Professional Documents
Culture Documents
Serat Kidungan Kawedar
Serat Kidungan Kawedar
Kaping 01 :
Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten wonten ingkang angrencana :
Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang anggunani sacara dhesti utawi
japa mantra, sedaya mboten saget tumomo. Tiyang ingkang sengit dados tresno,
bangsanipun pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah dateng kita,
Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi punika miturut
wewatoning ngelmi namung kangge sanepa. Dene sejatosipun inggih punika SANG SABDA
KUN (sang guru jati) panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu. Tegesipun :
SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha tuwin ingkang mundhi
anggadhahi ngelmi.
Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken cumadhong dhawuh kados pundhi
ingkang badhe kita lampahi saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad. Dados ing
wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa ingkang sampun dados
Kaping 02 :
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng lajeng
sami wangsul. Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami
sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih. Saupami wonten
ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti lepatipun,
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget
tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang
Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti ingkang sangar
Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah jinangkung
songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak, punika namung
Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung korud dening kama
wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin maningkem. Ingriku punika anggenipun sang
Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud
cahya wening.
Kaping 03 :
Rineksa malaekat,
Sakathahing rasul,
Pangucapku ya Musa.
Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking daya warni-warni kadosto.
- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang sekawan prakawis dados
prakawis anasiring badan kang alus. 1. Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang
sekawan Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3 Banyu, 4 Bumi.
Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun : Sedaya anasir wau namung
kapendhet sarinipun, saking daya panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung
Rineksa malaekat,
Sakathahing rasul,
Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL, menggah raos ingkang
1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan : Rahsaning Sukma. Inggih punika
2. RAOS KADIM, Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika ingkang saget
3. RAOS NJAWI, Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika pucuking driji saget
anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK saget ngraosaken legi gurih GRONO saget
angraosaken wangi tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng, KARNO
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa.
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget dados
1. ATI SANUBARI. Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge angraos-
raosaken.
2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa
ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados
Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika asalipun saking titipanipun
biyung kenging kangge mikir-mikir utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe
kita lampahi sageta katetepan iman eling. Dados makaten punika dipun sanepaaken
BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling, saget dados panutanipun para nabi.
Pangucapku ya Musa,
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih
dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika
dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning ALLAH, lajeng
saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah
kenangan. Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget dipun pitados
Kaping 04 :
Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun saking anasir angina
Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi,
saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten wau
Gusti Alla sarta tansah remen niling-nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun
sanepaaken pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-nilingaken dhateng
Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang papa sangsara jalaran
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi
titipaning Allah.
Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru pangen mendha. Katarik
saking kamursidanipun tuwin swaranipun sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi
jumeneng nata. Pramila dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih
Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi inggih jumeneng nata.
Kagungan kasekten ingkang linangkung inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa
tengenipun, sarta para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing gusti.
sanepaaken kasekten kita. Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten
kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau. Inggih punika bilih kita saget gambuh kalian GAIB.
pangandikaning Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa wahananing
SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun, dados inggih kedah gegandengan
Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun saking titipanipun Bapa.
Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging punika asalipun saking
titipanipun BIYUNG.
Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun saking titipanipun Bapa.
Kaping 05 :
Netraku ya Mukammad,
Panduluku rasul,
Kawedarakensuraosipun makaten :
BIYUNG.
Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.
Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika andhawuhaken jagad badhe
dipun kelem. Pramila dipun sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados
plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih asalipun saking
titipanipun biyung.
Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun saking titipanipun BAPA.
Netraku ya Mukammad,
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten
gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka
awasing paningal.
Panduluku rasul,
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang
cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika
Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni prajanjian dening Allah.utawi
kinucungan ing wewaler. Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya
manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe manggih wilujeng sak
Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau, sampun jangkep praboting
Kaping 06 :
Kinarya sesembur,
Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal, inggih punika gesang ingkang
jumeneng pribadi.
Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang
ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami angsal sawab wilujeng sak lampah-
lampahipun.
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun
sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng
kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon, saestunipun inggih
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang ingkang
ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng
gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging perlu
Kinarya sesembur,
Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken
idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun
kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang sakit ewah,
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati. Dados langkung
perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.
Kaping 07 :
Wacanen ririh,
Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok menawi wonten tiyang ingkang
Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin tiyang ingkang kekathahen
Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat kidungan wau .
Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1, nanging manawi tiyang
Wacanen ririh,
Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan ririh-ririh kemawon,
rambah kaping selawe. Katranganipun : manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati
menika mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap wonten ing
niyate mawon. Sarana angulataken lebet wedaling napas ingkang ngantos angler utawi
kasupen.
Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang kabanda wau saget luar.
Katranganipun : saget dipun luar wau inggih saking saran reko daya , nanging reka daya
punika wau sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget antrenyuhaken
penggalihanipun nagari.
Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan wau, inggih lajeng dipun
sauri dening Allah. Katranganipun : Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang
punika saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah arta
katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta dhateng ingkang nyambut wau,
Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng dados saras.
Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun inggih mawi sarono jampi nanging
Kaping 08 :
wigatosing ngelmi, keparenga methak kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng
ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo ingkang narimo
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah dening
Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng
karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten wau katarik
saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan
nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget wiyar tebanipun kenging kaagem
mitulungi ing karibetan warni-warni wau. Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika,
Iderana galengane,
Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun lestari wilujeng mboten katrajang
ama.
Iderana galengane,
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar, dalunipun
Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun angrisak taneman pantun.
Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang pulukan lajeng kadhahar .
Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos giris sami sirep mboten wanton /
Kaping 10 :
Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda, inggih karsa ingkang linangkung
Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika kita taksih jumeneng ing ngare.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut wewaton ing ngelmi wonten ing
BETAL MUKARAM.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut wewatoning ngelmi BETAL
MAKMUR.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika ingsun. Dene ki Samarti punika TRI
MURTI. Kadadosan saking sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra. Kempal
dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI, inggih punika wujuding ANASIR SEJATI.
Warananipun ingsun.
Ngalih aran ping tiga,
Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos rambah kaping tiga.
ingkan manunggal, kadosta : wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten
ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL MUKADAS ugi santun paraban
malih.
BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek,
kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning
napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang
ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-
angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun.
Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.
BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan iku
pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi,
sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa
iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng
sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat,
wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna
Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA ingkang dipun sanepaaken arta punika
pangretosaning kawicaksanan.
Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL MUKADAS dipun parabi daya ingkang
dipun sanepaaken daya punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika wiji taksih dumunung ing bapa,
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung satunggal
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg jumeneng
wonten ing sitinggilSANG PRABU punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi SRI
NARENDRA punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton. Sesebutan tiga wau inggih
ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN
KUWAJIBANIPUN.
Kaping 11 :
Kawedharakensuraosipun makaten :
Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika asalipun saking daya pakartining sang
Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik satunggal kaliyan satunggalipun dados
sami.
Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang nama B pun B wau anggenipun
mara tamu namung lugu katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking
kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa. Ingkang gadhah griya pun A
Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun dhahar,
dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah pakartinipu A
anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku pamrih. Punika ingkang
dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten wau.
Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun, inggih punika tiyang ingkang
tumindakipun kerep anyaeni dhateng ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak
kautaman) sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan. Dados penggalihipun
Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta karsa tumindak kautaman punika
uwohing pandamel sae wau, ing sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.
Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang kawrat ing sekar angka 1.
Simpenana iki,
dening pangeran. Sarta saget dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami. Tumprap
ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos, inggih
karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-langkung bilih kersa
anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening ngupajiwa, sarta tansah
Kaping 13 :
Tursinihan pangerane,
Dadya ngumbareku,
mangsa.
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten kerep kalegan.
Tursinihan pangerane,
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang kanggenipun ing kala
mangsa. Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing pangeran.
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring ngelmi ( asal wijining
manungsa).
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun, jumenengipun hyang Pramana
Dadya ngumbareku,
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana wonten ing
Bental Mukaram. Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat saking
palenggahan.
satunggal. Saget mahanani kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda sarta inggih karsa ingkang
linangkung.
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging kawastanan sesekaring jampi
Kaping 14 :
Ing wasananipun,
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani rahsa.. inggih punika rahsaning
suksma.
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan ingkang gaib-gaib. Wondene benjing
manawi pejah, rahsa punika dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi tumut boten pisah.
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge gesang donya tuwin ing akir.
Ing wasananipun,
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi (sejatining
ingsun).
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang katingal.
Kaping 15 :
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing raos kaweningan punika mesthi
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten perlu dipun pitulungi dening cahya.
punika wujudipun satunggal saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga, tuwin pangeraning raga.
Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng katitisaken, ugi dereng anggadhahi
paraban, amargi taksih nunggil kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang
pribadi.
lantaraning wiji. Bapa saweg anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.
Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning biyung ingsun wau kenging
dipun wastani SANG YHANG JATI, sang ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.
Kaping 16 :
Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika tumprapipun gesang ing akir dados wisa.
Mangkya amartani,
Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika gesangipun
dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang makaten
punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi kerem.
Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal Makmur asmanipun santun sang
campuhing kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating ngelmi latu punika erah.Dene
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani, madi, maningkem, rahsa
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung (wadah bebayi) dunungipun
wonten ing tengah-tengah antawisipun Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng
wadhag bayi.
Kaping 17 :
Katranganipun Suksma.
Katranganipun Angen-angen.
Katranganipun angen-angen.
Katranganipun angen-angen.
Katranganipun angen-angen.
Kaping 18 :
Wawono katiyub,
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi dhateng kaleresan kedah sampun
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang anggayuh dhateng katentreman kedah
sanget.
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose anasir bumi mahanani raga.
Wawono katiyub,
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah punika manawi angsal pitulunganing
roh ilapi. Lajeng sami sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos ingkang wening punika saget ameca
Katranganipun : angen-angen.
Kaping 19 :
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi prabotipun sekawan inggih punika :
Kaping 20 :
awujud cahya wening kawastanan NUKAD GAIB; Tegesipun : wiji ingkang taksih samar.
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-golongan, inggih punika : sipating
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya nukad gaib, lajeng sami katarik
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten manungsa ingkang sumerep.
namung pangertosan.
Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir sejati wau kataman soroting
cahyo nukad gaib, lajeng mahanani sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun mboten sanes inggih namung
ingsun.
Kaping 21 :
Sandhi-candhi sagara.
kenging dipun saranani ngakal tuwin nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika
Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh gagasan sakedhik kemawon.
Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad agung ginulung ing jagad alit.
Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggih ugi ngertos dhateng lampahing
mangesthi (muja semedi) wonten ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing
kaalusanipun.
Sandhi-candhi sagara.
Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam : pancabaya ingkang isi wewujudanipun
Kaping 22 :
Ing kuasanipun,
Kapurba wasesa.
Kawedharaken katranganipun :
Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun sang arta daya (guru jati) boten
Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika sadaya, kapurba dening sang guru
jati. Dados paguaosipun sang guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .
Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun aged dumugi ing ngayunanipun guru
Ing kuasanipun,
Katranganipun : tekatipun mboten ela-elu, sarta mboten gugon tuhon : nanging sampun gadhah
Kapurba wasesa.
Katranganipun : dados tumindaking tiyang wau, anggening badhe lumampah ngetan, ngaler, ngilen,
ngidul , mandhap tuwin manginggil, naming nuruti sakkarsanipun piyambak. Nanging karsanipun
wau sampun dados paugeran ingkang leres, inggih punika wewaton dhawuhing sang guru jati.
Kaping 23 :
Tegesipun : menggah daya pigunanipun ; bumi, redi, seganten, lepen tuwin sedaya isen-isening
bawana.
Katranganipun : sedaya para titah wau wontenipun saget anggadhahi daya katarik saking
Katranganipun : kedah gegandhengan saget anyirep sekathahing suwanten sarana nutupi babahan
hawa sanga punika sedaya ugi saking daya panguasosipun Sang Guru Jati.
Tegesipun : tuwin ugi saget dados sarono panulaking supados mboten wonten paprangan .
Tegesipun : manawi ngleresi kekesahan sinten ingkang kepethuk sami rumaos ering utawi welas.
Tegesipun : upami ingkang kepethuk wau sato galak inggih lajeng sumingkir tiyambak. Jim peri
Kaping 24 :
Mendhak asih sakehing drubiksa,
Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih piyambak punapa malih sakathahing
dubriksa, sami mendhak piyambak utawi rumaos welas, dados malah reumeksa sak rinten
dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama ing badan kita. Ingkang ngarah
amrih pejah kita sadaya sampun dipun lebur dening pangeran. Sak kathahing tiyang ingkang
semedya mandamel awon,sedaya ugi kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari,
Kaping 25 :
Dadi sasedyanira,
Mangunah linuhung,
Jroning ngati,
Tegesipun : Ingkang kadunungan daya kados makaten punika kinging kawastanan guruning para
guru.
Tegesipun : Amargi saget mangertos tuwin saget nindakaken trapipun muja semedi.
Dadi sasedyanira,
Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi punika mboten badhe nguja
pramesthiyanipun.
Mangunah linuhung,
Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami inggih punika anggening tetulung
dhateng sesami mboten amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi sarehning sampun
Katranganipun : sepisan, tiyang wau dedasaring penggalih tegan utawi iklas dhateng kadonyanipun.
Kaping kalih, penggalihipun jujur tuwin tulus , mila ngantos paraban hyang Tega Lana.
Jroning ngati,
Tegesipun : Tiyang ingkang Aggadhahi ngelmi ingkang makaten wau manawi tekadipun saget
tumemen ingsalaminipun.
Kaping 26 :
Rineksa malaekate,
Marang awakingsun,
Katranganipun : tiyang ingkang gadhah ngelmi wau salebetipun anenggani tiyang sakit kanthi
amatrapaken semedi.
Tegesipun : Anggadhahi daya ejim setan lajeng boten purun ngambah ing griku.
Rineksa malaekate,
Tegesipun : Nabi Wali punika minangka sanepaning prabot kita piyambak, dados sedaya prabot kita
Katranganipun : Katarik tiyang ingkang saget gambuh dhateng Gaib wau, ing wusana saget gampil
angsal jampinipun.
Marang awakingsun,
Katranganipun : saking agenging dayanipun Gaib saget keneringan sagunging titah wusana saget
Kaping 27 :
Ana kidung angidung ing wengi,
katurutaken lampahing napas ingkang malebet, tuwin medal saking grono ingkang ajeg.
Tegesipun : Sasampunipun tumindak makaten wau ing saben dalu manawi kangge ngabdi.
Tegesipun : menawi kesah utawi ngabdi bendoro gething dados asih utawi manawi kapethuk sato
Kaping 28 :
Sakathahing upas tawa sami,
Tumekeng napi,
Pangreksaning malekat.
Tegesipun sadaya upas upasan ingkang angengenani ing sariro sami tawar.
Tegesipun sesakiting sariro tumunten saras kados ing wingi uni malih.
Tegesipun : amargi sampun dipun tulak utawi sampun mawi pager mila sesakitipun lajeng wangsul
Katranganipun : Tiyang ingkang gadhah ngelmi punika kenging kawastanan sariranipun sampun
dipun pageri. Mila sinten ingkang sumedya ngawoni lajeng wangsul wonten ing margi.
Tegesipun : upami dipun tuju duduk dening sanes ugi mboten saget dumugi nanging malah wangsul
Tegesipun : upami wonten tiyang ingkang nanduaken ngelmunipun sikir (sulap) lajeng mboten
Tumekeng napi,
Tegesipun : sedaya tiyang ingkang ngangge ngelmi ngadam makdum, kadosta donga, puji, raos
pangraos, tuwin ingkang ngempalaken ciptanipun, sedaya wau lajeng mboten paja-paja mangertos
Pangreksaning malekat.
Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding pangreksanipun malaekat (pagering
badan).
Kaping 29 :
Ngijrail punika,
Tegesipun : kejawi kaparingan daya saking panguaosanipun sang guru Jati malaikat Jabarail ugi
Ngijrail punika,
Tegesipun : tuwin mikail ingkang paring sandhang tedha sarta saget andhatengaken punapa ing
karsanipun.
Kaping 30 :
Pangeretenga julriyal,
Tegesipun : Ya, punika Muhammad, HU,: punika urip,Datyeng Punika Allah. Dados sarananipun
Katranganipun : salat daim. Nanging manawi tumprap ing Kalijagan, mawi dipun tambahi Ya.
Tegesipun : Anggening muji shalat Daim wau, kanthi angawasaken pucuking grana, sarta
Tegesipun : Malaekat Kirun, manggen ing bolongan grana ingkang sisih tengen.
Tegesipun : dene Wana Kirun ingkang rumeksa ing bolongan grana sisih kiwa. Kanthi amundhi gada
tosan katranganipu : godo tosan punika ing sejatosipun namung awujud daya.
Tegesipun : Panguaosing wana kirun wau, anulak pandamel ingkang sumedya ngawoni.
Pangeretenga julriyal,
Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan lampahing nupus, inggih punika
Katranganipun : Ingkang dipun sanepaaken ander-ander punika Githok. Dados malebeting angin ing
grana manawi sampun dumugi ing tenggok lajeng kaputera manginggil anjogipun dhateng ing netra
Kaping 31 :
Katranganipun : Anedhahaken palenggahan ing ngaras kursi utawi Bental Makmur. Dados perlu
Katranganipun : Ingkang anggadhahi panguaos ageng wau lenggahipun wonten salebeting jantung.
Katranganipun : Rencana ingkang dumunung ing nginggil ingging menika ubaling panca driya.
Ingkang aran wesi ngalarik,
Tegesipun : Anggadhahi daya dipun luluti sagunging tumuwuh padha welas asih.
Kaping 32 :
Tegesipun : inggih punika satru tuwin mengsah sami mundur rumaos ajrih.
Tegesipun : Punapa malih manawi kita anjumenengaken wonten ing bental mikadas.
Tegesipun : Ugi rumeksa anulak dhateng satru tuwin mengsah wau sami wangsul piyambak.
Katranganipun : Ingkang katembungaken nabi punika sanepanipun prabot kita piyambak inggih
manungsa.
Katranganipun : Anedhahaken agenging panguaosipun sang sabda kun saget angrampungi ing
dame inggih punika saget amardeng titah namung sarana sabda kemawon.
Kaping 33 :
Angadhangi mungsuh,
Tegesipun : Ingkang makaten punika ibarate ngelmi anedhahaken dumadosing anasir sejati. Inggih
Tegesipun : Anasir wau namung kapendhet sarinipun kemawon, dados boten katingal wujudipun
Angadhangi mungsuh,
Tegesipun : tumpraping sesakit ingkang tumuju dhateng sariro sami sumingkir tebih.
Tegesipun : Sanajan dipun gunani ing japa mantra tuwin kenging wisa, inggih mboten saget
tumama.
Kaping 34 :
Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah pager gunung sewu. Sinten
ingkang mirsani dhateng kita katingal murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya, sarta linepataken
saking ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki (bangsaning brekasakan). Sami minger andhelik
ing panggenanipun piyambak-piyambak. Namung Sri Sadana (lampahing sandhang tedha) ingkang
sih lulut menggah ingkang mekaten punika tegesipun : namung sih rahmatullah inggih rahmat jati.
Punika ingkang sejatosipun ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab SANG JATI MULYA.
Kaping 35 :
Inggih punika dipun wastani Rara Subangsih (samading Pangeran) sinten ingkang mirsani sami asih
Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.
Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados tresna.
Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang sipat Rahman (langgeng).
Sinten ingkang kepengin kadunungan daya ingkang makaten wau, sarananipun anglampahi methak.
Kaping 36 :
gajah ingkang saweg ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing ngajeng. Rajane
Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan tresna.
Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin hantu bumi sami lumajeng sipat
kuping.
Kaping 37 :
Tumprap ingkang anggadhahi ngelmi wau, sanadyan mboten kaesthi, ugi sampun anggadhahi daya
tawa sakaliring upas, racun trawang sedaya sami sirna wisanipun. Ing wusana saget kalis dhateng
Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng sami angleyang dhawah ing siti. Tuwin
Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten dumugi, tuwin tumprap setan, tenung
Kaping 38 :
Warnanipun sekawan,
Sikile wawolu,
Kulite iku sarengat,
Ototipun hakekat.
Katranganipun : Ingsun wau gesangipun saged murakabi ing jagad sak isinipun sadaya.
Warnanipun sekawan,
Sikile wawolu,
Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis ingih punika : Cahya :1. cemeng,2.
Ototipun hakekat,
Kaping 39 :
Amperune amarah,
Mutmainah jantung,
Amperune amarah.
Katranganipun :
Mutmainah jantung.
Katranganipun :
Katranganipun :
Katranganipun : Manungsa punika anggadhahi roh 4 perkawis inggih punika : 1. Roh Jasmani, 2. Roh
Kaping 40 :
Katranganipun : Manikipun manik kumala inggih punika jumenengipun sang guru jati.
Katranganipun : Ingkang jumeneng wonten ing netra punika cahya Nur Muhammad.
Karma kalihipun,
Katranganipun : Uluwiyah punika papan wiyar ingkang padhang, ingkang jumeneng kawastanan
ingsun.
Kaping 41 :
Nganakaken sakciptane,
Anekaaken sedya,
Ing kawasanipun,
Adhi ari-ari,
Kang mayungi ing laku kawasaneki,
Anekaaken pangarah.
Wonten puji tumprap dhateng sedherek kita piyambak. Menggah kuawajibanipun amomong
dhateng gesang kita. Inggih punika ingkang saget angawontenipun sacipta kita.
Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita. Anggadhahi panguaos saget
andhatengaken ing karsanipun. Adhi ari-ari punika kuaosipun angayomi ing salampah-lampah kita,
Kaping 42 :
Andadeaken kersane,
Puser kawasanipun,
Kawasani reku,
Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten dalunipun angrerencangi
andadosaken punapa ingkang sakersanipun. Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing sak solah
bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita. Sampun jangkep panguasanipun sedherek kita
sekawan. Jangkepipun gangsal dumunung ing pancer sampun dados satunggal kempal kaliyan
wujud kita.
Kaping 43 :
Sakawan kadangingsun,
Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng sedinten saking ing marga ina
(Baga). Wondene ingkang mboten medal ing marga ina piyambakipun dados makdum sarpin.
Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados rencang, dhateng pundi purug kita
mboten pisah.
Kaping 44 :
Ulam-ulamanipun,
Sawungkuse punika.
Kaping 45 :
Loro saponthangipun,
Donganira Mahmud,
Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun piyambak wau, manawi ngleresi
dinten tingalanipun, mugi damel kawilujengan, memetri utawi amemule sekul golong gangsal jodho
dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-ulamipun, ulam loh ingkang
wedalan : Tasik, lepen,tuwin bengawan. Sarta mawi sekar gantal kalih supit dipun wungkusi dados
gangsal. Ing sawungkusipun dipun sukani arta sabribil, lajeng katumpangaken ing takir pontang
wau. Tuwin malih dipun sukani sekar cempaka. Mugi sami dipun lampahono ageng sawabipun.
Kaping 46 :
Sasedyanira wurung,
Akarepira wigar,
Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujengan wau, sedherek gangsal lajeng
angrencana.
Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan pikiranipun lajeng ura
mboten kanten-kantenan. Ing wusana punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa
Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirang temenipun dating
piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb dhateng lampah, nanging kedah kanthi
Alang-alang kumitir.