You are on page 1of 1

Assalamualaikum. Wr.Wb.

Para juri ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang bagya mulya.

Ingkang sepisan sumangga panjenengan dalasan kula sesarengan ngonjukkaken puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung awit paringipun sih nugraha anjalari
panjenengan sedaya dalasan kula saged makempal wonten ing aula SMA N 1 ANDONG punika.
Sholawat saha salam mugi katur dhumateng Nabi Muhammad SAW, sumambrah dhateng
kaluwarganipun, para sahabat, saha para pendherekipun.

Kula minangka sulihipun para siswa kelas XII IPS 3 badhe ngaturaken sesorah babagan
Memetri Basa Jawa Salebeting Pawiyatan

Para sederek ingkang kinurmatan,

Basa Jawa minangka basa ingkang ruwed amargi gadhah diksi utawi pilihan tingkat adhedhasar.
Kanthi maneka warninipun tembung lan tingkatan, basa menika mucalaken dhumateng kita aji
kaluhuran lan kasopanan ingkang boten dipun nggladhi basa liya ing donya. Kalebu basa
nasional Indonesia. Ananging luwih ngrembaka lan majunipun pendidikan lan gesang ing
masyarakat, Basa Jawa sak menika boten dipun dadosaken minangka basa saben dinten. Basa
Jawa dipun dadosaken simbol utawi pralambang ing kalodangan lan wanci tartamtu.

Mapel Bahasa Jawa kirang diajeni utawi dipun amargi namung minangka piwucal muatan lokal
(mulok) ing kurikulum SD, SLTP, lan SLTA. Nilai Bahasa Jawa ing rapor dipun anggep boten
tumut nemtokaken unggah-unggahan ing ujian kang pungkasan boten tumut nemtokaken
kalulusan murid. Wonten siswa ingkang nganggep piwucal Basa Jawa minangka piwucal
wuwuhan lan boten prelu dipun wucal. Kasunyatan menika mrihatinken sanget, kita gesang ing
siti Jawa nanging boten ngertos budaya lan warisan luhur eyang moyang kita. Mulane, minangka
ing pawiyatan menengah pelajaran Basa Jawa dipuntrapkaken. Negara manca mawon seneng
nggladhi Basa Jawa, nanging punapa negara piyambak kadosipun boten purun nggladhi. Para
lare jaman sak menika namung dipun kenalaken basa manca, nalika gesang lan netep ing siti
Jawa.

Panutuping atur, mempelajari bahasa Jawa memang perlu perhatian khusus terutama dalam
praktiknya. Kanthi nglestarekaken Basa Jawa samesthine para kadhang mudha tetep gadah etika
lan prilaku ingkang luhur lan santun. Mulane kedah dipun dhukung sedaya pihak utamanipun
kaluwarga utawi guru. Saengga ampun ngantos wonten pengklaiman Basa Jawa dening negara
liya. Mekaten ugi, anggen kula matur, mbok bilih wonten tembung, basa tuwin paramasastra
ingkang mboten ndadosaken renaming penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing
sih pangaksama.

Wassalamualaikum.Wr.Wb.

You might also like