You are on page 1of 3

Kembang Desa

Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang
nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani
paklike ingkang sampun krama luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika
dereng gadhah momongan. Amargi Pasuryanipun Heni ingkang ayunipun ngedap-
ngedapi, awakipun ingkang resik, lan seneng sesrawungan dadosaken piyambakipun
dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun punika lan boten kesupen kula ugi
sami ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken
bingung amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi
adhi kula Tono punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul
menawi badhe siram serasan. Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur amargi
mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu Minah ingkang asma Yanto punika boten
doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan Heru ingkang sansaya katah
madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika kesandung jeglug
utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados
omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan
ruwet uwet-uwetan. Sanadjan ing mriku kula inggih angsal pawarta menawi
sesampunipun panen, Heru badhe nglamar Heninanging boten dadosaken kuciwaning
kula marang Heni. Kula taksih boten saget nampi menawi Heni dipunwicantenaken
kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun
dados wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing
piyambakipun muntah-muntah. Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal
dhateng ing griyanipun Lik Wakijo, nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula
mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun ingkang ngaken Heni supados
sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang kula menawi Heni
punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados wirangipun
tiyang sepuh.

Unsur Intrinsik
1. Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi
saking cariyos punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi
salah satunggalipun tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang
kathah.

2. Tokoh lan Penokohan

No. Tokoh Penokohan


Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah,
1. Heni pinter Srawung ananging boten purun
ngrampungi prekawis.
2. Lik Wakijo Petani dusun ingkang ramah lan jujur.
Adhine Agus igkang seneng geguyon lan
3. Tono
nggodani Agus.
Lare enem ingkang boten purun ngalah,
4. Gito
asifat wuyung lan seneng ndhagel.
Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan,
5. Agus wedinan, lan boten nate nyariosaken
prekawisipun marang tiyang sanes.
6. Lik Siti Seneng takon ananging boten mudengan.
7. Mbah Waginah Seneng takon
8. Mbok De Parti Seneng sambat lan anyel.
9. Sardi Nglinduran.
10. Lik Sumi Gawe ger-geran
Larenipun Yu Minah ingkang boten purun
11. Yanto madhange amargi amargi kelingan kalih
lirikanipun Heni.
12. Yu Minah Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
13. Lek Tumirah Ibune Gito, melasan.
14. Ibuku (Agus) Melu anyel
Putune mbah Wagimah ingkang sansaya
15. Heru kathah madhange ngantos boten ngumani
adhine.

3. Alur
Ing cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal
dumugi pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang
dadosaken sedaya priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni prayata
yen ngandhut.

4. Latar
a. Papan
1) Omahe Lik wakijo.
- Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa.
- Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
2) Omahe Agus
Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep.
3) Omahe Sri
Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune.

b. Wekdal
1) Esuk, awan, sore.
Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong.
2) Sore
Sorene aku pamit mulih dhisik.
3) Dina-dina candhake.
Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Wayah awan.
Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene.

c. Suasana
1) Seneng
Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga sing
nyanyi sambi gitar-gitaran.
2) Kisinan.
Aku mesem kisinan.
3) Kesiksa.
Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Ngalamun.
Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun.
5) Nesu
kuwi jenenge srei, iri, sirik, nesuku metu.
6) Kaget
- Meteng? aku sansaya kaget.
- Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut?
Dhuh gusti...
7) Gugup.
Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan.
8) Bingung.
Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh.

5. Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first
person peripheral) amargi paraga aku biasanipun namung dados pambiyantu utawi
pengantar paraga sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos Bunga Desa Agus
minangka paraga aku dados pambiyantu paraga Heni ingkang dados paraga utami.

6. Gaya basa
a. Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
b. Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
c. Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang
lambene kabeh nom-noman. (Hiperbola)
d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung.
(Purwakanthi guru swara)
e. Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit.
(Rura basa)
f. Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)
g. Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing
disebut yo Heni. (Hiperbola)
h. Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku
dadi aku ora komanan apa-apa. (Paradoks)
i. Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
j. Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye?
(Purwakanthi guru swara)
k. Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)

You might also like