You are on page 1of 3

Tugas Bahasa Jawa

Nama Anggota :1. Hanifah Resti Mufidati (17)


2. Nurrochmah Setyo Putri (26)

Kelas IXG
Mitoni iku asal saka tembung pitu (7). Upacara adat iki
dianakak wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.
Ancas kanggo keslametan calon bayi lan ibun utawa kanggo
sing sipat tolak bala. Ing dharah tartamtu, upacara iki uga
diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing
sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan
umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan
sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara
mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-
urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung
ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan,
brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara
siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji.
Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa
dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni
iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku
siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain
calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan
nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan
benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog
lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak
mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina
sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi
utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun
wulan 'purnamasidhi'.

You might also like