You are on page 1of 4

TUGAS CERKAK BAHASA JAWA

DISUSUN OLEH
Rr. RETNO KUSUMANINGRUM
XI MIPA 3
ARIANTI!
Jenengku yofi, saiki aku kuliyah ing surabaya lan wis
semester enem. Aku duwe kanca raket jenenge Arianti.
Bocahe ayu grapyak tuk semanak marangv sapa wae.
Dheweke kuwi yen dakbiji beda klawan kanca-kanca
mahasiswi wedok liyane. Macake prasaja lan ora neka-neka.
Ya,sing kaya mangkono kuwi kang tansah narik kawigatenku.
Ayu ne katon alami tanpa pulasan. Senajan antarane aku lan
dheweke kenal akrab banget. Aku njupuk jurusan basa daerah.
Dene arianti njupuk jurusan biologi. Anggonku bisa kenal
akrab klawan dheweke senajan beda jurusan, amarga aku lan
dheweke padha seneng marang jagading photographi.
Arepa kaya ngapa wekasane aku kudu percaya yen tresna
kuwi tuwuh jalaran saka kulina. Saka anggonku tetepungan
lan kerep dolan bareng kanggo objek poto. Shitik baka shitik
wninih tresna wiwit thukul lan ngrembaka ing atiku.
Ananging nganti seprene aku durung wani mblakake rasaning
atiku menyang dheweke. Anane aku ora wani mblakake
rasaning atiku iki jalaran saka akehe crita sing daktampa saka
kanca-kancaku liyane.
Kerep banget aku krungu crita yen ana sesambungan
kekancan antarane kancaku lanang dalah kancaku wedok sing
wis suwe rumaket duumadakan bubar sawise kekarone
medhot pacaran. Saurunge kekarone pacaran anggone
kekancan rumaket banget. Malah bisa dikandhakake kaya
sedulure dhewe. Nanging bareng pacaran kanggo sawetara
wulan lan wekasane kudu pedhot ing tengah dalan,
sesambungan kalorone malih grembyang. Sing biyene akrab
malih dadi ala banget. Malah akeh sing kaya-kaya dadi
mungsuh utawa api-api ora kenal. Ngaca saka kene iki tansah
njalari aku wedi ngucapake rasaku menyang dheweke. Aku
ora pengin ngrusak sesambungan kekancaku klawan Arianti.
Senajan wis kenal nanging ana siji sing durung
dakmangerteni saka Arianti. Tekan seprene aku isih durung
ngerti kana apa dheweke seneng banget njupuk potret gambar
kewan. Mligine kewan sing jenenge banyak. Sejatine aku wis
nate takon kena apa dheweke seneng banget marang kewan
kuwi.
“wujude lucu,” wangsulane kuwi aku ngguyu dhewe.
Amarga aku ngguyu sawise krungu wangsulane kuwi njalari
dhewe. Amarga aku ngguyu sawise krungu wangsulane kuwi
njalari dheweke ora trima lan njiwit bangkekanku kanthi
jiwitan kang cilik banget . cetha wae aku kelaran merga
jiwitane kuwi. Ngerti aku kelaran lan nyekeli bangkekanku
sing mentas dijiwit kuwi ganti arianti sing ngguyu cekikian.
Ah, kaya ngapa senenge atiku bareng ngerti dheweke ngguyu.
Rasa jiwitane sanalika kaya ilang bareng aku ngerti pipine
kang dhekik lan gingsule kang katon rikala dheweke ngguyu.
Arep ora ngguyu piye jajal,hla kewan sing duwe gulu
dawa sing yen nyuwara unine ngak..ngak..ngak,lan
kandhangkala kerep ngepung wong sing arep liwat ana ing
cedhake kanggo disosori mosok dikandhake lucu. Yen
kanggoku pribadi ora lucu nanging medeni. Pancen kewan
sing jenenge banyak kuwi kadhangkala digunake kanggo
njaga omah, dening manungsa amarga patrape sing kaya
ngono kuwi.
Kaya padatan yen ngepasi dina minggu lan kebeneran
aku utawa dheweke ora mulih. Papan sing tak tuju bareng
arianti yaiku taman kutha. Ing papan kono akeh banget
sasawangan kang endah. Ing taman kutha kang dedunung ing
sacedhake terminal kuwi ana maneka jinis kewan lan
tetanduran. Mula ora nggumunake senajane papane ing tengah
kutha,swasana lan hawa ing papn kasebut rinasa adhem sarta
seger . kahanan sing kaya mangkene iki uga kang ndadekake
papan tersebut kerep digunakake kanggo papan plesiran
kaluwarga,nom-noman,utawa komunitas-komunitas tinamtu.
Yofi, mengko awan watara jam sepuluh ing taman kutha
bakal ana pertemuan komunitas pecinta burung. Saka kabar
sing daktampa ing kana bakal ana sing kewan-kewan saka
manca. Mengko mrana ya!Sms-e arianti marang aku
Ya gampang.ning mengko rada telat sithik ora papa ya?
Mergane ili aku isih ana perlu sithik,balesku lumantar sms.
“Heleh,perlu apa

You might also like