujuan sesorah iku werna-werna, ana kang kanggo aweh
pangerte/informasi, aweh panglipur, utawa ajak-ajak marang kang ngrungoake supaya
nindakake apa kang dikarepake pamicara.

Sesorah miturut kaanane dibedakake dadi 3 yaiku :


1. Kaanan resmi, yaiku lumrahe pamicara maca naskah kang dicawisake.
2. Kaanan stengah resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone kanthi rada longgar,
nanging kesan resmi kudu tetep digatekake.
3. Kaanan ora resmi, yaiku pamicara bias ngandharake pidhatone miturut tujuwane.

Cengkorongane Sesorah, yaku :


1. Purwaka kang nyakup salam pambuka, atur puji syukur, atur panuwun, lan ancang-
ancang kanggo narik kawigaten tumuju isi.
2. Isi/underaning prakara
3. Dudutan/kesimpulan arupa pangarep-arep
4. Wasana tanggap wacana/panutup kang nyakup atu panuwun, nuwun pangapura, lan salam
panutup.

A. Tegese pidhato
Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong
liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine
pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Tujuan Pidhato
Pidhato umume duweni tujuan kaya ing ngisor kasebat :
1. Nyedhiyani informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng /
pamiyarsa.
2. Persuasif / ngajak, yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran
utawa propaganda pidhato ditulis dening penulis pidhato.
3. Hiburan utawa rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa
ndadekake pidhato kang di sampeake bisa marem.

C. Jenis-jenis Pidato Adhedhasar


1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama
MC.
2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu,
kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni
pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo
kegiatan.
6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung
jawaban tugas utama/kagiyatan.

D. Sistematika Berpidato
1. Ngucapake salam pambuka lan salam pirsawan;
2. Nyampeake pambuka biasane disampeake kanggo ngucapake matur nuwun, utawa
ekpresi saka kasenengan, utawa sukur;
3. Nyampeake isi pidhato sing pocapan ing basa Jawa iku apik lan bener lan nggunakake
gaya basa menarik;
4. Nyampeake kesimpulan saka isi wicara supaya gampang eling dening pirsawan;
5. Nyampeake pangarep-arep sing ngandhut saran utawa uleman menyang pirsawan
kanggo ngleksanakake isi wicara; lan
6. Nutup Salam

Sesorah Sambutan Ketua Panitia ing Adicara Pengaosan Isra' Mi'raj


(Pidato Sambutan Ketua Panitia di Acara Pengajian Isra' Mi'raj)

Assalamu'alaikum wr.wb.
Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kyai Akrom Sofwan saking Pekalongan
Ingkang dhahat kinurmatan ugi Bapak Kepala Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu lan Sedaya ingkang rawuh ing Pengaosan menika

Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,


Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang Maha welas lan Maha asih. Ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita
sedaya lan ingkang sampun paring kathah rejeki dhumateng kita sedaya saengga kula lan
Panjenengan dipunparingi gampil urip ing alam donya menika.

Sholawat saha salam konjuk dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun
ngasta kita saking zaman onta dumugi zaman toyota. Ingkang sampun ngasta kita saking
zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyyah. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing kiyamah saged
pikantuk syafa'at saking Kanjeng Nabi. Aamiin ya robbal 'aalamiin.

Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,


Kula minangka ketua panitia ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng sedaya warga
Desa Pesaren ingkang sampun mbiyantu biaya kagem pengaosan isra' mi'raj menika. Mugi-
mugi amal sae Panjenengan sedaya angsal piwales ingkang langkung sae saking Allah SWT.
Wondene kalawingi urunan saking para warga Desa Pesaren pikantuk pitung yuta gangsal
atus seket ewu rupiah. Sedaya arta menika boten namung saking dhusun Pesaren kemawon.
Ananging ugi saking dhusun Mijen, Sudan, Kebaran, Kasapan lan Badulan.

Matur nuwun sanget inggih Bapak lan Ibu sedaya. Pengaosan Isra' Mi'raj menika minangka
kegiyatan kaping kalih ingkang dipunwontenaken lare-lare karang taruna Desa Pesaren. Kula
sesulih saking karang taruna nyuwun pangapunten menawi kathah kekirangan ing ndalem
pengaosan Isra' Mi'raj menika. Insya Allah ing ngajengipun kula sakanca karang taruna purun
sinau terus supados saged langkung sae menawi ngawontenaken kegiyatan malih.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Kupat jangane santen, menawi lepat kula
nyuwun pangapunten.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr.wb

Sesorah Sambutan Kepala Sekolah ing Adicara Perpisahan


(Pidato Sambutan Kepala Sekolah di Acara Perpisahan)

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
lan rencang-rencang kelas kaleh welas ingkang kula krisnani

Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang
sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika kita
sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika

Kula piyambak ngaturaken matursuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem bapak-ibu guru
ingkang sampun mbulawantah kula dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang
warsa

mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki.woten ing adicara
menika ,kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak-ibu guru amargi wonten ing
tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan
ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja.mugi-mugi bapak-ibu guru kersa
ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Satuhinipun kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang
wonten dateng menika sampun kados sederek lan kulawarga,namung kula kedah
nglanjutaken ngangsu kwaruh wonten ing pawiyatan ingkangluwih inggil, kula kedah sanget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula
nyuwun agenggipun pangapunten.

Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr.wb

You might also like