You are on page 1of 17

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
AAK Culture Library

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR

PUPUH I
ASMARANDANA

-- 01 --
Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang
wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik
ngleluri leluhur, caritane jaman kuna.

-- 02 --
Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi
paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing
ila-ila.

-- 03 --
Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine,
wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya
lamine gumelar.

-- 04 --
Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone,
Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun,
winastan jaman Sengara.

-- 05 --
Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane,
namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan
atus, langkung sangangdasa warsa.

-- 06 --
Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh,
lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur,
namung kalih ewu warsa.

-- 07 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Lalanjon titahing Widi, laminipun kalih leksa, sangang ewu ing taune,
kalanira Nabiyullah, taksih munggwing suwarga, Malekat bangsanipun,
sagung para Malekat.

-- 08 --
Sami wonten ing Rochani, datan wonten kenging pejah, luput duraka
sakehe, datan wonten nadah nendra, lan sagung titahing Hyang, wignya
ngucap lir jalmeku, tumut langgeng lir manungsa.

-- 09 --
Lembu ingkang nyangga bumi, isih sekawan sukunya, pramana ati enggone,
Nabi ADAM munggwing swarga, lamine satus warsa, wohing kuldi kang
tinunggu, Babu Kawa rowangira.

-- 10 --
Kadukan marang Hyang Widi, tinurunaken mring donya, tanpa sandang
sarirane, anuju wulan Mucharam, ing tahun Alip ika, tanah Arab kang jinujug,
amanggih kayu satunggal.

-- 11 --
Den wastani kayu tanjir, dadya sandang salaminya, nulya panggih lan
garwane, cinarita salin jaman, ingaran jaman Karta, nenggih wolung ewu
tahun, dahar sapisan sawulan.

-- 12 --
Samana kalane wiwit, manungsa kena durhaka, kena pati saturute,
sagunging wong darbe manah, duwure randuwara, ora kurang depa satus,
lembu sukune mung tiga.

-- 13 --
Marmanira ana daging, lumrah manungsa kuwasa, nuli salin jaman maneh,
gumanti aran Dupara, alam Nabi samana, lumrah manungsa punika,
mangan ping kalih sawulan.

-- 14 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Gegaman mung tigang warni, panah pedang lawan gada, isih kuwasa
punang wong, kono mari ararasan, wong donya lan wong kerat, randuwana
duwuripun, amung kari satus depa.

-- 15 --
Lembu ingkang nyangga bumi, atinggal kalih sukunya, marmane getih
enggone, limang ewu warsa gantya, anulya salin alam, jaman wali kang
sumuyut, alame wali sadaya.

-- 16 --
Jaman wali kaping kalih, Mukmin Ngamya wastanira, sadasa dina dahare,
de Wali ingkang taksih kas, dahar pindo sawulan, Wali ingkang apes iku,
dahar ping kalih sadina.

-- 17 --
Lembu ingkang nyangga bumi, sukune kantung satunggal, premana neng
kulit gone, duwure kang randuwana, kari salawe depa, keneng duraka wong
iku, paes katemenanira.

-- 18 --
Gagaman mawarni-warni, keris towok lawan tumbak, tigang ewu warsa
maneh, asalin jaman Sengara, alame Mukmin ika, Mukmin Ngam ing
lampahipun, rina wengi amemangan.

-- 19 --
Datan wonten tuwukneki, lumrah wong akekadangan, premanane suket
rondon, duwure kayu wus suda, mung kalih dasa depa, ingkang nyangga
bumi rubuh, sukune sirna sadaya.

-- 20 --
Apan taksih nyangga bumi, gara-gara agung prapta, bumi wus sirna brekate,
suda wiranging pandita, kapundut mring Hyang Sukma, ilang adile Sang
Prabu, wanita keh laden priya.

-- 21 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Kawula lali maring Dusti, Gusti lali mring awula, fakir lali agamane, wong
agung katah kahinan, wong cilik keh dursila, lali bapa lawan guru, ilang sihe
wong kekadang.

-- 22 --
Gegamane amepegi, barang cipta dadi gaman, patine lawan gamane,
wewah kestul lan senjata, mariyem lan kala kunta, lumrah keh wong ambeg
rusuh, akeh wong wedi melarat.

-- 23 --
Sinung ayat sewu warsi, nenggih alame Sengara, nuli sinalin alame, bali
marang Tirta, ratune Waliyullah, satus tahun laminipun, anumpak ari
kiyamat.

-- 24 --
Sasampunira kapanggih, lawase neng alam donya, marang Kang
MurbengUripe, anenggih mung tigang leksa, tri ewu satus warsa, punika
langkung ta ingkang kantun, wus parek ari kiyamat.

-- 25 --
Yen wus prapta satus warsi, mati wiji kang tumitah, warata ing jagad kabeh,
tan wonten tiyang anak-anak, tan wonten jawah niba, wus ginaib mring
Hyang Agung, tan wikan ari kiyamat.

-- 26 --
Wonten crita kang tinulis, tumrap tanah Jawa, aking Arab pinangkane,
gancare ing pulo Jawa, duk taksih dadya wana, peteng alas gung asamun,
ambelasah roning kamal.

PUPUH II
SINOM

-- 01 --
Purwane kang ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana langkung
pringga, isina amung dedemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging
lelembut, kalawan brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan
lawan kemamang.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

-- 02 --
Anenggih kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni, angsal
sasmitaning Sukma, dinawuhan angiseni, manungsa pilo Jawi, anenggih
Sultan ing Ngerum, nimbali patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu
alon denira ngandika.

-- 03 --
Heh Patih Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane ing Pulo Jawa,
apa sira wus udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku, pan isih dadi
wana, Kyana Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang manungsa.

-- 04 --
Rembage para nangkoda, Gusti kang sampu udani, ingkang layar tanah
Jawa, tan wonten ingkang nglangkungi, wartanipun anenggih, ageng-ageng
hardinipun, pilo mujur mangetan, sakilene pulo Bali, Sri Nalendra alon
wijiling wacna.

-- 05 --
Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo
Jawa, dimen pada gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah lumengser
gupuh, samekta lajeng bidal, wong rong leksa somah prapti ing muwana
kamot ingemot baita.

-- 06 --
ing marga datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang rong leksa
somah, pinrenahken pulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta nagari
Ngerum, matur rehning dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra
kalangkung sukeng wardaya.

-- 07 --
Wus kalayan karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma kang samya
tinilar, aneng jroning pulo Jawi, binadog ing dedemit, meh telas pan amung
kantun, sakawan dasa somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk
mring Ngerum Negara.

-- 08 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
5
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Wus prapta Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya konjuk Sri
Narendra, yen janma rong leksa nguni, somah pan namung kari, kawandasa
somahipun, dene prikancanira, binadog para dedemit, duk miyarsa jeng
Sultan ngungun ing driya.

-- 09 --
Puwara renge ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara prapteng
ngarsa, ngandika Sri Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo
Jaweku, sira masanga tumbal kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo
Jawa.

-- 10 --
Wong keling sira angkatna, prenahno ing pulo Jawi, semektowa gagawanya,
nuli angkatna den aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih aja kantun, Sech
Bakir aturira, sandika pamit wot sari, wusnya beber layar dateng tanah Arab.

-- 11 --
Wus prapta ing Keling praja, dawuhaken amundut janmi, rong leksa somah
katahnya, laju layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga datan
wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi
sadaya.

-- 12 --
Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora prahara, teja
lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging lelembut, jin
setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan
kemamang.

-- 13 --
Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa gandarwa mlayu
sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan kawawa
panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih punika
tetuwane brekasakan.

-- 14 --
Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih, dedukuh
wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
6
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang


Semar kagyat denira miyarsa.

-- 15 --
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung demit
kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung
riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang
punang harga.

-- 16 --
Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta ika, Danyang
Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta ing pulo
Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.

-- 17 --
Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi, utusana Sri
Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana
karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang
Semar sumaur ya bener sira.

-- 18 --
Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi kalayatan,
kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang Wiku,
ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa
sangkan.

-- 19 --
Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira nembe tumingal,
dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta ngarsaningsun, Sang
Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa ing
karsanira.

-- 20 --
Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung ana manungsa
sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan Ngerum, ing
mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami kinen
asesawah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
7
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

-- 21 --
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji, sajatine gih
kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak daplak
inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen
Marbabu pucak haldaka.

-- 22 --
Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki, dedukuh ing hardi
Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech Bakir gawok
angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene ta
kaliwat-liwat.

-- 23 --
Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang Semar
saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa
ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang
Hyang Maya inggih kula.

-- 24 --
Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami, Durgulowya
inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko
Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih
kula ingkang paparab Sang Hyang Semar.

-- 25 --
Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken rasa mulya,
tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan kamanipun, anulya
dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare badab kawula.

-- 26 --
Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para danyang sedaya,
tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging lelembut,
inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak manira.

-- 27 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
8
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang ngong tuwa,
dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau
nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak
Praja.

-- 28 --
Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging tenung
taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para
lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan
Ngerum negara.

-- 29 --
Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene tangkar-tumangkar,
reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling nagaranipun,
cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen dika
amalangana.

-- 30 --
Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen karsane Sri
Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo
Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula
tumuta ngadani Jawa.

-- 31 --
Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang Maha Mulya,
lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus taun,
pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.

-- 32 --
Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen wus jangkep
satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing Gilingwesi
Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja
Selaprawata.

-- 33 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
9
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira Sang Nata,
ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi sirnanipun,
wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa Batara.

-- 34 --
Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih Nerendra, titise
Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun sirnanipun, Hyang
Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta lan wanara.

-- 35 --
Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing Pancawati sajuga, titise
Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta ratunipun, Kyahi Togog
sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu Ngalengkadiraja.

-- 36 --
Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung pitung puluh
warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara agung,
ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli sirna.

-- 37 --
Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing, Ngamarta pudak
sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma Kyai iku
besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane karaton
benjang.

-- 38 --
Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada aprang lawan
kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng ratu
besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati
kalawan Bojonegara.

-- 39 --
Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging ta wekas
ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong besuk,
andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya
Nata.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
10
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

-- 40 --
Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane Gakuh nagara
Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun besuk,
nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada
manungsa.

-- 41 --
Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab pinangkanya,
Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk, angaggit sastra
Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing sapungkurira.

PUPUH III
PA N G K U R

-- 01--

Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu malih, sang Prabu
Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning hardi Lawu,
karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.

-- 02 --
Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih, Kauripan
nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli
karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 03 --
Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri, Ngurawan lan
Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk, andika
siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.

-- 04 --
Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik, titising Batara Wisnu,
poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala prajanipun, wasta Panji
Rawisrengga, digdaya prawireng jurit.

-- 05 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
11
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Satus taun nuli sirna, karsaning Hyang nitahaken ratu malih, Pajajaran
kutanipun, pindah saking Jenggala, satus taun sirnane karatonipun, pan
kongsi turun ping tiga, rusake lawan kang siwi.

-- 06 --
Yaiku wekas manira, pan ing kono awora demit malih, mariya amomong
ratu, iku karsaning Sukma, dika kinen awor lawan anak putu, andika dukuha
benjang, sukunira hardi kendil.

-- 07 --
Andika ngaliha aran, Ki Rumadi iku luwih prayogi, Ki Togog dika ing besuk,
Lodaya dukuhana, dika angaliha aran Ki Barjamos, sirnanira Pajajaran,
anulya karsaning Widi.

-- 08 --
Ratu Agung adiningprang, akekuta ing nagri Majapahit, satus taun
sirnanipun, kongsi turun ping lima, rusakira nagri Majapahit besuk, aprang
lawan putranira, nulya karsaning Hyang Widi.

-- 09 --
Nitahaken ratu Demak, akeh sagung para Wali nge Jawi, saking tanah Arab
iku, pra sami amemulang, nglampahaken sarengatting Kanjeng Rasul, wus
sirna jamaning Buda, pra sami agama Suci.

-- 10 --
Angrasuk Aagama Islam, manjing marang agama Kanjeng Nabi, Kraton
Demak sirnanipun, namung sawidak warsa, punjul papat tetepe
etanganipun, nuli karsane Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 11 --
Ing Giring kalawan Pajang, Kalajangga jejuluking Narpati, umure salapan
taun, sirnane kutanira, apan nuli ana karsane Hayang Agung, nitahaken ratu
Mataram, jejuluk Sang Kalasekti.

-- 12 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
12
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit, ratu sekti sudibya
nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung, Senapati
jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.

-- 13 --
Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu limang atus
taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu,
wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.

-- 14 --
Rusake nagri Mataram, pan binedah wong Makasar lan Bugis, Madura
rewang sekutu, lawan putra priyangga, wus alami janji watesaning umur,
nulya karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.

-- 15 --
Kekuta ing Wanakarta, sakulone kuta Pajang winarni, sugih rowang
ratunipun, sirna kratone, laminipun satus tigang dasa taun, tan antara
laminira, ana nangkoda datengi.

-- 16 --
Rusake ing Kartasura, pan binedah dening wong Cina benjing, nulya
karsane Hyang Agung, nitahaken Narendra, angadaton kuloning Mataram
iku, siji sawetaning Pajang, wus jamang Sengara benjing.

-- 17 --
Wong Jawa akeh pitenah, marang pawong mitranira ing benjing, keh
kiyamat mring sadulur, dora-carane katah, lawan suda pemetune bumi
besuk, ilang wirange wanita, keh priya etung pawestri.

-- 18 --
Setan wus awor manungsa, datan kena kinawruhaken becik, ing jaman
Sengara iku, keh anak lali bapa, bapa lali marang anake satuhu, wong mati
tukaran katah, akeh wong kanjingan eblis.

-- 19 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
13
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Lan akeh musibat prapta, bebendune Hyang Sukma andatengi, gunung


muni gumaludug, obah bumi prakempa, lir ginonjing bumi molah gunung
jugrug, sol gempal ladu geng prapta, udan awu lawan pasir.

-- 20 --
Cleret taun angragancang, oban-abir kilat tatit datengi, akeh wong tukar
prang pupuh, akeh mati kobongan, saya lami wuwuh bebendu geng rawuh,
musibate tanah Jawa, arang manungsa kang eling.

-- 21 --
Akeh wong murka angkara, bocah cilik wis pada etung picis, wong agama
saya sengkud, nanging tanpa tatanya, akeh janma pada tinebusan besuk,
wong dagang akeh kang tuna, malah pawitane enting.

-- 22 --
Keh anjamah pada priya, datan marem jamah marang pawestri, akeh wong
kang pada riwut, dursila saya dadra, apa wite kalane wong pada riwut, wong
niyat harja katriwal, wong dursila akeh sugih.

-- 23 --
Akeh wong maido Kitab, keh wong dora gegampang gawe becik, keh lali
marang Hyang Agung, akeh nembah brahala, ana ingkang mangeran
marang lelembut, saweneh mangeran arta, ana mangeran Serani.

-- 24 --
Kang ngadani tanah Jawa, apa maksih Walanda nguwasani, satus taun
laminipun, musibat saya katah, tindak juti dursila saya andarung, nuli
marmaning Hyang Sukma, aparing pitulung yrkti.

-- 25 --
Anitahaken Narendra, duk timure babaran hardi Srandil, maksih tedak
Kanjeng Rasul, ibu darah Mataram, paselongan iya iku wijinipun, angadani
tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil.

-- 26 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
14
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Ratu iku luwih mlarat, datan mawi sangu amung sadremi, mung semende
mring Hyang Agung, tan ana janma wikan, pan kasandang kasampar-
sandung tan weruh, pudak sinumpet punika, timbule kang tunjung putih.

-- 27 --
Mungsuh ngarep ekeh sirna, ingkang pada wani samya mati, tumpes tapis
sirna larut, balane mung sirolah, mung kalabang kalajengking gamanipun,
Kyai niku waspadakna, dika ladenana benjing.

-- 28 --
Bala sagunging lelembat, anjurungi marang Sang Ratu Adil, ana dene
kutanipun, alas bumi Ketangga, pan rineka kedatonira Sang Prabu, Juluk
Sultan Herucokro, enak atine wong cilik.

-- 29 --
Ilang wong kang dora cara, wong dursila ilang pan sirna enting, botoh keh
pada kabutuh, awit adil Sang Nata, akeh ngungsi mring masjid pada asujud,
eling marang kabecikan, pada dadi santri mursid.

-- 30 --
Pajege wong cilik suda, sawah sajung sadinar pajeg neki, winatesan amung
sewu, dadya dahar Narendra, datan mundut langkungane saking sewu, ratu
iku lumuh arta, blaba asih marang dasih.

-- 31 --
Murah sandang murah pangan, keh wong cilik pada suka singgih, iya amung
satus taun, jumeneng adil Nata, sasirnane kuta Katangga puniku, nulya ana
ratu kembar, iya ana kuta benjing.

-- 32 --
Salere hardi Barata, inkang siji kutane iku benjing, ana ing Madura iku,
lamine seket warsa, sasirnane Hyang Sukma nitahaken ratu, kekuta
Waringin rebah, iya amung sekt warsi.

-- 33 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
15
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Waringin rubuh wus sirna, nulya ana ratu gumanti malih, kang sinedya
kutanipun, ana ing Baleberan, mung sawidak taun watesane iku, anulya
wong Prenggi prapta, angratoni tanah Jawi.

-- 34 --
Manungsa Jawa pan katah, den usungi marang nagara Prenggi, sewu sewu
saben taun, mung tigang dasa warsa, nulya Kanjeng Sultan ing Ngerum
atutulung, patih maju sabalnya, anumpes wong nuswa Prenggi.

-- 35 --
Wadya ing Rum yutan wendran, tan petungan layar mring pulo Jawi, ing riku
rame prang pupuh, wong Prenggi lebur lebur sirna, tedakira Sang Nata
Waringin Rubuh, gya jinunjung dadya raja, kekuta nang Majapahit.

-- 36 --
Telung puluh sanga warsa, sampun jangkep watese tanah Jawi, gunung
Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira
gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.

-- 37 --
Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum nagari, reksanen
sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing piweling ulun,
aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.

-- 38 --
Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring jaladri,
Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong
rong leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.

-- 39 --
Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya sor-soraneki, wus
awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut
parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.

-- 40 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
16
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing Kitab mulanipun,
Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu, lalakone pra
Narendra, wates umuring nagari.

------------------------------------------------------------------------------------------------------
------
Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
By alang alang kumitir

80D$kyeQle(^

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
17

You might also like