Wayang kulit ngrupikaken satunggaling kasenian tradisional jawa
ingkang kalebet kesenian tuwa kadamel saking cucal utawi kulit kewan kados sapi, mendho, uga kewan sanes kagem mujutaken tokoh ing pewayangan. Para ilmuan anggadahi penggalih bilih kesenian wayang kulit sampun dipun gunakaken dening masyarakat jawi kagem satunggaling hiburan tebih sakderengipun agami Hindu lan Budha mlebet wonten ing tlatah Jawi. Kisah lan cerita wonten pamentasan pewayangan ingkang sae ndadosaken kesenian menika salah satunggaling cara kagem nyebaraken kebecikan kados tatanan saha hukum-hukum ing masyarakat. Mboten kaget menawi agami ingkang mlebet ing tanah jawi kathah nggunakaken kesenian tradisional menika satunggaling cara anggenipun nyebarake piwulanganipun. Kados cerita pewayangan ingkang kita ngertosi samenika kathah ingkang nyitakaken dewa saha ajaran agami saking negari India kanthi lakon kang terkenal nun injih Mahbharata perang Baratayudha. Menawi kula pnjenengan sami tinggal wonten cerita menika anggadhi satunggaling pokok kanthi nyebaraken piwulang kagem gesang ingkang sae dening hubunganipun kalian sesami makhluk ugi hubunganipun kalian kang Maha Kuasa. Perkembangan jaman lan tatanan gesang wonten masyarakat samenika saestu sampun minggiraken kesenian wayang kulit saking tlatah hiburan. Perkembangan teknologi langkung-langkung elektronik saestu saget ngilangaken tradisi Jawi menika saking tlatah Jawi.