You are on page 1of 7

Kidung Rumeksa Ing Wengi

(Karyane Kanjeng Sunan Kalijaga)

Ana kidung rumeksa ing wengi


teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna

Sakehing lara pan samya bali


sakeh ngama pan sami mirunda
welas asih pandulune
sakehing braja luput
kadi kapuk tibaning wesi
sakehing wisa tawa
sato galak tutut
kayu aeng lemah sangar
songing landhak guwaning wong lemah miring
myang pakiponing merak

Pagupakaning warak sakalir


nadyan arca myang segara asat
temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma

1
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa

Napasku nabi Ngisa linuwih


Nabi Yakup pamiryarsaning wang
Dawud suwaraku mangke
Nabi Brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman

Sumsumingsun Patimah linuwih


Siti aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal

2
Kidung Rumeksa Ing Wengi
----------------------------

Ana kidung rumekso ing wengi


Teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirno

Sakehing lara pan samya bali


Sakeh ngama pan sami mirunda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning
Wong lemah miring
Myang pakiponing merak

Pagupakaning warak sakalir


Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa

Napasku nabi Ngisa linuwih


Nabi Yakup pamiryarsaningwang
Dawud suwaraku mangke
Nabi brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman

Sumsumingsun Patimah linuwih


Siti aminah bayuning angga

3
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal

Terjemahan dalam bahasa indonesia:

Ada kidung rumekso ing wengi. Yang menjadikan kuat selamat terbebas
dari semua penyakit. Terbebas dari segala petaka. Jin dan setanpun
tidak mau. Segala jenis sihir tidak berani. Apalagi perbuatan jahat.
guna-guna tersingkir. Api menjadi air. Pencuripun menjauh dariku.
Segala bahaya akan lenyap.

Semua penyakit pulang ketempat asalnya. Semua hama menyingkir dengan


pandangan kasih. Semua senjata tidak mengena. Bagaikan kapuk jatuh dibesi.
Segenap racun menjadi tawar. Binatang buas menjadi jinak. Pohon ajaib, tanah
angker, lubang landak, gua orang, tanah miring dan sarang merak.

Kandangnya semua badak. Meski batu dan laut mengering. Pada akhirnya semua
slamat. Sebab badannya selamat dikelilingi oleh bidadari, yang dijaga oleh malaikat,
dan semua rasul dalam lindungan Tuhan. Hatiku Adam dan otakku nabi Sis.
Ucapanku adalah nabi Musa.

Nafasku nabi Isa yang teramat mulia. Nabi Yakup pendenganranku. Nabi Daud
menjadi suaraku. Nabi Ibrahim sebagai nyawaku. Nabi sulaiman
menjadi kesaktianku. Nabi Yusuf menjadi rupaku. Nabi Idris menjadi
rupaku. Ali sebagai kulitku. Abubakar darahku dan Umar dagingku.
Sedangkan Usman sebagai tulangku.

Sumsumku adalah Fatimah yang amat mulia. Siti fatimah sebagai


kekuatan badanku. Nanti nabi Ayub ada didalam ususku. Nabi Nuh
didalam jantungku. Nabi Yunus didalam otakku. Mataku ialah Nabi
Muhamad. Air mukaku rasul dalam lindungan Adam dan Hawa. Maka
lengkaplah semua rasul, yang menjadi satu badan.

- See more at: http://www.indospiritual.com/artikel_kidung-rumekso-ing-wengi-


mantra-karya-sunan-kalijaga.html#sthash.z1XwDpE4.dpuf

4
Derek mangayubagya Tanggap warsa panjenengan, Mugi Gusti berkahi,Nuwun

Hangaturaken sugeng tanggap warsa Kagem Pakdhe Nung..., Mugi - mugi Gusti

Ingkang Kinasih saget nyembadani punopo ingkang dados gegayuhanipun, tansah

pinaringan wilujeng, ayu hayu rahayu.

Nderek ngaturaken sugeng tanggap warso dumateng Pak Dhe Nung. Mugi tansah

pinaringan sehat soho kaberkahan deneng Gusti Allah.

Ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa kagem Pak Dhe Nung........, Mugio

panjenengan pinaringan wilujeng selamet lan lumebering rejeki kaliyan pinaringan

kasihatan dening Ingkang Murbeng Dumadi, Allah SWT.

Ngaturaken sugeng tanggap warsa, mugi tansah pinaringan rahayu, lan barokah

saking Gusti Alloh, amin

Sugeng ambal warsa Pak Dhe Nung..., Mugi tansah kaparingan rahayu, sehat, lan

anjang yuswa ingkang manfaat.. Amiinn...

5
Sugeng Ambal Warsa, Mugi Gusti paring panjang yuswa ingkang barokah, Mugi

Gusti tansah paring bagas kasarasan lan katentreman.

Sugeng ambal warsa kagem Pakdhe Nung....ditebihna ing sambekala, dilambari

bungahing ati ayo dedonga, Mugi tansah pinaringan sih rahmatipun Gusti

Sugeng ambal warso mugi tansah kepanggih ing raharjo. Sehat sejahtera suksess

lahir bathin.

Sugeng ambal warso mugi tansah pinaringan karaharjan.....

Sugeng Tanggap Warsa Dumateng Pakdhe Nung. Mugi Gusti paring panjang

yuswo ingkang barokah, Mugi Gusti tansah midangetaken pandonga (bapak/ibu ),

paring bagas kasarasan lan katentreman.

Sugeng tanggap warsa, mugi tansah binerkahan, kaparingan panjang yuswa, lan

rejeki ingkang murwat.

Sugeng tanggap warsa kagem Pakdhe..., Mugi-mugi tansah pinaringan berkahing

Pengeran

6
Sugeng tanggap warso kagem Pak Dhe Nung..., mugi-mugi tansah pinaringan bagas

waras lan rahayu, tansah slamet kalis ing sambikolo, monggo dipu aturi dahar

bancakaan saking poro widodari khayangan

Sugeng tanggap warso Pakdhe mugio tansah bahagio mulyo

Sugeng tumbuk warsa, mugi tansah pinaringan karahayon saking Gusti Allah

Ingkang Maha Agung.

You might also like