You are on page 1of 13

asusun Dening : 1.

Khusnul Khotimah
2. Prisma Velatiani
3. Adela Pangestiti
4. Vira Alvionita
Tema : Busana Tradisional

BLANGKON

Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagaw saka bahan
kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatin wujud modhrn lan praktis saka iket. Ing
busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha
blangkon dianggo minangka pasangan karo
busana beskap.
Ing pikiranne para mudha jaman saiki,
nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke
tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak
liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake
budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe
gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi
budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-
mudi. Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki. Ana sawetara
jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:
1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trps).
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburin blangkon, makili modhl
rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhl trps, iku wujud sing
umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya
Yogyakarta, amarga akh-akh priya saiki arambut cendhak. Modhl trps iki digaw
kanthi njait langsung mondholan ing bagan mburi blangkon. Saliyan saka suku Jawa ,
ana uga sawetara suku sing migunakak panutup sirah sajinis blangkon nanging bda
wujud, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalan.
Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung diweruhi
wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung
dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara.
encana angin puting beliung ngrusak desa loro ing Kecamatan Mojoanyar,
Kabupaten Mojokerto. Angin puting beliung ngrubuhake gudhang
prodhuksi loro lan ngrusak sakehing omahe warga.

Rusak sing paling nemen ditandhang dening gudhang prodhuksi loro duweke Sri
Mulyani lan Gendut Winarko ing Dhusun Kangkungan, Desa Lengkong, Kecamatan
Mojokerto. Bangunan lora kasebut rata karo lemah sawise ditabrak angin puting beliung
disa Selasa (28/3) surup. Ora mung iku wae, angin puting beliung uga ngrusak omahe
warga ing Desa Lengkong lan Kepuhanyar kehe 32. Omahe warga telu ing antarane
nandhang rusak nemen. Sawatara omah liyane nandhang rusak ing perangan payone.
Sri Mulyani, sing duwe gudhang prodhuksi jamur ngandhakake, udakara jam 17.00
WIB, udan deres banget disartane angin banter nabrak gudhange sing nalika iku lagi
dijaga karyawan. Bengine, dheweke nembe nyumurupi yen bangunan ambane 8 X 45
meter iku ambruk rata karo lemah.
Payone kabeh ambruk, mangkono uga kapapate tembok iringan banguane. Sesuke
nembe bisa ngresiki jugrugan bangunan, ujare Sri Mulyani, sajak cuwa banget.
Akibat saka bencana iki, Sri Mulyani kandha nandhang kapitunan udakara Rp 300
yuta. Bangunan sing rubuh kasebut, tambahe, nembe dibangun watara setaun
kepungkur. Ora mung iku, Sri Mulyani uga nandhang kapitunan ewon log jamur sing
ana ing njero gudhang nandhang rusak jalaran kambrukan gedhong. Mung kari
sawatara wae sing bisa dislametake. Yen diperdi karo log jamur sing rusak, kapitunan
kasebut luwih saka Rp 300 yuta. Apamane sawise iki, panggonan iki wis ora bisa digu-
nakake maneh, pisambate.
Engga tulisan iki diketik, Sri Mulyani kandha durung ditekani petugas saka Badan
Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Mojokerto. Upaya mindhakake
barang dileksanakake bebarengan karo warga sarta karyawane. Mangkono karo omahe
warga liyane sing nandhang rusak, ora nampa bantuwan kanggo mbecikake saka
pemerintah daerah. Durung ana sing teka. Warga uga ndandani omahe dhewe klawan
gotong-royong, tandhese.
Kahanan kang padha uga dirasakake dening Gendut Winarko. Bengkel lan gu-dhang
wesi duweke sing dohe 100 meter saka gudhange Sri Mulyani iku uga rubuh rata karo
lemah. Bangunan ambane 10 X 40 meter iki rubuh uga merga ditabrak angin puting
beliung.
Aku ora bisa ngitung pira kapitunanku sing trep. Saiki aku lagi nylemetake barang-
barang sing kambrukan gedhong, ujare Gendut Winarko.
Ora mung bangunan loro kasebut sing dadi kurbane angin puting beliung. Puluhan
omahe warga ing Dhusun Kangkungan uga nandhang rusak. Cinathet omah sing rusak
nemen engga rubuh perangan omahe ana telung omah. Salah sijine dialami dening
Misti. Perangan ngarep omahe ambruk ditabrak anging puting beliung. Kabeh payon
terase ambruk. Bangunan ruwang tamune uga katut rusak, kandhane Misti karo ngan-

dhakake omahe tanggane loro uga nandhang nasib kang padha.


Sawatara iku ing Desa Kepuhanyar, puting beliung nabrak puluhan omah lan warung.
Larikan warung ing Jalan Raya Kepuhanyar nandhang rusak nemen. Wendy, salah siji
sing duwe warung ngandhakake, nalika kedadeyan, dheweke dalah sawatara anggota
kulawargane lagi ana ing njero warung. Rahayune, kabeh keluwargane slamet. Bareng
krungu ana swara angin banter, aku kabeh sakala metu ngomah, ujare Wendy, kang
ndadekake omahe iku minangka warung lan toko klonthong.
Akehe bencana alam ing Kabupaten Mojokerto ora dibarengi klawan kerja serius saka
BPBD. Malah, BPBD kerep luput nganakake pemetaan bencana. Kasus puting beliung
ing Kecamatan Mojoanyar iki uga luput saka pangwasane BPBD. Ora ana omah sing
ketaman akibat. Mung wit-witan wae lan wis diprantasi Pusdalops Penanggulangan
Bencana, kandhane Kabid Kedaruratan dan Operasional BPBD Kabupaten Mojokerto
Untung Mulyono nalika dijaluki katrangane mentas iki, sajak entheng.

Joged Ledhek Gambyong Suguhan Kanggo Para Tamu


Agung
WIWIT jaman biyen mula, joged ledhek Gambyong mujudake seni adiluhung kang
kanggo suguhan para tamu agung. Wektu iku joged Gambyong identik karo tledhek
utawa sindir (njoged lan nembang). Wektu jaman kamardikan, joged mau digelar utawa
tanggapan kanggo peresmian utawa kanggo nyambut para wisatawan. Kejaba iku joget
Gambyong saploke mlebu kraton, dadi pasugatan Jumenengan Ratu utawa Raja.
Umume ledhek Gambyong nduweni kharisma lincah, genit lan gawe sengsem,
saengga kewibawaan tari Gambyong bisa mapanake jati dhirine kang vulgar. Emane
para masyarakat akeh sing padha nyaruwe sing tansah mojokake utawa ngasorake
martabat kaum wanita. Ing jaman kawuri ing kraton Kasunanan lan Mangkunegaran
joget Gambyong, minangka suguhan istimewa tumrap tumenggung lan priyagung.
Malah kepara crita mau saya dibangetake, yaiku para tamu agung kanthi sesidheman
ngajak kencan karo ledhek Gambyong lan tembunge ledhek, Aku seneng adus dhuwit.

Babad Sala, Cobolang, lan Serat Centhini


Jroning buku Babad Sala anggitane RM. Sayid ngandharake, kawitan Gambyong iku
sawijining tledhek barangan rikala jaman Paku Buwono IX. Wektu iku ledhek barangan
(Gambyong) racake nduweni postur awak kang weweg mencutake, rupane ayu kinyis-
kinyis, pakulitane kuning nemu giring tur isih prawan. Kepinterane anggone njoged
tansah alelewa, gandhes luwes merak ati, sedhel-sedhela mbalang esem. Kanggone
Pepatih Dalem tumekane nayata praja, lumebere tumeka para abdi dalem padha
kesengsem. Luwih maneh nyumurupi jogede alus lumer kang gawe ati dadi
dhegdhegpyur lan trataban, mahanani pangembate praja padha ora eling.
Manut Serat Centhini katulis joget Gambyong dikenal ing masyarakat, wiwit jaman
Paku Buwono IV nganti Paku Buwono V. lire joged Gambyong jroning Babad Sala
anggone nlusuri mung satleraman, rikala wektu iku pusarane praja diasta PB IX. Beda
maneh pethikan saka serat Cobolang, anggone ngonceki joged Gambyong kanthi cetha.
Sejatine Gambyong iku dudu ledhek, nanging jenis joget tumrap kaum wanita (hawa),
kang diarani Bedaya Srimpi lan Bedaya Golek. Dene Bedaya Srimpi nggambarake
jogede wanita sing anteng, nanging ngandhut prebawa. Semono uga joget Golek katon
lincah, tregal-tregel utawa mbocahi. Mula ora barang aneh yen ta joged Gambyong
mau entuk sempyokan kanthi logat joged Srimpi lan joget Golek.
T
Anggambyong

Yen ndulu solah bawane kang lincah lan nggawa rasa seneng, pranyata wektu
jaman VOC utawa Kompeni Landa dimanfaatake kanggo ngrusak moral rakyat. Suprihe
seni Gambyong kang adiluhung mau dirusak lan dirangkul masyarakat kareben padha
lali marang martabat jogede. Babagan iki uga dikuwatake dening Budayawan Clifford
Geertz kang ngandharake, joged Gambyong identik karo wanita geleman. Kejaba penari
Gambyong gelem nampa saweran (upah), dheweke uga gelem diajak plesiran, kanthi
tembung Kanthi dhuwit aku bisa urip, mangkono tulisane Clifford Geertz.
Semono uga tulisan Dr. Van Kolletz kang judhule Pragmatists and Visionaries to
Gambyong dancer, kang ngandharake, ing taun 1899, joged mau nuwuhake birai
utawa sengsem lan urip subur ing sentra-sentra perkebunan. Malah kepara ledhek
mau dikontrak dening pabrik gula nganti rampung. Ing pangajab para buruh ora bisa
mulih, wektu tebang tebu kang njalari padha krasan. Pungkasane rampung tebang
tebu para buruh bisa mulih kanthi nampa dhuwit (upah) kari separo, amarga dhuwite
wis mlebu kembene tledhek Gambyong. Tekan ngomah padha gegeran lan tangisan.
Nintingi tulisane Dra. Putri Saraswati, MPd (dosen) Universitas Wijaya Kusuma
Surabaya nelakake, joged Gambyong meh padha karo joged Bondan. Jaman ndhisik
penarine mlebu metu karang padesan lan kena diarani njajah praja milang kori, saperlu
golek boga (pangan). Marga kecepit kanggo golek kebutuhan, nganti direwangi mawa
adegan panas, betheke kulawargane bisa mangan. Jroning Serat Centini pengalaman
penari (tledhek) barangan kang jenenge Sri Madu, anggone mbarang direwangi muter-
muter desa, mubeng kutha utawa blusukan mburu upa. Kepara direwangi ngijolake
slendhang lan adol kembene (tutup dhadha) kanggo tuku sega.
Jroning Anggambyong, tulisane saka Serat Centhini, Munyer payung ingube-ngi
mingkis-mingkis sinjang, kempol cingklok akelaban, anggonjang wijangipun, oyeg
payudaranipun, angincang alis nerutus, kang kesangkut lir ingira, samya angrik surak
barung sarwi nglungken darbekipun jarwane payung diubengan muter-muter,
tungkak diangkat cepet sinambi narik jarite, kempol lan cingklok katon kumelap,
bebarengan obahing awak katon oyeg payudarane, alis diangkat munggah ora kendhat
lan mbalang lirikan, binarung karo nguncalake dhuwit.

Sumpah Ledhek Waranggono

Ing saben ngrungokake tembung Ledhek utawa Sindhen muncul crita lawas
kang ngandhut gairah lan pul (penayub padha ngrubung ledheke kanthi njaluk sun).
maneka warna jeneng kang aweh panglipur mau kaya ta Gambyong (Sala), Ronggeng
saka Banyumas, Manis Cirebon, Gandrung Banyuwangi lan Ledhek Waranggono
Nganjuk. Miturut Kasi Depdiknas Nganjuk Drs. Suwondo wektu ditemoni wartawan
Panjebar Semangat ngandharake, kesenian tradhisional Ledhek Tayub ing wilayah
Nganjuk diarani Langen Beksa, sing maune mawa jeneng Ledhek utawa Sindir. Kanthi
tampile joged Langen Beksa saiki kahanane dadi bregas sarta nduweni kepribadian
nasional. Kanggo mromosekake jeneng mau, kasisipake kaya dene tata tertib, kanggo
ngilangi citra buruk kang wis kebacut ngremehake martabat para wanita. Dene
penayub saiki diatur dening pramugari.
Kiprahe Pramugari nduweni panguwasa ngatur lumakune tayuban. Pramugari
nduweni hak ngatur yen ledhek waranggono ora kena sesenggolan karo para penayub.
Sing sapa nyimpang saka paugeran mau, Pramugari bisa nyingkirake penayub saka
arena joget. Penayub entuk ngombe bir, nanging iku wae diwatesi mung telung
clegukan lan bisa ngibing karo ledheke tanpa saru siku babar blas.
Aturan Tayub ing Nganjuk iki digawe bebarengan antarane Depdinas lan Polres, ing
sasi Mei 1986 kepungkur, nganti carane nganggo busana (penganggon). Dene kostum
Sang Pramugari kudu nganggo kejawen jangkep, kanthi mapanake srempang
Pareanom, tuture Drs. Suwondo marang wartawan Panjebar Semangat.

Ditambahake dening Suwondo, gendhing kang ngiringi Ledhek Waranggono


kudu trep karo kahanan Langen Beksa. Kango ucapan Selamat Datang ditabuh
pangkur telu, saengga joget Langen Beksa bisa katindakake ledhek ayu-ayu rupane.
Peraturan Tayub Langen Beksa ing Nganjuk, ledheke kudu menganggo sandhangan
kejawen lan brukut (kaya macak keras) sarta disawang nengsemake. Nuli ledhek
Langen Beksa wiwit njoget ngatonake keluwesane, ora antara suwe disambut Sang
Pramugari kanthi nyengkelit keris. Uga ana Pramugari kang nggawa beri isi campur
tumuju marang para pejabat kang kepingin njoget bebarengan karo ledheke. Rampung
para pejabat lan pemuka masyarakat, nuli katerusake para penayub kang wis kemecer
ngiler. Dene gendhing-gendhing sing disuguhake kanthi alunan kreasi anyar kayata
Jaranan, Kembang Waru, Jaipongan, Orek-Orek, Randha Nunut, Kasmaran lan akeh
maneh liyane.
Budaya tayub masa kini, terus ngrembaka ing tengahe masyarakat umume. Apa
maneh jamane nembus Globalisasi kaya saiki, penari ledhek Gambyong terus
ditampilake, kanggo nyugata para wisatawan manca. Para turis asing, sing padha
menikmati suguhan ledhek Gambyong, diarah sadurunge mlebu ing obyek wisata.
Kasusun Dening : 1. Khusnul Khotimah
2. Prisma Velatiani
3. Adela Pangestiti
4. Vira Alvionita
Tema : Bencana Alam

TANGISE PONOROGO, DUKANE INDONESIA


Ponorogo, Senin 3 Apri 2017

Bencana tanah longsor sing kedadean ing Desa Banaran Kecamatan Pulung
Kabupaten Ponorogo ora mung nimbulake korban jiwa tapi yo akeh banget barang-
barang duwekane warga sing ketut ke gusur lemah. Welasan wong digowo nek
puskesmas. Welasan uwong iku mau ngalami luka akibat keblekan reruntuhane
bangunan omah lan wit-witan sing podho rubuh lan uga watu. Sak titike ana 23 omahe
warga sing kegusur lemahliane welasan korban sing digawa ing pukesmas. Ana 16
warga liane sing tatune luwih parah, amarga padha nggoleki sanak kadhange sing
ketimbun lemah longsor. Lemah longsor iku mau kedadiane kurang luwih sekitar jam
09.30 WIB.
Data awan mau ana 16 warga sing tatu nemen lan digawa ing rumah sakit.
Ujare Kanit Turjawali Polres Ponorogo Ipda Agus Saiful Bahri marang salah sawijine
reporter tv sing lagi ngliput bencana tanah longsor ing Ponorogo iku mau.
Ipda Agus ngendika menawa melu tim terjunne ing lokasi. Ipda Agus nerangake
menawa udan deres sempet ngguyur Desa Banaran, ndadine ngganggu proses
anggone karo Tim SAR nggoleki korban sing isih ketimbun lemah. Petugas gabungan
saka TNI, POLRI, BPBD uga Tim SAR liyane dikerahane anggone nggoleki korban.
Hasil pengamatan saka pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi
Nasional (PVMBG) nuturne menawa bukit sing disulap dadi ladang jahe dadi salah
sijine penyebab longsor ing Desa Banaran. Meh kabeh bukit sekitar lokasi bencana ini
dadi panggonan nandur jahe. Desa Banaran sing mbiyene asri lan seger saiki dadi
hamparan lemah sing marakake banyu mata. Ora mung warga banaran sing duka tapi
kabeh warga Indonesia ngrasakake penderitaanne warga Desa Banaran sing ora mung
kelangan omah, sepeda lan barang-barang berharga liane tapi sanak saudarane sing
ninggal amarga ketimbun lemah.
Jaga Toleransi, Jangan Semena-mena terhadap Orang Lain

Dalam kehidupan sehari-hari, banyak sekali kita temukan masyarakat yang


mudah marah dan semena-mena kepada orang lain. Mereka merasa dirinya paling
benar, dan secara sepihak menyatakan orang lain salah. Padahal, Indonesia merupakan
negara dengan penduduk muslim terbesar di dunia. Sudah semestinya Indonesia
menjadi negara yang damai, indah dan beradab.
Belakangan, banyak sekali kita temukan ujaran kebencian. Anak-anak bisa
saling membenci teman sekolahnya. Para pekerja saling membenci atasannya.
Pendukung paslon bisa saling membenci paslon yang lain. Ujaran kebencian begitu
masif terjadi hampir di semua lini masyarakat. Sadarkah jika ujaran kebencian ini
merupakan bibit dari intoleransi? Jika hal ini dibiarkan, akan bisa semakin menguat
menjadi radikal, dan pada tahap ekstrim bisa berubah menjadi terorisme. Pada
prakteknya, masyarakat yang sudah terpapar intoleransi dan radikalisme, bisa
sewenang-wenang kepada orang lain.
Bayangkan, jika umat muslim yang mayoritas ini tidak saling bermusuhan satu
sama lain, tapi saling mengajarkan agama Islam yang rahmatan lil alamin, tentu akan
damai negeri ini. Apalagi jika toleransi yang merupakan karakter bangsa ini tetap
dijalankan, kerukunan antar umat beragama akan terwujud. Tidak ada lagi kekerasan
yang mengatasnamakan agama. Dan tidak ada lagi saling hujat menghujat dengan
membawa sentiman SARA.
Mari kita saling berbenah dan introspeksi diri kita masing-masing. Mari kita
sudah pertengkaran sesama saudara sendiri. Ingat, meski kita bersuku-suku dari
Sabang sampai Merauke, kita tinggal di bumi yang sama dan negara yang sama. Kita
juga mempunyai hak dan kewajiban yang sama sebagai warga negara. Sudah
semestinya kita saling menjaga, saling mengingatkan antar sesama. Agar negara
kesatuan republik Indonesia, tetap menjadi negara yang berdaulat, dan bebas dari bibit
radikalisme yang bisa memecah belah persatuan dan kesatuan.
Jika dalam perhelatan pemilihan kepala daerah kemarin, kita saling hujat satu
sama lain, waktunya untuk saling memaafkan. Semua orang harus menerima dan
memberikan dukungan penuh kepada pemimpin terpilih. Perbedaan janganlah dijadikan
dasar untuk mencari permasalahan orang lain. Mari kita maknai perbedaan sebagai
anugerah yang diberikan Tuhan kepada kita semua. Jika kita bisa hidup berdampingan
dalam keberagaman dan tidak semena-mena, tentu keindahan di negeri yang toleran ini
bisa kita wujudkan bersama. Dan jika kita bisa mewujudkan semua itu, secara tidak
langsung kita telah memberikan contoh kepada generasi mendatang. Generasi
berikutnya harus diberi contoh yang baik, dan diselamatkan dari provokasi propaganda
radikalisme, yang terus masif terjadi hingga saat ini.
Kasusun Dening : 1. Acik Nurrohim
2. Lela Meilena
3. Mohammad Ardino Hamsah
4. Reno Kurniawan
Kelas : MIPA 3

Matine Zoya Kang Tragis

Kisah warga desa Jati, dhukuh Cikarang Kutha, Cikarang Elor, Kabupaten
Bekaso, sing jenengen Muhammad Al Zahra alias Zoya (30 th) sing dikeroyok lan
kaobong urui-urip merga dituduh maling siji unit amplifier neng Mushola Al Hidayah,
dhukuh Urip Jaya, kecamatan Babelan, dina selasa udhar 1 Agustus 2017, jam 16.30
WIB, isih dadi gatekan publik. Pasale bojone Siti Zubaidah iki diduga salah sasaran.
Kepolisian Resort Metro Bekasi, Komisaris Gedhe Asep Adi Saputra ngomong
kasus dugaan malingan iku pertamakali kawruh marbot lan pengelola mushola. Polisi
wis mriksa kapindho saksi lan liyane terkait kasus iku. Ujar Asep marang wartawan.
Ana ing pemeriksaan kapindho saksi ngaku wis deleng obah gerike Zoya ket
pertamakali teko menyang Mushola. Wis dibangeti ket ketekane. Wong iku teka
nggunakake motor lan nyata bener nggawa amplifier saakehe loro buah ana neng
motore. Pengelola mushola
banjur menyang mushola
banjur mengecek amplifier
lan jebule wis raib saka
enggone.
Sementara saksi sing
liya, nuli teka lan ndelok
amplifier sing ana neng
mushala kuwi ora ana
maneh. Banjur dhweke ngumber wong kang diduga pamayu iki. Marbot lan pengurus
mushola nyurigai lek sing jupuk amplifier mau Zoya. Sak wise digoleki lan akhire
ketemu saksi tambah curiga merga pas ditakoni Zoya malah mlayu.
Ketemu karo si wong sing dicurigai pamayu iki, ndeweke trus takon. Saka
ngendi olehmu amplifier iki ? Pamayu iki mlayu ninggalne motor. Merga mlayu markbot
iki terus mbengok ....Ono maling... ono maling. Warga sekitar sing ngerteni kejadian iki
terus nguber marang Zoya. Kecekel trus ono salah sijine wong kang golek bensin lan
langsung nyiramne nang awake Zoya. Mergo kesiram bensin Zoya langsung kobong
lan dadi patine.

Sak wise kejadian iki polisi ngamanke barang motor sing digawe Zoya lan
barang bukti liyane arupa Amplifier loro kang dideleh tas nang dhuwur sepeda motor.
Sakwise didalami polisi banjur nahan wong kang dicurigai ngobong Zoya. Amarga ora
oleh main hakim dhewe. Negara iki negara hukum dadine ora oleh mergo curigai wong
maling trus langsung ngukum wong iku. Kabeh kudu diselesai nang panggonan kang
bener lan samestine ngono ngendikane Gedhe Asep Adi Saputra.
Teka kejadian iki kudu dijupuk hikmahe, lek durung ngerti kang nyatane awake
ora oleh langsung nuduh lan main hakim dhewe. Kabeh kudu diselekne marang jalur
sakmestine. Lek ono kejadian ngono iku tugase awake ngamane trus nyerahne marang
pihak sing berwajib. Ben iso diselidiki kejadian satenane. Dadi iso weruh kejadian sak
nyatane. Merga lek wis ngene iki malih dadi ora jelas kabeh. Zoya ora jelas maling opo
dudu merga wis ninggal ora bisa ditakoni. Semana uga keluargane sing ditinggal mesti
ora trimo merga Zoya langsung dihakimi massa.
Dimas Kanjeng Taat Pribadi Divonis Ukuman Kunjara 18 Taun

Ponis kunjara 18 taun sing ditibakake Pengadilan Negeri Kraksaan, Kabupaten


Probolinggo, Jawa Timur marang Dimas Kanjeng Taat Pribadi, klebu entheng. Priya
sing ngaku saguh nikelake dhuwit sacara gaib iku dinyatakake kabukten minangka
utege kasus rajapati marang wong loro sing nate nganut dheweke. Yaiku Abdul Ghani
lan Ismail Hidayah.

Ukuman iku ndadekake para penganute sing setya padha gela, malah ana sing dibelani
nganti nangis barang. Para penganute sajak isih percaya banget yen Taat Pribadi
mujudake pawongan pimpinan mesisan guru agung sing prasaja, jujur istiqomah lan
prasaja.

Nganti saiki, aku isih percaya Taat Pribadi iku wonge sekti lan pinter. Aku percaya
dheweke nduweni kewasisan kanggo nikakake dhuwit, kandhane Hj Asmiati (51),
nalika dipethuki wartawan ing Pengadilan Negeri Kraksaan, Selasa (1/8).

Mungguhing Asmiati, Taat Pribadi mujudake bapak sing ora ana tandhingane. Dheweke
nyebutake Taat Pribadi minangka utusane Tuhan sing nyebarake kabecikan.

Dheweke banjur njupuk dhuwit asing sagebog sing jare saka pawewehe Taat Pribadi.
Dhuwit asing iku asale saka sakehing negara, antara liya Venezuela, Kamboja, Korea
Utara, Argentina, Turki, Vietnam, lan Iran.

Yen aku ora diwenehi sing minulya (undang-undangane Taat Pribadi), aku ora nate
bisa antuk dhuwit negara asing iku. Aku uga ora nate bisa lunga menyang manca,
kandhane Asmiati sajak percaya banget.

Kejaba dhuwit, Asmiati kandha nate diwenehi berlian lan mas-masan sing dienggo
nganti saiki. Dheweke kandha berlian lan mas-masan iku regane larang banget.

Nate daktawakake menyang toko berlian utawa kolektor berlian. Dakcoba nakokake
regane, wow pranyata hebat banget. Ana berlianku sing ditawa nganti Rp 35 yuta. Ora
dakdol, daksimpen nganti saiki, jlentrehe.

Manut kandhane, Taat Pribadi tansah dundum barang utawa dhuwit sabubare
istighosah. Saben sasi tansah ana istighosah. Ateges saben sesasi sepisan, Taat Pri-
badi mraktekake anggone nekakake dhuwit lan berlian ing ngarepe para penganute.
Aku kabeh tansah diwenehi kok. Taat Pribadi kuwi wonge loma, aku dikongkon njupuk
sakarepe. Bebas arep njupuk dhuwit, berlian, utawa apa wae sing ditekakake Taat
Pribadi, ujare.

Sawise vonis ditibakake, ana saperangan penganute Taat Pribadi sing nangis lan sajak
susah banget. Yul, sawijining wong sing nganut Taat Pribadi ngaku kuciwa marang
putusane hakim jalaran kadakwa ora samesthine diukum kunjara 18 taun.

Aku kabeh ngeman banget. Aku wis ngajap sing minulya bisa kumpul maneh karo aku
kabeh ing padhepokan. Bebasake sing minulyaku iku, kandhane Yul.

Dheweke nyebutake Taat Pribadi dudu wong sing mateni. Manut dheweke, Taat Pribadi
minangka pawongan kang becik, minangka panutan, sopan lan sabar. Sing minulya iku
wong apik lho. Satemene aku mesakake, sing minulya kudu berjuwang saka fitnah iki.
Aku kabeh gela banget merga asile sidhang iki, kandhane wanita saka Bengkulu
kasebut.
Padha bandhinge

Rasa gela iku uga dirasakake Malik, priya sing wis rong taun manggon ing Pa-
depokan Dimas Kanjeng Taat Pribadi iku uga ngrasakake bab kang padha. Dheweke
kandha wis kangen karo Taat Pribadi.

Aku kangen karo amalan lan wulangan sing diwenehake kang minulya. Geneya Pak
Hakim ora gelem menehi putusan bebas wae. Kang minulya (Taat Pribadi) iku ora
salah, ujare priya saka Kediri, Jawa Timur, sing ngaku nate diwenehi berlian iki.

Para penganute tansah dhadha-dhadha nalika Taat Pribadi digawa menyang mobil
tahanan kejaksaan. Aku kabeh tresna marang kang minulya. Aja di-kriminalisasi
guruku iku. Sing minulya iku ora luput. Apa sing bener kudu dikandhakake bebenere,
aja sing bener disalahake kaya ngono kuwi, kandhane penganut liyane, M Taufiq.

Majelis hakim kang ditetuwani Basuki Wiyono nibakake ukuman luwih entheng
tinimbang tuntutan jaksa penuntut umum. Jaksa ngajokake tuntutan pidana ukuman
salawase urip.

Kadakwa (Taat Pribadi) kanthi sah lan ngyakinake kabukten mrentahake rajapati kang
wis direncanakake marang kurban, kandhane ketua majelis hakim. Jaksa
ngandhakake bakal ngajokake bandhing menyang Pengadilan Tinggi Jawa Timur
jalaran nganggep putusane hakim iku kenthengen.

Dene Taat Pribadi uga langsung nyatakake bandhing sawise nganakake pirembugan
karo penasihat hukume. Aku kabeh ngarepake klienku bebas merga saksine wong
papat sadurunge ora ana sing ngemot kesangkute klienku ing kasus rajapati kasebut,
kandhane M Sholeh, penasihat hukume Taat Pribadi.

Protes

Bengok banter ngumandhang ing njero ruwang sidhang Pengadilan Negeri Kraksaan,
sawise majelis hakim nibakake ponis kunjara 18 taun marang Dimas Kanjeng Taat
Pribadi.

Pambengokan iku diwetokake Bibi Rasenjam, sisihane Ismail Hidayah, kurban rajapati
Taat Pribadi. Kanggone aku ora adil, mateni wong loro mung diukum 18 taun,
kandhane.

Dheweke kandha kuciwa banget marang putusan kasebut. Dheweke nyebutake hukum
ora mihak marang wong sing bener, nanging mihak marang wong sing duwe dhuwit. Iki
wong loro lho sing dadi kurban rajapati. Nyawa loro mung diukum kunjara 18 taun,
tandhese.

Dheweke ngandhakake, Taat Pribadi kuwi mujudake penjahat kelas kakap. Manut
dheweke, Taat Pribadi nindakake kejahatan loro yaiku ngapusi lan mateni. Saka
ngendi wong iku (Taat Pribadi) bisa sugih mblegedhu, ya merga ngapusi. Ewon uwong
diapusi kanggo ngolehake dhuwit. Bojoku iku kurban kejahatane. Aku kuciwa marang
pengadilan iki, ujare.
Saking gelane, Bibi kandha kepengin mateni Taat Pribadi. Yen mateni mung antuk
ukuman 18 taun, luwih becik aku wae sing mateni Taat Pribadi. Dakwalesake matine
bojoku, tandhese.

Bibi klakon antuk sungiran saka para penganute Taat Pribadi. Para penganute ngece
Bibi.

Mesthi wae kahanan iku ndadekake dheweke nesu banget. Rahayune Bibi ana
bebarengan karo kanca-kancane. Nalika arep nekani penganute Taat Pribadi sing
ngece dheweke, tangane Bibi langsung dicandhak kanca-kancane mau.

Aku arep ngadhep majelis hakim, aku arep protes, kandhane getem-getem. Upayane
Bibi methuki majelis hakim ora kasil.

Majelis hakim langsung ninggalake ruwang Pengadilan Negeri Kraksaan sabubare


sidhang. Bab iku ndadekake Bibi tambah jengkel. Ora kuwagang ngempet nesune,
akhire Bibi mung bisa nangis.

Ora mung iku wae, dheweke uga bali mbengok maneh. Dheweke nyritakake kepriye
wengise rajapati sing dialami bojone.

Dikandhakake, nalika iku bojone arep lunga menyang masjid saperlu shalat, sawise iku
diculik wong-wong kongkonane Dimas Kanjeng. Kurang jahat apa, bojoku iku arep
ibadah, lah kok diculik lan dipateni. Temen wengis banget tumindake iku, tandhese.

Ora kepengin Bibi saya ketaton, kanca-kancane ngajak ninggalake ruwang pengadilan.
Dheweke ninggalake panggonan iku migunakake mobil Suzuki Ertiga putih.

Lemes

Dimas Kanjeng Taat Pribadi langsung lemes nalika majelis hakim nibakake ukuman
kunjara 18 taun. Praupane owah 180 derajat dibandhingake nalika dheweke lagi teka
ing Pengadilan Negeri Kraksaan.

Nalika teka ing pengadilan, Taat Pribadi katon sumringah. Nanging sawise vonis
diwacakake praupane Taat Pribadi malih dadi pucet. Dheweke sajak wis ora grapyak
maneh karo para pengikute sing setya nunggu lan ngeloni lakune sidhang.

Nalika digawa metu saka ruwang sidhang, Taat Pribadi katon ora duwe semangat.
Disapa makaping-kaping dening penganute, Taat Pribadi ora nanggapi. Kamangka,
adate Taat Pribadi katon blak-blakan karo penganute. Dheweke kerep aruh-aruh utawa
nyalami para penganute sadurunge utawa sawise nindakake sidhang. Dipethuki
sabubare sidhang, Taat Pribadi kandha kaget. Dheweke nyebutake yen dheweke ora
pantes diukum kunjara 18 taun.

Taat Pribadi kandha ora salah ing perkara iki. Kuciwa sih iya, nanging arep kepriye
maneh. Minangka warga negara sing becik, aku kudu nampa lan ngormati putusane
hakim iki,kandhane.

Taat Pribadi ngaku bakal tumindak. Dheweke wis nganakake koordinasi karo
penasehat hukume lan sarujuk arep ngajokake bandhing.

Sadurunge sidhang, Taat percaya banget bakal diponis bebas murni. Yakin kok,
nanging mengko dideleng dhisik asile kaya apa. Yen aku percaya ora salah lan ora nate
kesangkud urusan rajapati, kandhane.
Taat Pribadi uga kober crita sadurunge budhal menyang pengadilan dheweke klakon
mangan sega pecel sapiring. Dheweke ngajap, sega pecel iku dadi pambuka
pepesthene. Nanging, pranyata hakim duwe panemu liya.

M Sholeh, penasehat hukume Taat Pribadi, nyebutake yen majelis hakim rangu-rangu
anggone nibakake ukuman. Yen ora rangu-rangu menehake ponis, hakim bisa milih
rong pilihan yaiku putusan slaras karo tuntutane jaksa penunutut umum (ukuman
salawase urip) utawa kunjara 20 taun, kandhane Sholeh.

Manut kandhane, putusan kunjara 18 taun iku mbingungake. Iki mertanggung banget.
Ora salawase urip, lan ora 20 taun, malah 18 taun. Aneh, aku sujana hakim iki wedi lan
rangu-rangu, tandhese Sholeh.

You might also like