Professional Documents
Culture Documents
Bhs Jawa Drama
Bhs Jawa Drama
Setengah pitu enjing, Ajun dereng cecawis bidhal sekolah. Ajun lenggah wonten ing teras
sinambi dolanan HP. Kancanipun dugi ngampiri bidhal sekolah.
Bayu : Ayo, Jun, menyang sekolah. Welah, kok kowe ki raup wae durung to?
Ajun : Emeng banget aku ki, mumpung bapak ibuku tindakan, tak mbolos wae ya, le sekolah.
Bayu : Mbolos piye?! Yo ora ngono to. Sinau kuwi penting lho, Jun.
Ajun : Rapopo, pisan-pisan rasah sekolah. Sinau ki rak yo ora kudu ning sekolahan to?
Bayu : Pisan-pisan rasah sekolah, lha iki ki wes ora pisan-pisan maneh, Jun. Sasi iki we le mu
mbolos wes entuk 3 dina je. Sakjane kowe kuwi niat ora ta?
Ajun : Niat, lur, tur saiki lagi ora niat. (malah cengengesan)
Bayu : Ealah, sekolah ora sekolah yo karepmu, Jun. (sinambi mlaku lunga)
Bayu lajeng menyang sekolahan. Ajun taksih tetep lenggah ing ngajeng griya.
Ajun : Ayo.
Candra : Yo.
Wonten mergi, Ajun lan Candra meh nabrak tiyang nyade tahu.
Darti : Sliramu cah loro iki, wis padha lulus SMA ta?
Candra : Hehe, dereng, bu. Kula lan kanca kula niki taksih kelas 10.
Darti : Saiki rak dudu dina Minggu ta? Kok malah padha arep dolan?
Candra : Sinau niku mboten kedah wonten sekolah, inggih ta, bu?
Darti : Bocah sekolah kuwi yo kudu sekolah, kudu sinau, supayane gegayuhanmu kuwi bisa
kawujud.
Ajun : Yo, Can, lunga wae, malah ngapa ta, awak dhewe omong-omongan ning kene. (nggeret
Candra lunga banjur nglajengaken mlampah.)
Wonten ing sekolahan, Bu Eni lan Bu Narti nimbali Bayu, nyuwun pirsa sebabipun Ajun mboten
mlampah sekolah.
Bu Eni : Bayu, ndeneya le.
Bu Narti : Kancamu kae lho, Ajun, kok dina iki ora menyang meneh ki ana apa ta?
Bayu : Nyuwun pangapunten, bu, kula nggih bingung, Ajun punika mboten purun kula jak
bareng bidhal sekolah.
Bu Eni : Njuk saiki ning endi bocahe? Wis ngerti sekolah iku kuwajiban, malah nyepelekake.
Ajun : Sik sik, weh, hooh, guruku. Waduh, ayo lunga wae.
Bu Eni : Ajun, gurune arep mara dhayoh, malah arep kok tinggal?
Ajun : Hehe, nyuwun pangapunten, bu. Monggo lenggah, bu. Menawi rawuh mriki, wonten
punapa nggih?
Bu Eni : Kowe kuwi, mau ning endi? Ora menyang sekolah, malah dolan?
Bu Narti : Ora menyang ki oleh, tapi duwe alesan jelas. Misale, kowe lara apa ijin ana acara sik
ora bisa koktinggalake.
Ajun : Kula piyambakan wonten griya, bu. Bapak ibu kula saweg wonten ing Semarang.
Bu Narti : Saka rong sasi kepungkur, kowe kuwi wis ping 5 alpha.
Bu Eni : Yen sekolah we jeleh, mbolosan, kowe kuwi arep dadi apa sesuk?
Bu Narti : Ya bener yen wong tuwamu kuwi sugih, nanging ora oleh kowe kuwi ngandelake
kasugihane wong tuwamu. Uripmu sesok ki ana ning tanganmu dewe.
Bu Eni : Kowe kuwi sakjane pinter, lho, Jun, ananging mbok ya sing sregep, ta.
Candra : Hooh lho, Jun. Mbok kowe kuwi sekolah sing sregep.
Darti : Nggih, mangga, dhik. Lho, lho, lho, adhike niki rak sek wau nika meh nabrak kula, ta?
Bu Eni : Ajun, sinau iku wigati banget. Wigatose pendidikan kuwi ibarat jantunge manungsa.
Yen wong kuwi jantunge wes ora fungsi, yo bakal mati. Yen kowe kuwi ora ngendahake
pendidikan, kowe kuwi ora bakal dadi wong sing migunani tumrap sasama.
Bu Narti : Sinau kuwi dudu dinggo guru, sekolah, apa wong tuwamu, ananging ya dinggo
awakmu dhewe. Kepriye kowe sinau, nemtokake kepriye uripmu sesuk.
Darti : Sarujuk kula. Le, aja dadi kaya aku. Aku mbiyen ki nek kon sekolah, mbuh-mbuhan.
Yen wayah esuk mesthi ngepluk. Yen awan ya mung turu. Aku mbiyen ki ngeyel pol. Dadi,
tuwane aku ora bisa oleh gawean. Ora ana sik gelem nampa aku, ya ngene iki, akhire mung dadi
wong dodol tahu.
Darti : Laris kepriye, payu we mung sok-sok. Kerep le ora entek daganganku ki, mulane aja
dadi kaya aku, mundhak uripmu susah.
Saksampunipun bubar sedaya, Ajun mlebet kamar, tilem. Ajun ngimpi dados tiyang nyade tahu,
uripipun susah.
Enjingipun, ...
Bayu : Ha mbok ya, kowe ki ngrumangsani ket wingi. Lha iya, ilmu kuwi penting. Awak dhewe
kuwi butuh ilmu, mulane kudu sinau. Sinau ora kudu ning sekolahan, nanging luwih mantep yen
awak dhewe kuwi sekolah. Sekolah kuwi rak papan kanggo golek ilmu ta?
Ajun : Iya, iya, ngerti aku saiki. Aku ki ora gelem uripku sesuk susah.
Kamangka, Ajun mbatin, Aku ora gelem yen dadi wong dodol tahu sik ora tau payu. Yowis lah,
tak sekolah.
TAMAT