You are on page 1of 2

Dewi Srenggana-Srenggini Nyimpen Ilmu Sejatining Lanang-Wadon

Dewi Srenggana dan Dewi Srenggini iku anake kembar Resi Badawanganala ing pertapan Sumur
Upas lan sisihane sing jenenge Dewi Srunggagini. Ing jagad pedhalangan putri loro kembar iki sinebut
Dewi Srengganawati lan Dewi Srengginiwati. Dewi Srengganawati dhaup lan Naluka, nurunake Dewi
Sritanjung. Dewi Srengginiwati dhaup lan Sahadewa, nurunake Bambang Widapaksa utawa Sidapaksa.
Ing lakon Dhaupe Nakula Sahadewa dicritakake saka kawitan malih rumape Bathari Durga dadi Dewi
Kunti.
Bathari Durga sing njilma wujud Dewi Kunti iku banjur andon wasis lan andon ilmu bab
sejatining lanang, sejatining wadon kalawan Sahadewa. Sawise dibabar kabeh, Dewi Kunti daden-daden
iku banjur njaluk saresmi kalawan Sahadewa. Ananging Sahadewa nampik pepenginane Dewi Kunti
daden-daden iku amarga kelingan yen Dewi Kunti iku ibune. Dewi Kunti daden-daden tetep meksa
pengin saresmi kalawan Sahadewa, ananging Sahadewa milih mlayu ninggalake. Dewi Kunti daden-
daden banjur nyuwek sandhangane lan wadul marang Werkudara.
Bima dadi lan nesune nalika weruh kaanane Dewi Kunti (daden-daden iku). Luwih-luwih sawise
ngerti yen suweke sandhangane iku amarga pokale Sahadewa. Tanpa suka kalodhangan tumrap
Sahadewa kanggo njlentrehake apa sing kedaden satemene, Bima banjur ngajar Sahadewa sakkatoge.
Sahadewa uga banjur diguwang ing Sumur Upas engga nemahi pati. Sawijining dina, Dewi Srenggana
dan Dewi Srenggini ngimpi dadi sisihane ragile Pandhawa, yaiku si kembar Nakula dan Sahadewa.
Sahadewa sing ditemokake mati banjur diuripake maneh dening Resi Badawanganala.
Sawise takon tinakokan kalawan Sahadewa, Resi Badawanganala banjur nemokake Sahadewa
kalawan anake wadon. Sahadewa arep dijodhokake kalawan salah sijine anake kembar iku. Putri
kembar anake Badawanganala ora kabotan waton Sahadewa bisa napsirake ilmu sejatining lanang,
sejatining wadon. Wusana Sahadewa kasil ndhudhah lan napsirake ilmu kasebut. Putri loro kembar iku
dening Resi Badawanganala banjur dipasrahake marang Sahadewa, sabanjure diboyong tumuju Amarta
utawa Amerta.
Satekane ing Endraprasta, Sahadewa lan Nakula bisa males tumindake Dewi Kunti daden-daden
lumantar pitulungane Semar. Dewi Kunti banjur badar maneh ing wujud sakawit, yaiku Bathari Durga.
Bathari Durga banjur sumingkir tumuju Krendayana ing pasetran Ganda Umayi utawa Gandamayit.
Wusana, Dewi Srenggana utawa Srengganawati dhaup lan Nakula, dene Dewi Srenggini utawa
Srengginiwati tetep dadi sisihane Sahadewa.

You might also like