You are on page 1of 4

RESENSI NOVEL SANG PANGERAN PATI

Identitas Novel :
Penulis : Fitri Gunawan
Penerbit : Q Publisher
Tahun Terbit : 2013
Tebal : 203 halaman
ISBN : 978-802-14227-0-0
Dimensi : 18 x 13 cm
Jenis Kertas : Kertas Buram

Sinopsis
Novel kanthi judul SANG PANGERAN PATI dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken
lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran
utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus
pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro
dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang
dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo.
Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe
Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto
Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang
biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya
sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut
pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek
kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo
duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe
Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak
culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di
paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik
batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga
keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa
marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang
kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam
marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo
masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri
Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek
perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu
enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih
amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku
gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono
manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah
sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo
Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo
kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/
pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga
pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak
walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi
gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo
wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku
Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit
budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih
yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type
kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani
banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing
kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di
penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni
Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo
mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang
wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur
deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang
entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo
uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo
Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo
Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.

Unsur Intrinsik Novel


Tema : Kejujuran lan Kesetiaan
Latar Belakang :
Novel Sang Pangeran Pati iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik kang
gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah kanggo bahasa sing bis
agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki adhidasar saka masalah umum sosial
lan masalah katresnanan kang di padu dadi siji. Wong urip iku ora mung ngandelake kakuasaan
lan jabatan nanging uga kudu mikirake rasane wong liya terutama bawahan. Wong urip kuwi kudu
duweni sifat welas asih marang wong liya lan kudu andap asor anggone njaluk pitulung marang
wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa utawa pemimpin kang ora bisa andhap
asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh Suryo. Konflik sing di gawe ana ing novel iki
kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik. Konflike di dadekake bahan kanggo ngembangake isi
novel,nanging masalah katresnan antar tokoh ora di gambarake cetha marang penulis.
Iku kabeh sing gawe novel Sang Pangeran Pati katon nyata konflik masalah utamane lan
bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga ora akeh masalah tresnane.
Waktu :
Pagi ( sugeng enjang Mas Suryo )
Siang ( Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan)
Sore (selamat sore Pak Suryo)
Malam (wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk kudu wis di pasarna)
Suasana :
Duka, Sedih, Seneng, Haru
Alur : Maju
Gaya Bahasa : Bahasa Jawa Modern
Amanat : Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu
duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta
perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni
suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika.
Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan
lan kudu tegas karo keputusan akhir.
Penokohan :
Suryo Baskoro : pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem kalah,temen.
Sri Wahyuni : setia,sregep,tlaten,temen.
Basuki : sregep,nrimanan,andap asor,sopan.
Rudi Hamonangan : pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.
Aryo Guritno : licik,drengki.
Mardanu : licik, drengki, pinter.
Wibisono : eman,andap asor,setia.
Surtikanthi : setia,andap asor,welas asih,pinter.
Suryawati Suminar : manut,amanat,setia.
Broto Kusumo : tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo wong liya.
Wisnu Kusumo : manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih.
Sudut Pandang : orang ketiga serba tahu
Prihastuti Kusumo : welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan.
Kelebihan Novel
Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik nganggo
bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur roman kang di tulis dening
penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di tampa dening
kabeh kalangan. Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter
anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan gawe penasaran
endinge kaya apa.
Kelemahan Novel
Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg
sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah ngapak
anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane gawe bosen pembaca
amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-rampung.
Saran atau Manfaat Novel
Saran
Saran kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe bosen
lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum supayane bisa di
cerna karo beda dialeg.

You might also like